Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 30 Juni 2024 08:23 WIB)
(Cerita Cendhek) Jana Dhungdhung
(Cerita Cendhek) Jana Dhungdhung
Uuu’uu liiyyuuu.. uuu’uu liyyuuu…. unine manuk Kepodhang rawatane anakisun lanang, bengene ulihisun tepak negor uwit Mahoni. Sing weruh gok ana sisihe manuk kepodhang lan ana anake loro, taping hang siji mati merga kejepit uwit tepak mahonine rubuh, seru dhemene anakisun lanang sabendina diiling lan diloloh gedhang, walang lan jangkrik. Manuk dadi lan segere gelis gedhi lan patheng ngocehe.
Angin isuk hang adhem semeribit nambahi rasa sukurisun nyang Gusti Allah merga magih diuweni seger kewarasan. Teka mburi suwarane jangkahe wong wadonisun nggawa talam isi sak lumur kopi lan kuluban sabrang ambi celathu,
“Nyak kopine Kang.. Kang berase cukup dienggo petang dina engkas Kang, kadhung mulih megawe tukuwa beras pisan.“ ujare ambi lungguh njejeri isun.
“Iya Dhik, engko Isun melaku megawe,” semaurisun ambi nguyub kopi hang magih rada panas.
“Thulik wis melaku sekolah tah durung Dhik?“
“Durung Kang, magih adus larene,“ wong wadon aju melebu lan celuk-celuk.
“Dik.. Sidiik.. hang gelis aduse wis bedhug.. dianteni apake kok!“ Fajar Sidik arane anakisun, lanang mung siji thil.
“Nggih Maak.. niki empun..“ ambi kedodoran seruwale Sidik metu teka cedhing nemoni emake, agage nyandhak kelambine lan nemoni isun.
“Empun Pak.“
“Ayuk sarapana hulung.“
“Niki Kula sangu sabrang Pak, Kula tedha teng sekolahan mawon mengke Pak. Apak ajenge melampah medamel tah Pak? Kadhung angsal yatra kathah si Kuning Ndika tumbasaken kurungan nggih Pak.. polae rujine kurungane sonten enten hang poklek terus Kula ganti ngangge semat, nawi ucul si Kuning Pak..” suwarane Sidik nyerocos kaya mercon rentengan. Isun mesem bain, aja sampek rupanisun hang susah diweruhi Sidik.
Sing kerasa wis gadug sekolahane Sidik, sepidhah wadon merek Siem King hang wis teyengen kadhang dienggo ngateraken Sidik kadhang sun enggo manol gabah.
“Sekolaha hang penter Sira yah Thulik, makene sing sara uripira, aja kuwatir engko Si Kuning ditumbasaken kurungan nyang Apak.“ wekasisun, rungu gedigu, Sidik girange setengah mati, ambi nyandhak tanganisun aju diambung lan pamit melebu nyang sekolahe.
“Kula sekolah Pak… Assalamuqlaikum..” pamite ambi melayu melebu pelataran sekolah, kanca-kancane wis padha ngerubung Sidik, atinisun mongkog merga Sidik akeh kancane. Isun mbalik mancat sepidhah nuju nyang umahe Pak Haji Riduwan nggolet pegaweyan nawi ana, embuh nggebros pari tah manol gabah, pokoke sak anane pegaweyan hang penting halal, paran maning isun wis janji nyang Sidik arep nukokaken kurungane manuk.
Gadug ngarepe umahe Haji Riduwan atinisun mamang merga isun enget kedadeyan setaun kepungkur, isun dadi Wakere Gudhang berase, bengi iku rasane angin hang adhem nggawa bedhidhing ngelus wong hang padha turu kaya ana ilmu sirep hang semebar, suwarane manuk culik tan saya gencer, “Culik..Culiik …Culiik Tuuuwuuu…”
Rasane mata kudu turu, isun njenggirat, sun jumput banyu wuduk lan maca tolak balak, let sedhela ana Colt Solar L-300 mandheg nang ngarep lawang kori gudhang, isun sengidan nang lompongane gudhang, wong papat padha serungkuban kerpus hang katon cuma matane thok, mudhun mbukak lawang kori, serta lawang kori wis menga wong papat mauka seru telikase mbukak serege gudhang, isun kaget merga serege gudhang hang nyekel mandhor gudhang, serta wis ngunggahaken beras separo nyang montor, isun mberak “Maliiing!”
