Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 07 Maret 2021 06:38 WIB)

(Cerita Cendhek) Anak Lanang


“Mak, Kula emong sekolah!” abane anak lanang.

“Apuwa Lik?” takone emake ambi cepak-cepak mangkat megawe. “Nak dadi paran Sira sing gelem sekolah iku? Ayo gancang mangkata!” ujare emake maning.

“Ya pokoke emong!” anak lanange mempeng.

Emake meneng, apake hang rungu ana suwarane anak lanange ngomong iku marek, aju ngomong edheng-edheng,

“Apuwa tah Lik? Ana hang nggawe bangkel tah?” anak lanange meneng bain. Apake mula keliwat sabar ngadhepi anak-anake seprene. Sing kariya ngamukan kaya apake kancane hang paceke dhemen nguwel anake.

“Tah gurune ana hang nguwel nong sekolah? Utawa ana pelajaran kang sing Sira dhemeni?” takone apake maning.

“Anu.. Kula mboten nggadhah kanca teng sekolah niku ya Pak..” saure anak lanange edheng. Apake munyik, ambi ngelus rambute anake apake ngomong,

“Lik, ya engko suwi-suwi yara ana kancane. Arane bain buru melebu ring sekolah anyar, sing kabeh kanca bisa milu nyang sekolah hang padha, paran maning iki buru pindhah ring kompleks anyar adoh teka umah hang bengen, ya kabeh tangga lan kanca anyar pisan yara? Apak bengen ya gedigu, pungkasane kancane Apak tambah akeh. Kanca hang lawas tetep bisa menganan bareng, malah bisa menganan pisan ambi kanca ring sekolah anyar.”

“Tapi Pak, kanca hang anyar niki beda nggih. Madak kaya kanca-kancankula bengen teng sekolah SD kang biyasah menganan bareng. Endane lare SMP niku ngoten tah?” Jawabe anake magih sing umik. Apake meneng bain, digeningaken sulung anake hang magih mempeng. Apake nguwani kode nyang emake supaya nggeningaken sulung.

Jam wis emeh gadug nyang angka 6.30, biyasahe jam semene lare-lare wis padha siyap arep mangkat sekolah. Anak penggarepe wadon wis kuliyah ring kutha liya, anak keloro sekolah SMA ambi kemunjilan magih SD ya wadon pisan. Saiki karo-karone wis siyap arep mangkat sekolah. Anak papat mula mung siji lanange, jare uwong-uwong mula gawan aleman kerana dadi anak lanang siji-sijine kang tepak magih nong njero weteng diarep-arep anak lanang, serta lahir ya dadi dieman-eman. Taping jare engko kadhung wis tepak benere, bisa dadi uwong hang kuwat nyangga tanggung jawab nyang kabeh dulur wadone.

“Ayo Dhik, ndane gedigu bain sing gelem sekolah?” abane emboke ngajak adhike mangkat sekolah.

“Ya Rika bengen enak Mbok, kancanrika SD ana sak sekolahan SMP dadi ana kancane," saute adhike sing gelem kalah.

“Yeeh, tapi ya padha bain Dhik, madak sak kelas tah. Kanca sak kelas ya anyar kabeh, paling mung tepak ngaso bisa menganan bareng. Saiki pindhah sekolah ya kancane Emboke ya anyar pisan ra..”

“Halaah.. Kakang iku kari getap aak..” abane adhik kemunjilane nggeredho.

“Aja nyamah!” berake kakange ambi mendelik nyang adhike.

“Heeeh... mangkat wis!” emake mberak teka njero kamar.

“Wis, wis.. ayo mangkata, iku montor antar jempute wis teka!” abane apake teka teras ambi maca koran.

Embok ambi kemunjilane agage pamit nyang emake aju metu pamit pisan nyang apake. “Mangkat nggih Pak.. Assalamu’alaykum..” abane jak loron emeh bareng.

“Iya wis, sekolah kang apik,” wekase apake.

“Enggiiiihh.. madak kaya Kakang nika taah...” saute kemunjilan rada anter, seja makene rungu nyang kakange hang sing gelem sekolah.

“Hush.. wis kana..” ujare apake ambi ngempet unyike. Mula anak kemunjilane iki rada dhemen nggeridho nyang kakang lan emboke, kadhung emboke wis paham dadi sing dadi ati, taping anak lanange kang magih SMP umure sing kariya akeh selisihe ya rada gampang ngamuk kadhung digeridho nyang adhike.

