Anggitane: Putri Nurul Azizah
(Minggu, 18 April 2021 05:45 WIB)

(Cerita Cendhek) Kelangan


     Wis seminggu iki Dani sing melebu sekolah. Doni, dulur kembare Dani sing duwe rasa sekaken nang dulure. Iyane malah mangkat ngelencer nang Jepang. Riki hang sekaken nang Dani aju marani nang umahe.

     “Dan, Rika wis seger tah?” takone Riki.

     “Wis rada enak Lik,” omonge Dani ambi tangi lungguh.

     “Isun sing dhemen ambi Doni.”

     “Apuwa sih?”

     “Doni kan dulurrika. Mesthine iyane nunggoni Rika nang kene. Dudu ngelencer nang Jepang.”

     “Taping kan Doni nang Jepang merga ulih hadhiyah. Ya wis hak-e iku.”

     “Ooh dadi Doni nyang Jepang merga ulih hadhiyah tah? Hun tanggo Doni mangkat nyang Jepang kanggo ngelencer dhewek.

     “Using.“

     “Ya wis lah. Isun arep balik ya. Gancang aron. Aja lali woh-wohane dipangan,” Riki pamitan lan aju mulih. Riki rada curiga nyang omongane Dani. Kadhung mula Doni mangkat nyang Jepang merga ulih hadhiyah, mesthine larene cerita nang lare-lare sak kelas. Larene mung cerita arep ngelencer biyasah.

     Seminggu sakwise Riki nyambangi Dani, Doni mulih teka Jepang ambi nggawa ulih-ulih. Lare-lare liyane aju mareki Doni makene bisa nagih ulih-ulih. Sakwise iku Riki nekani Doni.

     “Don, sepurane ya. Isun sing arep ngurusi urusanira. Tapi sekaken Dani,” Riki mbukak omongan.

     “Terus karepira kelendi?” takone Doni.

     “Sira ya kudune nduwe rasa sekaken. Endane Sira iki sing duwe rasa sekaken nang dulur. Rika tinggal ngelencer nyang Jepang. Iyane kadheman nang umah dhewekan.”

     “Ya sak karepisunlah. Isun arep nyang Jepang tah, Isun arep nyang Amerika tah. Iku kan hakisun.”

     “Iya Isun ngarti. Taping ...”

     “Halah. Wis, Isun sing ngurusi gedigonan.”

     Riki mung bisa metek dhadha ndeleng kancane kaya gedigu. Riki iki sing arep nyinggung perasaane kanca. Taping kan kudu diengetaken pisan, sing bisa kaya gedigu.

     Riki lan kanca-kancane arep nyambang Dani maning. Wis setengah ulan sing melebu sekolah. Riki kuwatir ana paran-paran.

     “Daniiiiii,” Riki ambi kanca-kancane nyeluk Dani.

     “Iya sulung,” Dani metu raine magih pucet.

     “Ya Allah rainira kari pucet. Ayuk melebu bain!” Riki ngejak Dani melebu.

     “Dan, endi Doni?” Riki takon.

     “Nang kamar. Sun celukakentah?” takone Dani.

     “Using. Sing usah. Dan, Sira iki lara paran sih? Setengah ulan Sira sing melebu sekolah.”

     “Lara panas. Kaya biyasah.”

     “Sing mungkin Lik, Sira mung lara panas. Seminggu wis aron kadhung mung lara panas. Iki kan wis sampek setengah ulan.”

     “Iya bener,” saute kancane Riki.

     “Temenan sing lara paran-paran. Ya kaya biyasah.”

     “Temenan ya. Isun sing dhemen kadhung Sira ngapus.”

     Dani manthuk-manthuk kaya nak masthekaken nang Riki lan kanca-kanca liyane. Riki lan kanca-kancane wis mangkat muyab. Makene suwasanane enak dideleng. Ambi ngombe teh hang disuguhaken emake Dani.

     “Dan, Sira nang endi sih?” mara-mara Doni mudhun teka kamare lan marani Dani.

     “Isun wis ping pira ngomong nang sira? Iki pe-ere. Garapen, Isun sing bisa,” jare Doni kaya sing duwe rasa welas nang Dani.

     “Eh Dani magih kadheman, Sira bisa nggarap dhewek yara,” amuke Riki.

     “Eh Riki. Iki dudu urusanira, paham? Maning, ana paran merene?”

     “Nyambang Danilah.”

     “Sira nyambang kan? Berarti ya wis. Muliha, mulih!”

     “Sira ngusir Isun lan kanca liyane?”

     Mari gedigu Riki lan Doni tukaran. Riki ngamuk merga sing terima kadhung Dani dikongkon ngggarap PR tepak awake sing patiya seger gedigu. Dani hang ndeleng iku sakkal gemiblak lan mimisen. Cumpu lare loro hang tukaran iku nggawa Dani nang rumah sakit masiya ana bengkerengane merga Doni gelem ngeteraken.

     “Don, Rik, sing usah padu,” omonge Dani hang bacote ana kabele lan infus temepel nang tangane.

     “Tapi...”

     “Wis. Wis dadi kewajibanisun nulungi adhik kembaran hang mbutuhaken Isun. Sing usah padu,” durung sampek Riki ngomong. Dani wis semaur sulung.

     “Mbuh ana paran, rasane Riki kaya arep nangis. Matane Riki wis ngembeng eluh. Iyane sekaken nang Dani. Riki aju pamitan nang keluwargane Dani lan ndeleng Dani mesem nang Riki.

     Dalune Riki ulih pesen melebu nang hp-ne. Riki ndeleng gok iku pesen teka Dani. Sakwise maca, Riki aju mbales lan acara sms-an mangkat. Riki lan Dani sms-an sampek bengi lan lali wektu.

     Isuke Riki tangi ambi mata cemeng. Merga iyane melekan sampek bengi kanggo ngancani  Dani. Riki niyat arep mangkat sekolah.

     Ring sekolahan Riki kaget merga kanca-kancane padha nangis. Riki takon ngetan ngulon taping sing ana hang semaur. Kanca-kancane wis hing ngereken polae padha nangis dhewek-dhewek.

     “Ana paran sih lare? Fan ana paran?” Riki takon maning.

     “Dan... Dani. Dani wis mulih sulungan,” jawabe Fandi.

     Jegeer! Kaya disamber geludhug rasane. Uni bengi magih sms-an saiki wis sing ana. Sore magih muyab-muyaban saiki wis hing ana. Serngenge hang kawitane terang saiki wis ketutup mega kaya atine Riki. Riki lan kanca-kancane pamit arep ngelayat nang umahe Dani. Nyatane bapak-ibu guru ya akeh hang milu.

     Dani larene pinter, geromyoh, lan sing bingkak. Merga iku kancane akeh hang dhemen. Bapake-ibu guru ya kerep ngelem lare iki. Rasane ngelilakaken Dani iku dudu pekara gampang. Paran maning Riki, iyane ngerasa paling kelangan. Kelangan kanca lan dulur.

     Bendera kuning wis temancep nang cagak ngarep umahe Dani. Kanca-kancane Riki lan bapak-ibu guru aju melebu sakwise ngelebokaken picis takziah nang baki cilik. Wong tuweke Dani melung-melung nyeluki anake hang dikerungkubi kain. Doni mung bisa meneng bain nyang sandhinge ambi nangis.

     “Sabar nggih Pak, Bu, Don.” Omonge Riki lungguh nang sandhinge wong tuweke Dani lan Doni.

     Sing suwi Dani aju dipetek nang kuburan umum. Dipendhem, didongani, lan ditangisi maning ambi keluwargane. Riki meneng bain lan mulih bareng kanca-kancane. Riki sempet mikir apuwa kok lare apik kaya Dani dijuwut sulungan? Pitakonan iku magih ngginyer ring endhase Riki. Sing entek mikir apuwa Riki ditinggal ambi kancane. Riki ngerasa sing bisa njaga kancane iku. Mung bisa ndonga hang metu teka lambene.

     “Setemene Dani iki lara paran?” takone Riki nyang Fandi.

     “Sira sing ngerti? Wadhuuh sekaken temenan, larene keneng kanker tulang,” jawabe Fandi.

     “Hah? Kok sing ngomong nang awak dhewek?”

     “Merga iyane sing tega kadhung awak dhewek iki sampek weruh. Tepak Dani duwe penyakit iku, tapi mesthine magih bisa dicegah. Nah, uni bengi iku wis sing keneng ditulung maning,”

     “Apuwa kudu dijuwut sulung? Kan Dani larene apik.”

     “Wis pesthine Rik.”

     “Sulung sulung. Sira ngomong kadhung ninggale Dani uni bengi? Jam pira?”

     “Jam 8.”

     Maning-maning Riki kaget. Riki melayu nang njero umah njuwut hp-ne lan balik maning nang ngarep umah. Wis karuwan uni bengi Riki lan Dani sms-an jam 8. Marek gedigu Dani sing ana jam 8. Dheg! Jantunge Dani sakkal tambah dheredhegan sing karu-karuwan. Aju sapa hang sms-an ambi Riki bengi iku?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerpen Putri: Sisik Melik

Editor: Antariksawan Jusuf