Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 20 April 2025 06:06 WIB)

(Cerita Cendhek) Isuk ring Taman Blambangan



(Cerita Cendhek) Isuk ring Taman Belambangan

Isun ngerasa saya umur saya ilang rasa kedonyan. Ya kelendi, arepa melaku merana merene tenagane wis kemplut. Arepa panganan hang menging dudu rabinisun maning taping penyakit.
   Kaya rujak soto, janganane, ragi kacange, jeroane nggadug cangkem seru enake. Engkisuke dhengkol merga asam urate munggah.
   Rabinisun mung kari munyike ndeleng isun kelaran melaku terantanan golet cekelan makene sikil-sikil hing kesenggol paran-paran. Ketang penyakit asam urat iki yuh, aja maning kesenggol, dienggo meneng bain magih cenut-cenut rasane kaya wong keseleyo.
   Rabinisun wis hing omes maning menging, dadi nggeningaken. Tau menging, hun warah, umur wis kari sithik makene wih mangan paran bain makene hing katon-katonen mbisuke.
   "Acake tepak Hun digotong nyang kuburan taping ngilur rujak soto, kelendi aju hang metek," saurisun. Saya kerasa dadi wong tuwek, hang penting njawab. Cengkal. Wong liya iku hing ana hang weruh, isun hang paling weruh. Dadi ambi isun, aja kemeruh.
   Rabinisun wis hing tau nguwel maning. Paran hang hun karepi diiyani.Tau tepak nong kemantene anake Dhik Sumitro ponakanhun, isun ngincling dhewek milu antri nang pondhokan hang sedhiya kambing guling. Lalare enom ambi pasangane munyak-munyik ndeleng isun. Hun takoni, "Apuwa munyik?"
   "Niku...lakinkula niki wedos kadhung kalih wedhus. Sungkan akibate niku nggih," jare lare wadon iku ambi munyik.
   "Halah sangking lakinira iku durung tuwuk," hun jawab.
   Isun malah dikongkon maju nong antrian ngarepe sulungan.
   "Wedi akibate mau tah aju gancang mulih," hun semaur.
   Jak loron ngakak bareng.
   "Bisa bain Anang iki ak," jare hang wadon.
   Rabinisun aju teka nong sandhingisun. "Enget umur Kang," jare rabinisun.
Isun semaur: "Iya wis emeh pitung puluh taping wedhuse magih enom. Magih ana akibat."
   Lare lanang wadon mau munyik ambi ndeleng matane rabinisun.

*  *  *
  Isuk iku dina minggu langite tawang.
  "Isun melaku nang Taman Belambangan ya?" pamitisun nyang wong wadon.
  Taman Belambangan saiki wis enak. Terotoare wera bisa dienggo wong-wong tuwek melaku edheng-edheng. Sak umuranisun, magih bisa muter ping papat ping lima. Kemeringet wis.
   Lalare enoman bisa ping kaping-kaping. Mbelayu emeh sak dawane pinggir tegal. Saiki enak merga hing dipageri, dadi bisa olahraga nong tengahe.
   Bengen Taman Belambangan iki dipager wesi keliling. Dibukak kadhung ana acara kaya salat Idul Fitri Muhammadiyah. Jare salat Id kaya sunnahe nang tegal gedigi. Nabi Muhammad kadhung nang Medinah, hing gelem salat ring Masjid Nabawi.
   Isun sak keluwarga nggelar kelasa dhewek dienggo jak akehan. Isun mesthi njaluk nong pinggir elor polae kadhung wis mudhun sembahyang, bisa ndeleng nong ngarepe Masjid jamik Baiturrahman belanggur disumet munggah lan meledhos ring ndhuwuran taping katon kewela-wela ring pinggir elor Taman Belambangan.
   Ring pagere Taman Belambangan pinggir elor iki tepak isun cilik lan magih melebu ring SD Tegalloji II kerep nggeridho wong edan arane Eno. Masiye sak kancaan cilik kabeh, hang arane Eno hing wanen ambi lare cilik-cilik hang dhemen nggeridho.
   "Ayo nyanyi...nek enggak tak kethak," ambi basa Jawaan.
   Eno gancang nutupi endhase hang gundhul wedi dikethuk ambi gendhingan, "Pik...empik...pik...empik."
   Sak kancaan ngakak sak kuwate. Merga lalare cilik diuwel kadhung ngomong rusuh taping hing paran-paran kadhung hang ngomong wong edan.
   Hing kerasa wis ulih sak ubengan. Kurang loro bain genep wis. Woh, telu kok genep? Wong Using ngitung paran-paran kudu ganjil makene genep. Rujak lobok pitu iku pedhes, kadhung lobok wolu kalah pedhes ambi hang pitu. Durung genep kadhung durung ganjil.
   Kanggonisun telung puteran bain cukup wis. Pokoke sikil iki bisa melaku. Jare dokter, tuwek dikawiti teka sikil. Kadhung sikile hing tau digawe ubah, saya cepet tuwek.
   Isun wis rada kemeringet. Gadug wetane candi kerasa anget disiram sunare serngenge. Mandheg sulung. Pengeran ngewani Banyuwangi sunare serngenge hang kawitan ring pulo Jawa. Dadi kudu dimanpaataken seru.
   Marek caring kira-kira limang menit, awak rasane kaya ngentheng-ngenthengaken. Isun melaku maning, buru ulih telung jangkah, wong-wong padha berak-berak. Ana hang tuding-tuding.
   Lalare enom padha gancang ngerubung. Isun kepaksa balik, hun deleng ana wong hang gemeletak ring suket-suketan.
   Pantese wong tuwek hang hing kuwat maning melaku.
   Teka sela-selane sikile wong-wong hang ngerubung hun deleng, isun kaya kenal nang raine. Rambute magih cemeng kabeh durung metu uwane ditutup capil rimba werna cemeng.
  "Iki dudu wong kene kayane," jare salah siji lare hang nulungi.
   "Iya, Isun ya hing tau katon bacote jogging nong kene," jare sijine.
   Isun kaya diseren wong-wong hang arep ngerubung. Naming kok isun hing serendengan?
   Hun emataken maning kaose padha ambi hang hun enggo mau isuk, kaos polo cemeng hang diuweni kementrian pariwisata hang ana tulisane Wonderful Indonesia. Celana traininge ya padha pisan. Hun deleng sepatune, padha pisan. Aju raine hun pandeng maning, alise, matane, bacote, cangkeme, jenggote hang buru dicukur rong dina kepungkur. "Alakemas".

  
    

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor