Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 17 November 2024 11:01 WIB)
(Cerita Cendhek) Bu Ratna, Guru Matematika
BU RATNA, GURU MATEMATIKA
Dianggit ring Nur Aini
“Bu, sepuntene. Niku hang niku kok. Sepatu niku kan mboten wonten kelir saklintune cemeng. Taping kok kinging rampas sih?” abane lare kelas sepuluh protes ning panggonane guru ambi nduding-nduding sepatu duwene iyane. Arane Ina. Larene cilik dhuwur. Ayu.
“Kadhung sepatu keneng rampas artine sing sesuai ambi aturan sekolah!” ucape teges.
Dina iku ning Aliyah, sakwise upacara mula dianakaken inspeksi mendadak ning 7K. Ina, lare kelas sepuluh IPS 1 ya adhem ayem bain. Penganggonane ya wis rapi. Kasute wis nganggo hang dhuwur sedhengkul ngalah-ngalahi wong arepe tembung. Sepatune wis disemir sakat dina minggu. Kelire sakliyane cemeng ya nana liyane maning ring sepatune. Pikire Ina, iyane mesti aman mergane wis naati aturan. Eh sing ngertiya tetep keneng rampas. Byek, ya Ina sing terima temenan. Kirane tawis, paran hang dadi sebabe?
Lambene Ina mecucut. Iyane melaku lendhu teka panggonane guru nuju ning kelase seru sing semangate. Melaku cekeran sing nganggo sepatu, mung kasutan bain kaya wong hang arepe njoget gandrung.
“He, apuwa kok sing nganggo sepatu? Keneng rampas ta?” takone Akbar ning Ina.
“Iya, keneng rampas!” semaure Ina ambi mbethuthur.
“Keneng rampas ambi guru hang endian, Na?” Rizki milu-milu nakoni Ina.
“Keneng ning guru wadon hang lakunane kaya wong lanang kok. Embuh sapa arane sing ngerti. Pokoke uwonge dhuwur, dhempag, tasemakan. Katone ngamukan. Wis gedigu ya, saktemene Isun iki kaju ning uwonge. Sepatunisun iku ra kelire wis cemeng, apuwa kok keneng rampas? Ana hang sepatune peleret putih kok sing dirampas pisan! Yara nakalan!” Ina sambat ning kanca-kancane.
“He Ina, sulung ta. Hun ngerti guru hang Rika maksud. Arane Bu Ratna, iku Na. Guru Matematika kelas rolas.” Rizki ngeweruhi. Ina manthuk-manthuk. Akbar milu-milu manthuk-manthuk masiya tah sing ngerti hang arane Bu Ratna iku hang endi uwonge.
“Jare, Bu Ratna iku mula keras wateke. Kaku. Wis gedigu larang eseme. Sing tau gemuyu. Pokoke aja macem-macem. Lalare hang tambeng urusane ambi Bu Ratna. Disambel ukurane Na. Iku jare lalare kelas rolas. Isun sing ngerti dhewek,” Rizki njangkepi omonge.
“Isun mau protes ning panggonane kana ya, Ki,” jawabe Ina.
“Byek lare iki, njaluk disambel Bu Ratna,” ucape Rizki
“Ngawuran. Isun yara sing tambeng. Merana iku kan mung protes,” saure Ina. Ya hang aran protes iku sing paran-paran. Kadhung rumangsa bener disalahaken ya mula kudu protes. Mungne kadhung wis rumangsa salah terus sing gelem disalahaken, iku karepe dhewek arane.
“Dheh, gawenane Rizki iku meden-medeni bain mula. Maninga hang magih jare-jare ya disampekaken bain. Jare iku jarang benere. Rizki kemeruh ketangana. Ina iku bener wis protes. Barangan ya kene ngerti dhewek sepatune Ina iku kelire cemeng. Bisa bain Bu Ratna iku mauka hang keliru,” jelase Akbar ngedhem-ngedhemi.
Lare ketelon; Ina, Akbar, ambi Rizki wis mungkasi gesahane. Kadhung sing agage dipungkasi aju nana juntrungane. Ina ambi Rizki melebu sulung ning kelas. Akbar magih lungguh-lungguhan ning ebuk ngisore uwit epoh ambi kanca-kanca kelas liyan.
***
Iki wis melebu jam pelajaran kawitan. Pelajaran Bahasa Indonesia. Hang mulang guru aseli bakungan, arane Bu Putri. Bu Putri iku pawakane kaya sang-sangan. Nganggo kelambi paran bain pantesan. Wis gedigu uwonge enom, ayu, sabar pisan. Sak liyane iku wonge ayeman. Maksude iki sing gupuhan. Miturut ceritane semasa kuliyah, akeh kanca-kancane hang kerep ngganti arane Bu Putri dadi “PW” merga keayemane hang seru sing ana tandhingane. Celukane wayah dadi mahasiswa iku mauka ya magih dienggo sampek iyane dadi guru saikiki.