Sakkal wong papat mauka mberejag lan marani isun, isun diterjang teka ngarep, ambi ngelesi sontogan sikil kiwa mundur suntepis lengene, marek nepis epek-epek tangan mbabat gulune, “ngeekk!” abane, sakkal njempalik gelasaran.
Hang telu maju bareng, hang tengah sun jejeg wetenge, “beeggg!” njempalik memburi, isun aju sempok lan tangan kiwa tengen bareng nyontoge “Prook!“ ngantem pelanangane wong loro mauka, sakkal padha kejet-kejet nekep selakangane ambi mungkruk-mungkruk kelaran, sun sepaki selakangane teka mburi tambah kempuk-kempuk suwara jeritane. Enak nandangi wong loro mauka, ana hang siji metu, sun uber sampek gadug tengah kebonan wong mauka ngilang, mara-mara “Mak Pek!” jithokisun ana hang ngantem teka mburi, rasane bumi muter lan sing enget paran-paran. Isuk kira-kira jam sanga digu isun buru sadhar gok turu nang kebonan, isun jenggirat tangi lan melayu nang gudhang.
Gadug gudhang beras wis akeh uwong-uwong lan pulisi padha nulihi isun, padha jana dhudhung (curiga) nyang isun, isun dipangkeng (dikecrek), nyang pulisi diunggahaken nang montor, sun pandeng mandhor gudhang iku hang melakune mekeh-mekeh kaya wong marek sunat. Iyane temungkul sing wani ndileng matanisun. Gadug kantor pulisi isun ditakoni, sun ceritani kedadeyan nubengi, gudhang kelangan beras 80 goni rong ton, isun keneng dakwa lan melebu bui, isun ditahan nang Polsek, isun disangka maling, disangka rampok.
Sak ulan isun nang Polsek ana kabar gok isun dietokaken teka bui merga maling kang sakbenere wis kecekel, temakaken mula mandhor gudhang hang dadi malinge bengi iku. Pulisi nemokaken beras colongan iku hang diedol nang pasar. Teka beras iku mauka Pulisi bisa nemokaken malinge. Isun mulih mampir nang Pak Haji Riduwan, isun disangoni picis pesangon merga hang njaga gudhang wis ganti, taping jana dhudhunge uwong-uwong nyang isun magih dikira isun iku maling. Ya wis sun tampa mula iki wis dadi nasibisun.
“Hoii, arepe paran?“ suwarane Man Buang ngagetaken isun.
“Eh, anu Man ajenge kepanggih Pak Haji enten endane, ajeng nedi pedamelan nggih.“ Man Buang hang njaga umahe Pak Haji semaur suwarane ambi rada kementhus.
“Sing ana Pak Haji nang Jakarta, lan maning sing ana pegaweyan kanggo maling kaya Sira iku!“ ngenes rasane nang ati, mungguha sing enget nyang anak rabi wis sun suwek-suwek cangkeme Man Buang iku. Isun mundur ambi nuntun sepidhah, mancat sepidhah sing karuwan arepe nyang endi, gadug Gendoh ana wong panen aju isun nawakaken manol, Alhamdulillah ulih pegaweyan. Masiya ulihe upah manol sing sepira.
Merga wong hang duwe panenan iku wong Cina Temuguruh wis kawentar uwonge loman, isun dikongkon ngedhunaken nyang gudhange, marek ngedhunaken diupahi maning. Metu teka gudhang isun nyawang umahe Iyuk Tiongkei iku kari gedhi, sun parani lan nemoni Yuk Tiongkei.
