Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 08 September 2024 09:50 WIB)
(Cerita Cendhek) Donya Aherat
Donya aherat
Dianggit ring Nur Afandi Alamauddin
Tepak dina Minggu isuk ring elore desa Kelir Kalipuro, katon saya tentrem, ayem kaya wong hing duwe utang. Mara-mara enget ambi riwayat kala semana isun magih sekolah ring Madrasah Tsanawiyah Negeri Penataban. Saben dina ngeliwati wates desa ambi ndileng nong perapatan wong seliweran ngalor ngidul ngetan ngulon golet penguripane dhewek-dhewek.
Hing kaya kanca-kanca liyane hang diateraken wong tuweke, isun nunggang sepidhah pancat nyang sekolahan. Saben isuk kudu seregep ndileng ban lan rantene merga arep dienggo melaku nyang sekolah kira-kira pitung kilo. Kadhung ana paran-paran nyang sepidhah iki ya isun dhewek hang sara.
Ring njero ati, mula ana rasa iri nyang lare-lare hang diateraken wong tuweke, ana pisan hang nggawa sepidhah udhug dhewek. Taping isun ya ngarteni gok isun wis hing duwe wong tuwek. Bisa sekolah ngetan (nyang kutha) bain wis sukur, muji nong Pengeran. Abane Emak magih hun enget-enget: “Lik kadhung ndileng donya nuliya nang ngingsor, taping kadhung ndeleng aherat, ndilenga nyang ndhuwur, makene duwe rasa sukur.”
Mung omongan iku hang saben-saben hun enget-enget, dienggo cekelanisun makene kuwat ngelakoni urip gedigi.
Saben isuk melaku nggawa sepidhah, rasane angin isuk nampes rainisun, rasane kulit seger kaya ditembluki ebun hang saben isuk nyapa suket-suket nong kebonan. Hing sepisan pindho isun tembluk kesereb teka sepidhah merga dalane lunyu lan akeh kerikile. Sing kerasa kesel kadhung wis enget nong sekolahan, mancat ambi ngenget-ngenget pelajaran hang wis hun sinaoni bengine.
Sing suwi gadug sekolahan, ndeleh sepidhah, sing kerasa rambut hang wis hun tata apik kaya rambute Pak BJ Habibie, semerawut sing karu-karuwan kaya wulune pitik hang marek tablukan. Gancang hun becikaken, merga isin dideleng kanca-kanca wadon hang liwat nong ngarepe parkiran. Cumpu kancanisun Hari Wibowo wis teka sulungan nong parkiran. Rambut cemeng, diolesi sithik lenga wangi rambut, lungguh nong sepidhah pancat tuwek. Yaiku Hari, lare lanang hang perasanisun sing tau gengsi, paran anane, lan jujur ning kelakuwane. Ambi lalare kadhang diceluki kaya wong tukang adol iwak lemuru.
Melebu kelas jam 07.00 unine bel wis rungu, lare-lare padha jenggirat melebu kelase dhewek-dhewek. Pak Hisom hang ngajar pelajaran Bahasa Indonesia mesthi ngongkon isun mimpin donga. Sak kelas ana nawi lare 45, taping hang saben-saben dadi guyu yaiku Andika. Perawakane cilik, gering, cemeng, lan hang mbedakaken ambi lare liyane yaiku, rambute hang ditata kaya jambule pitik lanang Jawa. Yudi hang awake gendhut mesthi nggeredho Andika hang biyasah diceluki acot.
Dina iku tepak mulih sekolah, lalare semembur metu kelas. Ana hang melayu mengarep lawang kori sekolah, ana hang nyang parkiran. Hun dileng Yudi kaya nguwel Andika hang mberebes mili. Hun parani lare loro iku.
Andika api-api sing nangis, iluhe diusapi tangane. Taping matane abang sing bisa disengidakaken gok iyane mari nangis.
“Ana paran?” takonisun.
“Sing paran-paran,” jawabe Andika.
“Jeh... aja gedigu roh nyang kanca. Apuwa Andika?”
“Sing ana paran-paran,” jawabe Andika, ambi setengah kembit-kembit.
Isun magih sing percaya. Hun tulihi bain lare loro iku siji-siji. Mara-mara Andika hang cerita.
“Using Lik, sorene maning Isun cerita nyang Yudi gok Emakisun seru sekakene, aja maning picis sekolah. Dienggo mangan bain mung cukup sedina sepisan.”
“Ya Alloh Andika,” semaurisun ambi ngerangkul lare jak loron mau. Pungkasane jak telon nangis kabeh. Cumpu hang urip susah hing mung isun, batinisun. Isun ya mberebes mili rungu ceritane Andika.
“Iki mau Yudi nggawakaken Isun picis ulihe nyelengi setahun iki. Picis hang anggone dienggo melaku-melaku nyang Surabaya. Jare nawi bisa dienggo Emakisun dodol dhanggoreng.”
Hing nyangka, lare hang saben-saben nggeridho Andika, cumpu atine kari apik. Isun sakkal enget omongane emak, kadhung pekara donya ndelenga mengingsor. Isun magih terima nyang Pengeran, ana lare hang uripe lebih sara timbang isun. Kadhung aherat, ndelenga mendhuwur. Kapan isun bisa kaya Yudi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.