“Iki endi hang mulang sih? Leren mampir ning endi endane? Kok sing teka-teka!” Silpi, ketua kelase sepuluh IPS 1 wis mangkat umet dhewek sing kakaruwan. Melaku ngulon-ngetan ngulon-ngetan nganteni Bu Putri. Merana salah merene salah. Dikongkon meneng ya sing gelem-gelem temenan.
“Sil, lungguha bain tah wis. Hang tenang. Engko ra Bu Putri teka!” ucape Rizki. Iyane wis sing betah nyawangi Silpi ngulon ngetan sing mari-mari.
“Embuh lare iki. Kari dhemen kesel ya!” ucape Mayang kanca sebangkune Silpi.
“He lungguha-lungguha!” Abane Akbar ngaban-ngabani teka ngarepe lawang. Kanca-kanca lanang hang tanek lungguh-lungguhan ning ebuk ngisore uwit epoh wis padha semembur sulung-sulungan.
Kahanane kelas sepuluh IPS 1 hang sing ana gurune pating rame karepe dhewek. Ning pojokan kelas lalare lanang padha nggerembel jak akehan. Ana hang tabuhan meja, ana hang nyekeli sapu dienggo gitar-gitaran, ana pisan hang bagian gendhingan. Ning ngarepe meja guru ana pisan lalare wadhon pating ngungkung ndileng pilem teka laptop. Rada memburi sithik, ning ngisore kipas ana lalare hang gesah-geshan padha cekakakan. Dikongkon meneng ya sing keneng. Diabani Akbar kongkon padha lungguh ning panggonane ya sing ana hang agage mekakat.
“Ana sapa sih Bar?” takone Silpiambi ngendekaken lakune.
“Iku kok, ana guru arepe merene. Medeni wis peraenane. Kayane arepe ngamuk.”
“Lah, endane meneng-meneng ana guru hang ngamuk merene. Kari aclak ag kanca siji iki. Acake nak ndileng.” Silpi hang sing percaya ambi omongane Akbar, agage intep-intep ning lawang. Mastekaken temenan lan singe.
“He wis, aja diterusaken Sil. Aja intep-intep ning lawangan. Nawi ketelutukan terus diuwel kapok Sira! Nuruta ambi Isun sepisan bain.” Silpi sing ngerungokaken omonge Akbar. Iyane nerusakane niyate. Merga sing lega ngintepe, lawang wera ukuran rong meteran hang dieneb ning Akbar aju diengek ning Silpi. Eh, serta diengkek guru hang digesahaken Akbar wis njenggelek ngadeg ning ngarepe mata. Silpi kancilen. Iyane agage melayu ning panggonan lungguhe.
“Sapa ketua kelase!?” abane guru wadon iku seru wantere. Iyane ngadeg ning lawangan ambi malangkerik nyekeli gagangane sapu kedhuk. Kelas hang maune rame lare ngobos, tabuhan, ambi gendhingan sak kancaan dadi cumpleng nana abane.
“Yaiku Bu Ratna, Bar. Hang ngerampas sepatunisun,” abane Ina bisik-bisik.
“Ha?” Akbar hang lungguh ning mburine Ina pungkasane sing rungu.
“Ih lare iki kari sing runguan ya! Ina iku ngomong, Ibu iku hang ngerampas sepatune Ina! Guru hang jare Sun arane Bu Ratna kok Bar.” Rizki kanca sebangkune Akbar njelasaken. Akbare manthuk-manthuk paham.
“Byek, aseli. Peraenane wonge kari medeni,” Akbar ngomong rada anter.
“Ssssst. Menenga. Aja kari anter. Nawi rungu wonge!” ucape Ina ngilingaken Akbar.
“Sapa ketua kelase?!” Bu Ratna takon sepisan maning. Abane hang teka lawangan iku saya diwanteraken. Diteges-tegesaken.Taping Silpi hang magih kancilen sing agage mara. Pungkasane Bu Ratna mutusi melebu kelas terus jujug ning mejane guru sebelah kulon. Kursine diered ngetan terus dilungguhi ngadep ngalor. Mergane singana hang ngacung sapa ketua kelase, Bu Ratna dadi nduding-nduding lare sak kenenge. Lalare hang wedi keduding ana hang apen-apen maca buku, ana hang tulis-tulis. Ana pisan hang temungkul ning nduwure meja. Eh pungkase cerita, dudingane Bu Ratna iku mau mandheg ning adhepane Ina. Ketangana Ina iku lungguhe ning kursi ngarep dhewek. Seperana-seperene mesthi iyane hang keneng sasaran wis. Serta Ina hang keneng, lalare kelas pating meteki dhadhane. Ngucap syukur Alhamdulillah merga dheweke sing keneng dudinge Bu Ratna.
Ina agage mara ning Bu Ratna. Iyane diejak metu teka kelas.
“Nyak, sepatune. Sepurane Bu Ratna hang keliru. Biyasah Beng, meripate wong tuwek kadhung kepantar panas iku, ndileng kelir cemeng dadi kelir biru,” ucape Bu Ratna ambi ngelungaken sepatune Ina. Ina nerima terus gemuyu. Bu Ratna, guru matematika hang jare karas uga kaku ya milu gemuyu.#
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.