Umah wis rada sepi, emake ya wis mangkat megawe, apake siyap-siyap pisan arep menyang kantor. Ndileng anak lanange magih meneng bain, iyane mareki maning.

“Lik, urip ring donya iki mula sing mesthi kabeh kaya kang Sira kepingini. Yong kabeh uwong duwe sipat, pethithet lan kekarepan dhewek-dhewek. Endi bisa Sira ngongkon kancanira kabeh melebu nyang sekolah hang padha? Uwong urip iku nggawa dalane dhewek-dhewek, kabeh iku mau nuju nyang panggonan gaduge cita-citane dhewek-dhewek pisan. Acake pikiren, kadhung Sira sing sekolah, anu paran ring umah? Kabeh kanca memengan ya padha sekolah yara? Terus kadhung Sira sing gelem kenal ambi kanca anyar, aju kelendi kadhung engko kuliyah ring kutha liya kaya embokira iku? Adoh Apak Emak, adoh dulur.”

“Kula mboten ajenge sekolah teng kutha liya," saure anak lanange.

“Paran maning gegigu, berarti Sira kudu dadi lare hang kuwat, engko Apak Emake wis tuwek sapa kang nyetiri nyang endi-endi, ngurusi umah iki, njaga adhikira, ngganteni ngurus usahane Apak pisan. Yara?”

“Ya wis, dina iki sing kathik sekolah sing paran-paran, engko Apak pamitaken nyang gurune. Tapi aja memengan, tetep sinauwa. Iku mau Emake wis nyepaki panganan, madhanga aju sinau. Apak nyang kantor sulung.” wekase apake sedurunge melaku nyang kantor. Anak lanange mung manthuk.

Sing suwi sakmungkure apake, anak lanang sarapan aju marek iku gelintingan nong ngarep tivi. 

Mara-mara ana mambu sing enak, amis, banger kaya kegawa angin. Alise anak lanang njureng, mambu paran tah wis kari nyenget ring bacot iki? Saya suwi saya bacin. Anak lanang nggoleti asale mambu iku teka endi, kayane teka mburi. Melaku memburi, mara-mara ana angin anter kaya nak nerak awake. “Wuuusshh!”

Sing suwi kaya ana suwara teka undhak-undhakan nuju umah panggung hang ana ring parek pawon. Suwara iku kaya abane uwong ngongsrong mari munggah mudhun undhak-undhakan ping kaping-kaping, kongos-kongos.

“Hoooh... hooohh...”

“Sapa iku?” takone anak lanang. Sing ana kang semaur, taping suwarane uwong kongos-kongos saya anter, mambune hawa saya banger. Anak lanang melaku nuju nyang undhak-undhakan arep ndileng, gadug kana persis ana ring bucu peligukane ana uwong tuwek ngadek temungkul kaya kekeselen arep munggah nyang umah panggung.

“Ndika sinten? Gok enten teng griya apakkula?” takone anak lanang maning.

“Isun hang nunggoni umah iki saben dina wayah kabeh padha sekolah lan megawe. Anu paran Sira nong umah wayah mene?” suwarane wong iku mau tanpa nulih nyang anak lanang.

Anak lanang rada mikir, gok iyane sing weruh gok apake ngongkon uwong jaga umah iki, ndane kerana buru pindhah dadi iyane durung weruh? Gedigu nawi, pikire.

“Niki ambune napa tah, kari bacin?” takone anak lanang maning.

“Oooh.. nawi ambune iki ya Lik?” jare wong iku mau ambi muter awake madhep nyang anak lanang.

“Paaakkk... Emaaakkk... ana jerangkooongg!! Tuluuuunggg...” anak lanang mberak, nyeluk apak emake melung-melung.

“Dhik.. dhik.. tangiya, ngipi tah?” abane wong lanang nggugahi.

Anak lanang tangi langsung lungguh, magih kemeringet, jantunge magih dheg-dhegan. Nong ngarepe ana Man Ajat, tukang kang megawe mbecikaken umah kang buru dipanggoni iki.

“Enggih Man..” saure anak lanang edheng.

“Iku mau pantese Emake lali kompor magih murup, sampek gempung jangan tombole wih, emane Paman tepak megawe nong kene," ucape Man Ajat,

Anak lanang magih kegawa ngipine, pikire, “Kadhung sing ana Man Ajat kesuk ngipi kecaruk wong tuwek raine bolong dhadhane berek akeh boroke mau kelendi? Kadhung mung ngipi, kadhung temenanan njumbul kelendi? Kesuk nak menyang sekolah bain wih, akeh kanca nong sekolahan timbang ning umah dhewekan.”

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf