_Jamaah_Using-66361.jpg)
Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 21 Juli 2024 08:15 WIB)
(Cerita Cendhek) Jamaah Using
Cercen: Jamaah Using
Dianggit ring: Hadin Wijaya
Kaya biyasahe, iku kok lare Kampung Arab iji iki kadhung marek Isyak ngopi ring ngarepe terminal, kadhung using ring warung lesehane Pri Lateng.
Lalare nyeluki Moh, taping jare uwong-uwong aran dawane Mohibur Al Aclaki bin Talpen bin Talpus, peraenane digu iku wih, rambut kerinting ukel-ukelan sak merica-merica, kaya wong nyuwun welasah, matane kaya mendelik, bacote dawa, mangkane diarani Moh Acot. Paceke kadhung Moh teka hing kelalen arane salam. Taping marek digu, cerita entek ngamet gubab kabeh, iku hang dadi dhemene lalare ngerungokaen kadhung Moh ngomong cerita, mesthi wih ana hang nanggap, embuh Bus, embuh No Kakik kadhang Wak Imik. Pokoke tumbu ulih tutup padha muyab kabeh.
Jam wis rada dalu, warunge Pri wis diebeki lalare ngopi ambi main jit (kartu remi, mung cathetan hang kalah ngucut), hing suwi kerungu suwara: “Assalamualaikum...”. Ana hang njawab “Wa alaikumussalam.” Ana hang nggerundel, ana hang rasan-rasan. Abane Irik, “Byalak...! Teka wih Acot ai.” Hang jare Bus, “Tukang gubab teka maning.”
Jare Joni:”Hib[1] , sudah mandi tah...?”
Semaure Moh ambi munyik kecut: “Jeh....! Ana[2] sontog nanti yah..jadi mandi, raup pun tak kober, ya sudah hibbbb, ini tadi habis tahlilan di rumahnya Habib yak. Eh...! Ente ini jangan jit terus ta....sekali-kali mikuta serakalan biar dapet berkah,” jare Moh, tepak udele bolong.
Hing suwi, nulih hang dodol: ”He...Pri, ana kopi cingkir aja, ini kali tak makek gula Lik.... Ustad tadi itu ceramah, katanya kalo minum kopi tak make gula itu obat.”
“Berapa Lik kalo cingkir tak makek gula?”
Meja Jit pinggir wetan nggerundel kaya cenggeret abane ngerasani Moh.
Jare Bus:”Diwarah walaiti Acot ini, kopi durung dicanthing wis ditawa[3] yak.”
Jare No: “Yaaaaiku yak, digu njaluk melebu suwarga yak.”
Jare Joni: “Dah Hib....biar dibikin dah, rega[4]nya nanti aja.”
Dasar Moh, masiya digu kupinge rungu hing tau ngamuk, iku dhemene lalare nggacah Moh.
Jare Pri hang nggawe kopi: “Jangan pelit-pelit Lik, nanti biar masuk ke surga, ente ara tajir, masiya telung ewu hing paran-paran wih Moh.”
“Jeh... makek gula tiga ribu, tak makek gula juga tiga ribu, tak lama lagi ente bisa naik haji ini Priiii..., kari walaiti ente ini yak Pri...kapan ente beramal itu.”
Jare Wak Imik hang ndoprok ring mburi, ”Kalo tak mau ya bikina sendiri dah Moh di rumah.” “Rakseee[5]...” abane Moh ambi munyik.
“Endhak ceramahnya Ustad tadi itu yak, buat kita semua ini, sangaaat, suangaaat bagus. Ente tau No....kopi itu kalo tak makek gula, diminum lagi hangat, ternyata melancarken jantung yak.”
“Ini Moh kopinya, ente tak makek gula,” jare Pri ambi nyuguhaken pesenane Moh.
“Eh...Hib, sawak[6] ta ini, rakse,” tangane Moh ambi nampani patehan cingkir kopine.
“Byek kari harum. Bener ustad tadi itu Lik, Ana belum minum, baru baunya aja matanya ana sudah melek yak,” jare Moh ambi matane dipendelikaken, kaya jerangkong.
Enak-enake nyeruput kopi hang magih panas iku, matane Moh melilik kethip-kethip ambi ngerasakaken kopi pait hang sak umur-umur buru ditiliki, serta kopi keneng lambene, arane gorokan antarane melebu tah using, kopi iku dieleg bain, mari digu lambene kecap-kecap ambi ngenget-enget ceramahe ustad hang jare: "Pokoknya ente, kepingin sembuh minuma kopi...kopi....ingeta yah...tanpa gula. Insya Allah sembuh, tapi sehari dua kali aja, pagi ama sore....dah cukup. Jangan kayak sohibnya ana, minum kopi dibikin air putih yak. Murakbal itu ara..."
Batine Moh, “Byek....kari pait yuh...! Taping mari ngeleg kopi, bida maning hang diomongaken.
“Weleh.., rakse betul Hib, badan ana langsung kayak muda lagi yak,,,,mugaalah umura panjang Ana ini..sehat terus iku polae, ara iya Hib,” matane ambi ngelirik Pri.
“Iya Hib Aamiin,” abane Pri, arane hang nduwe warung, paceke ngegongi omongan langganane.
Hing suwi maning ana suwara, teka ndhuwur becak keloron: “Assalamualaikum....ahlan habar Ente Hib... kari lama Ente tak njumbul-jumbul, dimana aja ente Moh?”
Jare kuping hang rungu, salah sijine Bus,”Kok Amak ambi Said, maning teka wih...sohibe.” Amak ambi Said iki, hang siji acot hang siji pesek cemeng, polae hang pesek pendarungan ambi keturunan Arab, keloron pegaweyane padha: makelar!
“Jeh, Ente yang lama tak pernah nampak! Ana saben dalu main di sini....tanyakna tah ama Pri.”
Pri, ambi ngudhek teh, manthuk-manthuk thok, tapi nong njero atine, "Aclak". Polae Moh mula arang merono, taping ring terminal.
Uwis, jamaah ketemu jamaah ceritane ndadi. Pri nambahi nggelar kelasa, polae lungguhane wis ebek. “Minum apa Hib berdua?”
“Endak[7] Lik.. sulung ana mintak air putih hangat aja dulu yah?” jare Amak.
“Ana tadi di stadion habis ngopi yak. Iya daah...sama dulu..air putih hangat,” jare Said.
Ambi ati legawa, Pri, njuwutaken rong gelas, banyu putih anget.
“Ini Hib,” abane Pri nyuguhaen, “Biar tak masuk angin minumen dulu dah.”
“Alhamdulillah mugaalah tetep garusa warungira Pri,” abane Said. Hang Amak: “Lama-lama Pri ini tambah gagah.” Pri ngarti Amak ngalem polae kadhung mung banyu putih, hing bayar.
Amak ngawiti cerita: “Weleeee....kemarin Ana Moh (ambi oh-e didawakaken), ama Said ini, hampir tajir!”
“Apa..apa, gikmana[8] ceritanya?” Jare Moh.
“Weleh. Getun Ana Moh, itu, tanahnya Pak Pur yang di Pakem, cobak jadi, byek! Homsa mia[9] di tangan dah. Itu gara-gara pembelinya wurung, katanya lagi kedukaan di Jember, Abahnya meninggal. Ahirnya fulus[10] dipakek selametan dulu, naguuud ara, padahal Ana sudah mau beli jukungnya Pak Titis yak.”
“Kemarin itu, kalok jadi, paling tidak mia homsinan[11] di tangan dah Moh,” jare Amak ambi nyekeli bathuke, nduduhaken ulihe getun.
“Jeh..., kalo mia homsinan terus yg salasa homsin[12] gikmana?” Moh takon.
“Ada satu lagi sohib pendengar...sebenernya tak mekut-mekut[13], tapi ana ngalor...ngedul...nginthil terus yak. Nagud. Dollah itu, nggarai apes aja yak.”
Dadi Dollah hang sing weruh paran-paran disalah-salahaken, batine Pri.
Meneng-meneng udude Moh dijuwut iji ambi Amak, ale nong esake dhewek ana bungkuse udud ndelesep. Yara kembang terong arane.
Hing suwi, Said ya gedigu, juwut pisan, ambi ngomong, ”Eh...Moh..., gikmana ni bungkusnya Jisamsu tapi dalemnya inter yak?" Biyasah mula kelakuwane Moh geningna hang katon udud larang taping njerone udud rada murah.
“Pakeken dah...kalau tak suka...ya taruken.”
Cumpu No Kakik nyaut, ”Diwarah murakbal kabeh jamaah ini.”
Ana Eddy takon nyang No Kakik, ”Paran bain ceritane jamaah-jamaah iku No?”
“Digu iku wih...,” No semaur ambi bisik-bisik, ”Jamaah kecaruk jamaah padha peres-peresan, paran maning makelar kecaruk makelar. Cerita ngalor ngidul hing ana wujude kabeh. Engko tah cumpu ketemune hang iji arep ngotang. Delengen bain tah engko,” jare No.
Said, ngerungokaken ambi ngelus-elus derijine hang nganggo ali-ali. “Mata apa itu Hib,” takone Moh nyang Said.
“Jeh, ini Moh, ini matanya Sapir Wulung, embannya perak dua belas gram, hiasan mata intan. Rakse ya Lik...pokoknya tak ada duanya dah.”
“Kam[14]?” takone Moh.
“Kemaren sudah ditawar Sogik, Mia Homsin.”
“Alef?[15],” jare Moh, maksude 150 ewu tah?
“Iya....alef, zen ini Moh,” jare Said.
“Mantap,” jare Moh. “Gini Hib, kemarin ada temen dari Bali nanya-nanya batu sapir. Ni kalo boleh ana bawa dulu, lusa Insya Allah ketemu yang penting ana jadiin Mia Homsin, gimana Id?”
Merga padha wangkote hang siji Moh karepe nggawa barange uwong gedigu bain, hang siji, Said, hing gelem kadhung ali-aline mung digawa digu hing nganggo pengiket.
Amak bisik-bisik nang Moh,”Jangan rame-rame ini juga barang titipan, punyaknya orang Sukowidi, suruh jualken.”
“Naguuddd...Ana kira punya ente sendiri yak.”
“Ini aja ana janji bawa tiga hari,” saure Said, ”taunya sudah dua minggu belum laku-laku...ini ana dikejer-kejer, jadi ente mau bawa dua hari lagi belum tentu laku, byek jangan dah Moh.”
“Endak, kalo sohib ana yang ini zen[16] orangnya, banyak maunya kalo Ana yang bilang...udahlah dia boss yang punya travel Mas Agung Denpasar,” jare Moh rada ngotot.
Merga otot-ototan, Kang Jakpar mareki, takon: “Ana paran iki kumpul cuma uwong telu ramene sak pasar iki kelendi?”
Serta Said njelasaken kabeh, ahire ditengahi ambi Kang Jakpar. Iyane iki kelebu wong hang disungkani ring kono. Moh, ahire ngalah wurung nggawa ali-aline Said lan dibalekaken.
Tepak Moh nyerahaken ali-ali, Said bisik-bisik, ”Hib, Ana tadi naik becak urunan sama Amak. Fulus habis...pinjemana dulu homsin Hib.”
Jawabe Moh, ”Astagfirullahhhh....Ana kesini tadi minta Umik[17] yak.”
Jamaah ketelon ahire bubar, muleh kabeh ngaloraken ambi cerita, mbesuk-mbesuk kadhung ana hang payu dagangane arep nyambi mancing, nak tuku perahu cilik-cilikan bain hang murah, geningna bisa tuku udud.
Hang main jit padha munyik.
[1] Hib, singkatan teka Sohib, artine kanca.
[2] Ana, teka basa Arab hang artine isun.
[3] Ditawa, masiya Basa Indonesia, Basa Kampung Arab, dicampuri basa Using, tawa dudu tawar.
[4] Rega, kadhung nong Basa Indonesia, mesthine harga, tapi cara Using kampung Arab dadi rega.
[5] Rakse, artine bisa asyik, lucu, nggawe girang
[6] Sawak artine bener tah
[7] Endak, maksude Using
[8] Gikmana, maksude Bagaimana, logat Kampung Arab
[9] 500
[10] picis
[11] 150
[12] 350
[13] Mekut, artine milu, teka ucap ikut
[14] Kam, artine pira
[15] Alef, sewu
[16] Zen, artine apik
[17] Umi, artine emak
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hadin Wijaya
Editor: Hani Z. Noor