Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 30 November 2025 08:06 WIB)

(Cerita Cendhek) Dhayoh!


(Cerita Cendhek) Dhayoh
Dianggit ring Oyek Setro
 
    Soren iku hawane kerasa ongkeb. Mangka langit katon dherem. Naming sampek Asar emeh entek, sing mangkat-mangkat udan. Katone ana uwong hang duwe iwuh, mangkane disarang geningena sing ngerusak acarane.
    Ngilangaken keringet hang derodosan ring awak, isun dhogolan lungguh ring kursi dawa ring ngarepan. Sing lali uga ngurupaken kipas angin cilik. Ambi ngerasakaken silir-silire angin teka kipas angin, isun nyawang ana kupu hang melebu ring umah. Kelire nyenengaken, paran maning dhung ditempukaken ambi kelire selambu cendhela ngarep, sangsaya endah.
    Katone kupu iku buru bain melethek teka enthunge. Seriwine katon magih wutuh. Iyane katon girang, mibar-miber ring antarane lepitan selambu cendhela. Kaya-kaya sing ngereken dhung ana cecek hang terus marek.
   Lincahe kupu iku ngelik-elik matanisun. Kaya lamunan kala dhewekan lungguh ring kursi dawa sakmareke sembayang Asar. Matanhun terus nguber nong endi kupu iku miber. Mara-mara isun enget, dhung ana kupu melebu umah jare arep ana dhayoh hang teka. Bener tah using, isun dhewek sing paham. Serange isun penasaran, isun takon nong kupu.
   “He kupu, tekanira merene iki nggawa kabar arep ana dhayoh teka nong umahisun?”
    “Isun mula diutus kanggo mapag dhayoh hang arep teka”.
   Isun kelunjuk. Bener tah hang muni iku mauka kupu? Ana tah uwong liya hang sing sun weruhi. Sing sadhar, isun nulih ngiwa nengen. Taping sing ana sapa-sapa. Mung ana isun lungguh dhewek ring kursi dawa ambi kupu ring selambu cendhela.
    Sun terusaken takon maning nong kupu, masiya isun magih katon kaya wong linglung.
    “Sapa hang arep teka?”
    “Ya pokoke akeh."
    “Ana perlu paran iyane teka merene?”
     “Delengen engko bain wis,” jare kupu ambi terus miber. Kadhang iyane menclok ring lepitane selambu cendhela, sing patiya ngibukaken isun hang magih bingung.
     Nujoni isun magih kebelinger, weruh-weruh ring umah wis akeh dhayoh. Yaiku tangga-tangga parek lan uga dulur-dulur parek. Iyane kabeh ujug-ujug katon kaya kedandapan melebu ring umah. Isun katon ana salah sijine dulur hang sakkal meluk rabinisun lan anakisun ambi mesesegen. Iyane kabeh kaya sing ngibukaken isun hang magih lungguh ring kursi dawa.
    Isun sangsaya linglung. Hang maune mung ana isun lan kupu, ujug-ujug wis ana dhayoh sakmono akehe. Maning kabeh dhayohe teka ambi nangis.
    “Wis teka?” salah sijine dulurisun takon.
    “Durung ... iki magih ring dalan teka rumah sakit”.
    Isun sangsaya kebelinger. Ana paran sak benere. Kabeh dhayoh hang teka ring umah sing ana hang ngereken isun. Malah nujoni isun takon, kabeh kaya-kaya sing ana hang ngerungokaken. Kabeh padha iwuh ngerijigi ngarepan umahisun. Kursi lan meja dietokaken, uga kursi dawa hang sun lungguhi. Weruh arep dietokaken, isun sakkal ngadeg. Pelanca hang sedurunge ana ring kamar, diendoh pas ring tengah bale mujur ngalor ngidul. Ana uga hang gupuh nggoleti Ketua RT. Ana hang gupuh njuwut timba gedhe ambi selang. Ana hang pamitan metu arep tuku kembang lan kain ring pasar. “Ana kedadeyan paran setemene iki, kabeh uwong gok sing ana hang nyemauri pitakonanisun”.
     Sing sampek setengah jam, ana suwara sirine ambulan berak-berak mareki umah. Mula adohe umah ambi rumah sakit sing sepira.    
