Anggitane: Putri Nurul Azizah
(Minggu, 14 Februari 2021 08:57 WIB)
(Cerita Cendhek) Ilange Ropiah
“Beng! Muliha Beng! Wis surup,” emake Ropiah nyeluk. Ropiah magih selulupan nong pesisir sing ngereken emake hang berak-berak.
“Sira iki kari cengkal, gage muliha!” emake Ropiah nggawa sutil ambi malangkerik mareki Ropiah.
Lare iku mung katon endhase polae wedi nyang emake. Sedurunge awake metu teka banyu, tangane emake wis nyelolor nyethut.
"Mangkane tah Sira iki aja pati cengkal. Wis diwarah soren-soren aja adus nong pesisir. Arep Magerib iki Beng, digawa dhemit kapok Sira." Ropiah mesesegen.
Ropiah melayu nong njero umah. Mula umahe Ropiah sing adoh teka pesisir. Kira-kira mung 100 meter adohe. Apake Ropiah wis lungguh nang pelanca ngarep umah. Kaya siyap nguwel anak wadone. Mula bener, apak lan emake Ropiah rada keseron nyang anake. Taping Ropiah ya seru tambenge. Kaya sing ana getune. Ale sikil lan pokange akeh hang mbiler kerana dicethuti. Ya kaya saiki, iyane sampek kepuyuh-puyuh merga apake nyethut lan menthungi sikile Ropiah. Dudu kerana mung adus pesisir taping ya gara-gara Ropiah wis sing ngaji rong dina iki. Nggarahi apak ambi emake muring bain. Ropiah mangkat saben marek Magrib taping ustade laporan gok Ropiah sing ngaji. Ropiah malah mangkat ndeleng layar tancep ring lapangan ambi kanca-kancane.
Magih ambi nangis wayah Ropiah diedusi emake. Ambi mesegegen lare iku dikelambeni aju diwedhaki kandel, putih sing rata. Marek gedigu dikongkon turu makene apake sing muring maning.
Gedigu uripe Ropiah, urip nyang pinggir pesisir. Dadi anak pupon. Bengene emake weruh gok ana uwong hang ndeleh bayi ring wong dodol jeruk. Kisuke emake njuwut bayi iku dirumat dhewek, diarani Ropiah. Kerana emake Ropiah ya sing duwe anak sampek tuwek seperene.
Dudu sing welas taping wong tuweke nyelathoni Ropiah makene sing tuman, sing tambeng. Taping Ropiah hang wis kelas telu SD kaya sing ana menenge masiya wis ditembeg lan diuwel. Magih bain cengkal lan tambeng.
***
Isuk iki Ropiah memengan pasir dhewekan. Dina Minggu kanca-kancane padha ilang. Ambi ngenteni apake teka segara, iyane api-api dodolan gula.
“Maaaak, Mak Niiii!” Ropiah jenggirat. Bik Jum teka ambi nyeluk emake. Ana Siti, kancane Ropiah, nyang sandhinge Bik Jum ambi munyik-munyik.
"Ana paran Sira merene Sit? Jare memengan ambi liyane nyang lapangan?" takone Ropiah.
"Iki ya, Isun arep dijak Bik Jum nyang kantor pos. Jare arep ngirim surat. Sira ya arep diejak, kerana Sira lebih weruh ambi gedigenan." Rungu omongane Siti, Bik Jum nulih nyang Ropiah.
"Iya Rop, Sira gelem tah sing?” Ropiah bingung. Sakdurunge emake ngidini, iyane sing bisa mangkat.
"Apuwa Jum? Isun magih nggoreng iwak,” omonge emak ambi metu teka umah.
“Isun arep nggawa Ropiah sulung. Sun ejak nyang kantor pos, iki Isun arep ngirim surat taping Isun sing weruh ambi carane." Ropiah nulihi emake. Emake magih mikir, sedurunge manthuk ngidini.
“Iya wis gawanen. Balike aja kesoren. Lare iki kudu ngaji." Ropiah seneng ulih idin teka emake. Sakwise salaman, Bik Jum, Ropiah, lan Siti melaku ngulon nunggang becak. Kantor pos ambi umahe Ropiah ya rada adoh. Kudu ngeliwati pasar hang seru ramene. Iku hang nggarahi suwi.
Taping wayah parek kantor pos, becak hang kudune mandheg malah nerotos. Ropiah lan Siti dadi bingung. Setemene arep dijak nyang endi?
"Bik, jare Ndika arep nyang kantor pos. Kok diliwati,” takone Ropiah.
"Sulung, Isun arep nyelang picis nyang kancanisun hang nang terminal." Ropiah lan Siti manthuk-manthuk. Ambi muyab nyang dhuwur becak, Ropiah lan Siti girang bisa melaku-melaku gedigi.
