Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 25 Agustus 2024 06:17 WIB)
(Cerita Cendhek) Alan-Alan
Alan-Alan
Dianggit ring Moch. Nur Rofiq
Tekane bengi nyirep mata, pandome jam hang ana ring bucu umah melaku edheng- edheng sing ana mandhege, muteri angka hang jejer muter sing ana watese, kaya dene urip iki. Urip hang sing bisa diwatesi sak liyane mati, sing adoh disawang mata, mata hang magih durung bisa merem kaya ati iki, hang sintru lan wingit ngerasakaken sepi. Katon kebul-kebul welek ring umah welit pucit puthuk pinggir desa, telempik hang obah-obah edheng kegawa silire angin, adheme angin dalu melebu ndelesep liwat bolongane gedheg hang butul-butul. Katon kinangan ring parek pupuhe wong wadon hang wis tuwek rambut putih rewegan, urip dhewek sing ana kancane. Mung ana suwara kodhok hang ngorok lan suwarane jangkrik hang ngerik. Ring pinggir umahe, ana jurang hang tenget keliwat tenget. Disawang jurang iku wangune panggonane para alus. Ana wong hang diabani sing sepisan pindho. Ana hang diabani jare sundel bolong, gandaruwo, lare cilik pelayonan lan sak piturute. Kadhung wis mangkat dalu abane ajag jenggang-jenggong, mecah suwara sintrune bengi.
Embah Lebuh arane. Randha tuwek hang urip dhewek. Sawangane wong kadhung liwat ngarep umahe kaya-kaya Embah Lebuh iki urip ambi para alus. Sing ana hang wani suwi-suwi ring puthuk iku kerana jare nyambeti. Taping beda ambi Embah Lebuh. Wingite hawa ring phutuk iku wis dadi kancane sedina-dina. Seliyane biyasah dikongkon uwong nambani anake hang kesambet, emeh sabendina Embah Lebuh urip ambi pirang-pirang lembar godhong Jarak. Godhong Jarak hang temepel nggerembel ring mburi umahe dadi cekelane Embah Lebuh kanggo nambani sapa bain uwong hang ditempleki para alus. Sak liyane iku iyane dadi uwong tuwek-tuwekane ring desane, angger ana hajatan utawane wong selametan hang sipate ngeregani leluhur njaluk pitulung nyang Hang Maha Kuwasa, Embah Lebuh hang tukang njangkungi lan ndongani.
Sing sepisan pindho Embah Lebuh tarung nganggo cara goib ambi golongane alan- alan uga para alus. Mergane alan-alan iki mauka sing terima, paran hang dadi kekarepane dialang-alangi nyang Embah Lebuh. Tau, Embah Lebuh nambani lare cilik hang kesambet. Wangune lare iki kesambet teka sumber. Pirang-pirang dina lare cilik iki sing bisa turu, awake panas, matane gampang mendelik. Kadhung wis kumat paran hang ana ring pareke dicakari. Wong tuweke lare mau nekani Embah Lebuh. Sedurunge gadug, Embah Lebuh wis weruh kadhung lare iku ditempleki alan-alan utawane para alus. Wis kaya biyasahe ana lare gedigu Embah Lebuh sakkal nyelindhut ring mburi umahe, njuwut godhong Jarak.
Saktekane umahe, jin hang temepel ring awake lare iki ngamuk, kedrang-kedrang. Sing kathik kakehan ngomong, Embah Lebuh nggebros-nggebrosaken godhong Jarak ring awake lare hang kesambet mauka. Jarak magih sing makan, pungkase Embah Lebuh ngeprosaken dubang ring lare cilik mau. Sing kathik nganteni suwi, lare cilik mauka sakkal aron. Naming alan-alan hang mari diusir Embah Lebuh sing terima.
* * *
Bang-bang kulon wis sing katon maning unyike, manuk kuntul pating miber bareng sak kancaan, miber milu melaku nyang lakune samarwulu. Katon sepi puthuk umahe Embah Lebuh. Sing dinyana lan sing dirasa, ring njaba umahe Embah Lebuh mejugrug wong gedhi dhuwur sak umbrukan. Kulite cemeng rambute dawa aju nggimbal pisan Jeglang... jeglung… jeglang… jeglung, abane sikile alan-alan mauka, hing terima nyang Embah Lebuh mergane iyane wis diusir teka ragane lare cilik sore.
Embah Lebuh wis kerasa arep ana gandaruwo. Iyane sing meneng. Embah Lebuh nggawa tepis ambi bawang putih. Jangkahe sikil gandaruwo wis ana ring ceracabane lawang. Embah Lebuh sing wedi sithik-sithika. Umahe Embah Lebuh diurag-urag. Embah Lebuh metu lan nantang. Lambene cemit-cemit.
Embah Lebuh lungguh silah, kayane iyane melebu nyang alam jin. Ring kana tukar antarane Embah Lebuh ambi gandaruwo mau. Kaya padha ampuhe, naming kerana Embah Lebuh duwe kesakten hang sing tau diweruhi sapa bain, Embah Lebuh ngacungaken tepise mendhuwur ring langit, ambi cemit-cemit. Teka kidul elor wetan kulon semelepat angin hang keliwat gedhine. Gandaruwo mau hing ngatasi ilmune Embah Lebuh. Gandaruwo digebrosi tepis, tangisan sampek njaluk sepura. Pungkasane, gandaruwo mau ngucap janji, sing arep nggudha menungsa maning, ambi wekas kadhung seumpamane nak metu bengi aja metu pas samarwulu, alan-alan padha metu.
Dina ganti dina, serngenge ambi ulan wis koncar-kancir metu melebu madhangi donya. Kaya sipate Embah Lebuh nulung wong hang metu melebu umahe.
Soren iku, hun dileng Embah Lebuh magih lungguh nong pelancane. Njuwut godhong suruh, enjet, gambir diperekes aju dilebokaken cangkeme. Dubang dikecrutaken nyang paidon. Kaya hing ana paran-paran. Kaya sing tau ana alan-alan ngoreg umahe.
Siji wekase Embah Lebuh, aja pisan-pisan ngganggu kadhung sing kepingin diganggu. Alan-alan mula sing katon ring matane menungsa, taping paran hang dadi tingkahe menungsa alan-alan bisa ngeweruhi, lan bisa nggudha utawa ngamuk nyang menungsa. Pokoke wayah-wayah hang dadi metu lan lakune alan-alan, menungsa iki kudune ngarti wayah lan sing celandhitan tangan lan lakune. Paran maning ring papan panggonan hang wingit, kaya tah alas, kebonan, kuburan lan sakpiturute. Paran maning wayah samarwulu, wayah alan-alan padha tangi teka turune, melaku-melaku sak enake.
“Mbah,” abanisun.
“Paran Lik?” semaure Embah Lebuh ambi njuwut sisige.
“Niki ngateraken suruh ambi enjet,” hun semauri. Kala-kala mula isun ngateraken suruh, enjet, lan gambir kanggo Embah Lebuh.
“Ye, Hun tanggo ana hang kesambet. Taping sapa hang nong amplokanira iku?”
“Amplokan pundi Mbah? Kula dhewekan...”
“Menenga bain nong kene, ana hang njaluk digebrosi iki.”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.