“Yuk, mboten enten pedamelan malih tah Yuk?“ Yuk Tiongkei ngedhunaken tasemake lan semaur,
“Oh Lu olang cali keljaan yaah.. Lu besok balik lagi kesini itu padi digudhang Lu jemul sumua yah!“ Alhamdulillah ulih pegaweyan, ambi nulih nyang kandhange montor akeh gelantongan manuk ocehan lan ana kurungan nganggur magih apik nak sun jaluk.
“Nggih Yuk, mbinjing Kula ngeriki, anu Yuk niku kurungan hang nganggur niku angsal tah Kula jaluk setunggal mawon?“ atinisun ambi wedi dheg-dhegan nawi Yuk Tiongkei muring.
“Lu ambil lah yang besal itu udah nggak Owe pakek lagi.“ Alhamdulillah rejekine Sidik iki.
Isun mulih ambi nyangking kurungan, isun mancat sepidhah, sing lali ulihisun manol mauka sun enggo nempur beras lan iwak gerang asin, sisane sun uwakaken wong wadon. Gadug umah Sidik jimprak-jimprak girang weruh isun nggawa kurungan manuk hang apik, sakkal manuk kepodhange dielih nyang kurungan hang anyar pelituran.
Isuk iku isun wis cepak-cepak arep melaku megawe, wong wadon celathu mergane isun durung cerita gok ulih pegaweyan.
“Gok kari isuk Kang?“
“Iya Dhik, Isun dikongkon mepe gabah nyang Yuk Tiongkei juragan beras Temuguruh.“
“Alhamdulillah Kang… iya wis, taping sarapana hulung, kok wis Sun cepakaken nang meja.“ marek sarapan isun melaku, gadug gudhang nggelar gabah aju sun pepe, marek nyorogi gabah isun diuwani mangan, kanca-kanca akeh hang bisik-bisik ngerasani isun, jare isun hang nyolong beras rong ton nang Gudhange Haji Riduwan. Suwara iku sampek nang kupinge Yuk Tiongkei, isun diceluk kongkon ngadhep lan ditakoni.
“Apa betul Lu olang pelnah nyolong belas di gudangnya Haji Lidwan?“ sun jawab kelawan cerita paran anane kedadeyan saktemene, taping Yuk Tiongkei sing percaya. Ya arep kelendi maning isun sing bisa meksa uwong kongkon percaya nang kedadeyan iku. Ulih seminggu isun dilereni. Mulih gadug umah isun cerita nyang wong wadon.
Bengi iku katon sintru ana uwong melung-melung “Maliiiing….! Maliiing..!” isun jenggirat metu umah, ana kelebate uwong melayu nang kebonan, sun uber ana wong nggawa buntelan sarung nang pundhake, sun cegat nang ngarepe, uwonge kaget sampek nabrak isun, sakkal sun pithing gulune, sun telikung tangane, iyane ubet lan ucul pitinganisun, uwonge melayu kepeder.
Let sedhela uwong-uwong hang nguber gadug nang panggonanisun, buntelan sarung asile maling mauka gemelethak nang lemah, serta adu arep isun diduding… “Sira malinge temakaken, dhasar maling!” celathune Man Buang ambi nyontog isun. Sun endo.. sun tampani sontogan, sun ampret mudhun, lengene uwonge mungkruk janggute sun tampani dhengkul “mak dhug!” Man Buang ndelosor kepileng, liyane arep maju sikilisun wis nganggo pasangan (kudha-kudha), tanganisun nganggo pasangan Cimande, rupane sing ana hang wani marek lan nyerang isun.
“Dudu Isun malinge! Taping uwong-uwong hang nguber mauka ana hang percaya ana hang using, bungkusane dibalekaken nyang hang duwe umah, uwong-uwong jana dhudhung nyang isun gok isun iku Bromocorah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Samsulhadi Minakjinggo
Editor: Hani Z. Noor