Sing suwi, Bik Jum nuntun Ropiah lan Siti mudhun teka becak. Iyane golet montor cilik hang magih lompong. Marek digu ngenteni wong-wong melebu montor cilik pisan. Montor cilik mangkat ngadohi terminal. Ropiah tambah bingung, jarene Bik Jum arep nyelang picis. Tapi kok kudu nunggang montor cilik sulung?
“Arep nyang endi iki Bik? Apuwa nunggang montor cilik sulung?” takone Ropiah. Siti manthuk-manthuk. Iyane padha bingunge kaya Ropiah.
"Sulung, anu, Bik Jum arep tuku barang nyang pasar Rogojampi." Ropiah lan Siti magih bain percaya. Bik Jum mula tangga wis suwi. Dadi arane lare cilik ya sing ana rasa curiga.
Rasane kaya adoh seru, ale teka Blimbingsari sampek Rogojampi. Ropiah lan Siti sampek kesirep ring montor cilik. Sing weruh kadhung wis oper tunggangan. Kawitane becak, montor, pungkasane dadi bis. Tambah gedhi tunggangane, tambah adoh dalane. Embuh paran hang Bik Jum karepaken ambi lare loro iki. Arep digawa nyang endi ya sing ngerti.
“Bik, gadug endi iki?” takone Siti ambi mbukak matane. Ropiah hang keju boyoke milu tangi.
"Lah, kok nunggang bis Bik? Setemene arep nyang endi iki?” Bik Jum sing nyaut. Serngenge wis nyang dhuwur endhas. Nggarahi uwong hang melaku-melaku nyang njaba kaya kobong rasane. Taping beda ambi hang ning njero bis. Sing ongkeb taping bingung. Ropiah ambi Siti magih sing ngarti arep digawa nyang endi, muga bain sing paran-paran.
***
Ring umahe Ropiah, emake mangkat hing enak atine. Wis emeh soren taping anake durung balik nyang umah. Iyane kepelayon goleti hang arane Bik Jum taping sing ana hang weruh.
"Kelendi sih? Rika iki kok bisane ngeculaken lare cilik ambi Jum?” celathune apake Ropiah. Iyane marek balik teka segara, nggawa iwak. Taping rungu anake durung balik.
"Jum bain Kang. Sapa sing weruh bakal kedadeyan gedigi. Yong pamitan nyang kantor pos,” saute emak.
"Ana paran Mak?”
“Kok bisa gedigu?”
“Dhuh kari sekaken Mak Ni.”
Tangga kiwa tengen hang rungu celathune apake Ropiah aju metu teka umah. Nakoni Mak Ni hang saiki nangis kerana anake sing mulih-mulih. Serngenge wis lingsir. Mari gedigi ulan hang ganti panggone. Langit magih padhang taping ulan wis jumbul.
"Aju kelendi iki? Apuwa Rika ngidini Ropiah sih?” apake magih celatu.
"Ya kelendi Kang, omonge mau mung nang kantor pos. Sapa hang weruh gok dadi gedigi. Bik Jum ya sing katon mari nggawa Ropiah ambi Siti,” saute Mak Ni.
Wong-wong padha sekaken nyang Mak Ni. Ana hang ngelus-ngelus boyoke, ana hang cerita gok kelendi kirane Ropiah ilang, ana hang keponthal-ponthal arep lapor nang pulisi. Uwong mumet tambah seru gara-gara kahanan rame kaya pasar rosokan.
Kadhung gedigi Mak Ni mung bisa ndonga. Muga bain Ropiah bisa gancang mulih. Iyane katon getun kadhung enget saben dinane Ropiah sing mung dicelathoni. Ditembeg, dicethut, sampek besem kabeh. Salah sithik ditembeg, salah akeh dadi gempung. Mangkane Ropiah ya cengkal, diwarahi sing keneng. Tapi kelendi-kelendiya Ropiah tetep anake. Sak tambeng-tambenge lare, kadhung ilang gedigi wong tuwek lan wong sak kampung ya bingung.
Rungu-rungu maning Bik Jum iku wong wadon hang doyan utang. Enget iku, pikirane Mak Ni tambah sing karuwan. Kelendi kadhung anake diedol kaya cerita ring tipine tangga? Utawa dikongkon ngemis nang pinggir dalan kaya cerita nang layar tancep soren? Dhuuh ... Pikiran ngeleyang nggarahi banyu mata mili hing mari-mari.
***
Hing kerasa, mara-mara bain Ropiah lungguh nyang bakul sega pecel. Embuh saiki iyane lan Siti nang endi. Bolak-balik munggah lan mudhun bis. Ropiah mung bisa tulih-tulih nggoleti tulisan, nawi ana aran desa hang bisa dadi tengeran iyane nang endi saiki.
"Iki mangan sulung, makene sing elom,” Bik Jum ngelungaken piring loro isine sega pecel. Ropiah ambi Siti nerima, taping magih bingung.
"Setemene Isun ambi Siti, arep Ndika gawa nang endi Bik? Iki wis adoh yuh, wis soren maning. Emakisun engko nggoleti Bik,” abane Ropiah.
"Using Beng. Eh iya, Sira coplok gelang alit, kalung, ambi anting-antingira Beng. Makene sing ilang kadhung melaku maning mari gedigi,” embuh ana paran, Siti manut bain. Ropiah sing duwe mas-masan ndileng kancane nyoplok barang cilik taping duwe rega gedhi iku. Mula Siti anake wong sugih. Magih sing weruh, karepe Bik Jum. Bik Jum ndeleh mas-masan iku nang kain cilik sedurunge dilebokaken nyang tas.
Marek mangan, Ropiah ambi Siti dituntun maning, rada adoh teka warung. Bik Jum mandheg lan madhep Ropiah ambi Siti.
“Rika jakloron nang kene bain. Aja nang endi-endi. Isun arep njuwut picis nyang kana. Iku umahe nang gang iku. Dadi Sira aja nang endi-endi sulung,” abane Bik Jum. Marek iku, iyane nyabrang dalan lan melaku melebu gang. Edheng-edheng awake ilang dipangan dalan.
Ropiah ambi Siti aju lungguh, nganteni Bik Jum balik. Taping, hang dianteni sing kira teka. Kerana, sing ana umah kancane Bik Jum nang gang iku. Rada suwi, Ropiah mulai sadhar kadhung iyane diapusi. Endane uwong nyelang picis sampek jam-jaman. Dina wis ngarepaken dalu. Kadhung Ropiah ambi Siti sing balik, mesthine mbelaheni nang pinggir dalan hang sepi, paran maning dalu.
"Kelendi carane awak dhewek kudu balik Sit. Iki wis dalu. Mesthine uwong-uwong bingung nggoleti awak dhewek,” Ropiah ngomong nang Siti.
“Taping kelendi Rop? Awak dhewek sing kenal ambi uwong kene. Isun bain sing weruh iki nang endi,” semaure Siti.
"Ayo ayo, padha ndeleng layar tancep nang lapangan Blimbingsari! Film hang arep diputer bengi iki yaiku ‘Si Buta dari Gua Hantu’. Hang sing ndeleng mesthi rugi. Ayo ayo padha ndeleng bengi iki!” siaran teka montor iku sakkalan nggarahi Ropiah berak-berak. Ropiah kenal ambi hang nyetir, biyasahe Ropiah njaluk gratisan ndeleng layar tancep nyang uwong iku.
"Man! Man! Mandheg Man!” hing suwi weruh ana hang berak-berak, montor mandheg nyang ngarepe Ropiah ambi Siti.
“Lah Beng, Sira apuwa nang kene?” takone uwong hang dadi supir. Iyane kaget kerana ana anake tanggane nyasar sampek adoh nang kene.
"Isun digawa Bik Jum ya, Man. Embuh saiki nang endi Bik Jum. Untung Ndika siyaran iki, nawi Isun sing bisa mulih,” pungkasane Ropiah lan Siti mulih nunggang montor siyaran layar tancep.
Mula adoh antarane umahe ambi panggonan iku, marek Magrib buru gadug umah. Teka kana, uwong hang rame-rame nang umahe Mak Ni pindhah ngerubungi Ropiah. Mak Ni tambah tangisan merga anake bisa mulih. Siti dicelathu emake.
"Maning-maning Sira ngeloproh ya. Makene sing bisa mulih temenan kapok Sira,” celathune emake Siti.
"Sepuntene Mak,” abane Siti ambi nggelandhot emake.
“Aju Bik Jum nang endi saiki Beng?” takone salah siji uwong.
"Sing weruh ya Bik. Mau iku abane arep nyelang picis nang kancane, aju Isun ambi Siti ditinggal nang pinggir dalan. Oh iya, mas-masane Siti mau dijuwut Bik Jum ya,” semaure Ropiah.
"Mula sing bener wong iku. Makene wis, hang penting Sira ambi Siti wis mulih. Mas-masan sing ana regane gok dibandhingaken ambi nyawanira jakloron. Maning Sira iku kadhung diwarahi aja cengkal, manut makene selamet.” saute emake Siti.
"Enggih Mak,” saute Ropiah lan Siti bareng.
Mak Ni magih sing bisa ngomong paran-paran. Iyane magih sing percaya gok tanggane dhewek nyolong anake. Bisa-bisane Bik Jum nggawa anake lan njuwut mas-masane Siti. Kadhang uwong parek bisa dadi ula.
(Putri Nurul Azizah, rong taun kepungkur tepak magih SMP nulis antologi cerita cendhek basa Using Sisik Melik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerpen Putri
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)