     Ambulan mandheg pas ring ngarepan gang melebu ring umahisun. Serehne gange cilik, ambulane sing bisa terus melebu. Masiya gange cilik gedigu, ana bain lare-lare nom-noman hang nyeput nunggang sepidhah montor ring gang iku.
    Tau salah sijine tangganisun bentrok ambi tanggane dhewek kerana anake nyeput ring gang.
   “Jerangkong.. sing duwe aturan. Ring gang cilik nyeput.”
    Wong tuweke lare iku kerungu lan sing terima atine kerungu celathu hang ditujokaken nong anake. Pungkasane wong tuwek padha wong tuwek tukar padu. Taping bisa dimarekaken ambi Ketua RT. Kedadeyan kaya gedigu wis dadi sega jangan ring kampungisun hang padhet.
     Sakkal uwong-uwong hang lungguh dhirik ring ngarepan umah ngadeg. Teka njero ambulan, petugas ngetokaken tandhu hang ring ndhuwure ana uwong hang ketutup kemul rumah sakit.
     “Sapa hang ditandu iku?” isun takon nong salah sijine dhayoh hang ana ring sandhingisun.
    Balik maning isun sangsaya linglung. Tangga hang sun ajak ngomong, blas sing nyaut. Matane tetep nuju ring beleger hang ketutup kemul rumah sakit. Sak wetara kupu magih tetap katon nggelandhot ring bucune selambu cendhela.
   Teka njero umah, hun deleng rabi lan anakisun melayu ambi nangis. Isun kelunjuk nujoni kemul dibukak ambi rabinisun. Kaya keseterum isun njenggirat lan ngagetaken kupu hang ana ring selambu.
    “Apak ... aja ninggal Isun,” anakisun nangis seketane.
    Rabinisun sing kalah nelangsane. Tanpa bisa dicegah maning, beleger hang ana ring ndhuwur pelanca iku dipeluk rapet. Tangise sangsaya ngeremet ati. Sing sithik dhayoh hang ana ring kana milu netesaken iluhe.
    “Kang ... apuwa Rika kari cepet ninggalaken Isun. Ale Isun hang suwi engrik-enggriken, apuwa Rika hang mangkat sulung. Sapa hang ngengetaken Isun ngombe obat. Sapa hang mijet Isun tepak Isun hing bisa turu. Sapa hang ngelus rambutisun geningena bisa cepet kesirep."
    “Uwis ... iklasena. Kabeh iku wis ketulis. Aja Rika tangisi terus, geningena bisa lancar lakune lakinira,” jare ustad hang ngajar ngaji ring masjid kampung.
    “Nubengi magih ngelus-elus rambutisun sak uwise nguwani Isun obat. Sampek Isun kesirep. Ngarepi Subuh, iyane ngetokaken keringet adhem. Keringete terus derodosan sing mandheg-mandheg. Andhuk cilik hang sun enggo nyeka sampek kepus gebles. Sak kala iku sun tilpun adhik. Weruh kahanane lakinisun kaya gedigu, sakkal adhik nggawa lakinisun nong rumah sakit”.
    Kalingana hang turu ring pelanca iku isun. Jasadisun katon sembujung kaku ring ndhuwur pelanca dilemeki kelasa sing kathik bantal. Teka gesahe tangga-tangga, temakaken isun mati pirangane jam kepungkur ring rumah sakit. Isun keserang jantung ndhadhak. Ihtiyar mertamba ring rumah sakit kalingana sing ana asile. Kesulungan jantungisun mandheg bangete isun digeledhek melebu UGD. Isun magih durung keuthik dokter belaka.
   Serehne kepingin ngerti jelase, isun takon maning nong kupu hang sakat mauka gesah ambi isun. Taping anehe, saiki kupu iku sing semaur. Iyane mung miber ngubengi isun. Kadhang menclok ring bau kiwa lan sak teruse mencelok ring selambu cendhela.
   Tepak akeh uwong hang arep nyuceni jasadisun, ana kedadeyan ring ngarep umah. Pamanisun muring-muring. Juru kunci makam njaluk picis, kanggo mbukak makam. Para warga uga milu muring. Hang dienggo alasan kerana sing ana KTPne hang mati.
    “Miturut aturan, kanggo nguburaken jasad ring kene kudu lengkap surat-surate. Uga kelebu KTP, ” jare juru kunci hang keminter iku.
    Kalingana kedadeyan hang kaya gedigu wis biyasah dilakoni ambi juru kunci. Tugase njaga makam didadekaken kesempatan kanggo nggolet picis. Ale teka yayasan iyane wis ulih bayaran ulanan. Tugase mung ngerijigi suket makene sing dhuwur-dhuwur. Sing ana tugas kanggo njaluk biyaya nong keluwargane hang mati.
     Setemene isun arep ngewarahi gok KTPnisun ana ring map njero lemari.Tapi isun enget maning, isun iki ra wis mati. Ya sing kira bisa ngewarahi. Pungkasane sun sampekaken nong kupu hang ana ring selambu, mangka isun ngerti kupu iku uga sing bisa nyampekaken ring uwong-uwong. Sampek rada suwi kabeh padha pating padu.
    “Mula KTP-ne sing ana, taping iki yara magih ana Kartu KK-ne. Ale Sira uga kenal ambi hang mati. Hang mati iki uga warga kene dhewek”.
   “Aturane mula kaya gedigu,” jare juru kunci hang sing tamat SD iku.
    Emeh bain kedadeyan gasakan antarane warga ambi juru kunci. Warga hang milu muring wis ancang-ancang ngangkat sekrop, ganco, pacul lan perkakas liyane. Paman hang ana ring kana ihtiyar ngedhem-ngedhemi warga hang muring.
    Makene sing tambah dawa urusane, dulurisun hang megawe ring kecamatan ngetokaken picis atusan ewu rong lembar. “Iki ra hang Sira jaluk”.
    “Sepurane sedurunge, iki dudu kanggo Isun. Iki kanggo gantine KTP. Engkisuk Sun laporaken nong yayasan”. Eseme para warga katon dhung rada ngenyek. Juru kunci iku ambi munyik melaku nuju kuburan lan mbukakaken pager kuburan.
     Ambi ndhudhuk, sikepe juru kunci dadi bahan gesahe para warga. Teka gesahe warga, katon pethithete juru kunci. Kelendi iyane njaluk picis nong wong hang nyekar, tanduran ring kuburan diadoli.
   “Kabeh iku dadi cathetane yayasan, kari nganteni tanggale bain. Kari nganteni gantine. Dhung wis ana gantine, iyane wis mesthi ditendhang,” jare Ketua RT.
     Sak wetara iku, ring umah wis mangkat nyucekaken jenasah. Timba-timba gedhe disi banyu kebek lan didelehi kembang telon. Gagang godhong suruh disiyapaken dienggo ngerijigi kuku. Sabun, andhuk, lenga wangi, kapas, kayu cendhana, kabeh sing lali disiyapaken.
    Dalan cilik ring sandhing umahisun dibelat kain kiwa tengen kanggo nyucekaken jenasah. Banyu buwangane nyeja diilekaken ring got pas ring ngisore kursi kanggo mangku jenasah. Kabeh wis diatur kaya gedigu supaya lemah ring ngarepan umah sing lejeg, jalaran ring kana akeh dhayoh hang lungguh ring kursi.
   Mudin wong mati hang megawe ring pasar ihlas nutup dagangane kanggo tugase nyucekaken jenasah. Ambi nganggo kelambi koko, kethu cemeng lan sarung hang diangkat mendhuwur, mudin mangkat njuwut siwur.
   Temetese banyu teka siwur nggawe rainisun kerasa adhem. Merambat terus sampek sak awak. Sakkal isun mberejag tangi kala siwur hang kepindho nelesi rainisun. Isun kelunjuk ndeleng akeh dulur-dulur teka Surabaya hang ngadeg ring sakubenge kursi dawa panggonanisun turu.
     “Wis arep Magerib magih turu bain. Ayok gancang njuwut wuduk aju melaku nang mesjid,” jare pamanisun.
    Isun magih katon linglung, ana paran sak benere iki. Ring mbale akeh dulur teka Surabaya hang jare buru teka nunggang montor dhewek.
    Matanisun pating mandengi dulur siji-siji. Sekala iku isun enget ambi kupu hang ngaku ditugasi mapag tekane dhayoh. Cumpu kupu iku magih katon mencelok ring bucune selambu cendhela. (**)

(Banyuwangi, Januari 2023)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor