Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 20 Juli 2025 07:32 WIB)

(Cerita Cendhek) Kepethit



Kepethit nyang Pak Im
Hadin Wijaya
 
Tahun pitung puluhan arane Kutha Banyuwangi jare Man Diok bisa diarani magih dhedhel dhuwel. Arane uwong pokoke bisa megawe, wis bisa ladak. Ibarate, saben ngomong bisa nyemes kancane wih.
Yara ring Desa Lateng papan panggonan lalare mbenu-mbenu, tambeng-tambeng taping ya nyeduluran ambi uwong. Lalarene pinter semerawung, masiya tah lalare ring kono iku bengen yaiku mau mbenu. Pokoke wis bisa golet picis, dikongkon sekolah seru bongole kupinge. Semaure sak kenenge. Ya hing maido kadhung rata-rata paling dhuwur tamat SD, apik wis.
Kelendi hing gedigu, polae desa iku ana terminal, panggone wong dodol jeruk, Jerukan. Ana Boome kapal perahu, panggonane tukang njaring, tukang mancing. Ana pisan pasar nong sandhinge terminal, dadi arane uwong teka endi-endi ya ana nong kono. Untunge ya iku mau, sapa hang penter ndeleh awak ngadhepi uwong-uwong iku mau, bisa ulih picis. Magih lare wis bisa golet picis, ithik-ithik golet picis.
Sebuten bain umpamane Kang Usik, tepak iku megawe ring kapal LCM. Weruhe tangga-tangga lan dulur, iyane wis megawe. Pokoke ngarepaken Magerib teka elor 'terminal' artine mulih megawe. Aja takon rika, rambut kelimis, kelambi dilebokaken, masiya taun iku durung patiya akeh uwong hang sepatuan. Cekake cerita, Kang Usik iki ndhemeni Mbok Sih taping getap dhung parek-parek. Bisane mung corat-coret nong temboke SD Lateng. “Usik BKL Ningsih." Ningsih iku aran jangkepe Mbok Sih, wonge kulitane putih, rambute rada bajang lan dawa nggadug silite. Bisane nulis mung iku bain, polae diwuruki Kang Dek carane nulis. Hing bisa nulis liyane.
Karepe ati, engko isuk Mbok Sih bisa maca gok Mbok Sih ana hang ndhemeni, yaiku Kang Usik. Cumpu Mbok Sih  ya gedigu. Magih lare dhemenane nulungi emake dodolan lanun ambi lupis ring pasar.  Sekolahe mung nggadug kelas loro. Polae iku mau, emake warah “Heleh, Sih dadi sekolah nana hang mbayari belaka kari sara. Emak masiya hing sekolah taping penter golet picis.  Wis aja sekolah wis, miluwa Emak bain dodol lanun, saben dina ulih picis.”
Emake nambahi maning, ”Aju kadhung Sira sekolah, Emak tambah mbandhani, durung sangune.” Suwi-suwi Mbok Sih ya mikir, bener jare emake iku ya, kadhung hun sekolah emak tambah hun jaluki picis. Taping kadhung hun milu dodolan ambi emak, emak tambah ulih picis.” Ya gedigu iku pungkasane Mbok Sih mung sampek kelas loro, durung sampek bisa maca wis metu sekolah. Macane magih nabrak-nabrak durung bisa lancar.
Ulih pirangane ulan, arane Mbok Wah, uwonge hang mula rada nyanyil, tepak isuk-isuk belanja ring pasar Terminal Lateng, cumpu kecaruk Kang Usik hang arep megawe ring Kapal LCM Ketapang.
Jare Mbok Wah, "Wuuuh! Kari gancang kadhung megawe ya.”
Disauti Kang Usik, "Eh ya kelendi maning, megawe ambi tentara digi iki weh.” Ambi setengah nduduhaken gok iyane wis megawe. “Kadhung using, kepingin ulih uwel,” tambah Kang Usik.
“Using, anu Sik, sore wis Hun wani weruh Sih,” abane Mbok Wah.
Sak kal tayongane Kang Usik hang melaku ngetepeng, dadi edheng, peraenane sakkal rumang, atine ambi dheg-dhegan, bacote kembut-kembut seru dhemene rungu kabar teka Mbok Wah iku mau.
“Cumpu kelendi, Wah?” takone Kang Usik.
“Heleh! Wis...uwis...engko bain tandanga ulung, Isun nak belanja.”
“Temenan yah, engko Isun nak nyang umahrika.”
Paran hang dikarepaken Kang Usik cumpu hing nggadug. Polae Mbok Sih ya hing bisa maca tulis.  Mbok Wah hang tanggane Mbok Sih, masiya hing tamat SD taping rada pinter maca, malah iyane hang maca tulisan BKL nong temboke SD Lateng mau.
Tepak kecaruk Mbok Sih, iyane mberak, "He Sih! Didhemeni Usik hing weruh tah Sira?”
“Jeh...teka endi Rika weruh gok Kang Usik iku dhemen nyang Isun?” takone Ningsih.
“Kok, ana tulisane nang temboke sekolahan.”
“Marine kelendi Mbok tulisane?”
 “Jare Usik BKL Ningsih,” abane Mbok Wah ambi gemuyu.
“Kacaa apuwa. Kiplas,” saute Mbok Sih ambi ngiplasaken tangane. Maklum bain, abang-abang lambe, arane lare wadon diwadani digu seru kemisinene.
Taping hing suwi marek Mbok Wah mulih, Mbok Sih mandengi rupane dhewek ambi kacaan. Bacote diusapi, matane hang suthup dikethip-kethipaken, rambute hang alus rada bajang dicekeli dhewek. Kulitane mula rada rijig. Ambi muter-muter, kacane dipandengi.
Emake Sih hang nang pawon ambi setengah ngintip nggerundel.
“Dhuuh..anakisun kacaan ak...byek belaen iki,” batine emake.
 “He! Sih! Gancanga roh kadhung dandan geni iku,” abane emake Mbok Sih celathu ambi mbecucut.
Arane lare hang buru girang-girange ngaca, dikongkon emake, Ningsih rada mecucut cangkeme. Renceke kayu dicandhak ambi setengah ginjal-ginjal atine mbedhedheg. Rencek kayu hang dicandhak semembur hing kakaruwan. Marek digu cumplung kari siji disesel-seselaken.
“Yara matek geni iku Sih. Paceke wih. Gelem tandang taping hing kakaruwan digu wih, kaya bol kok.”
* * *
Soren-soren mulih megawe Kang Usik mampir nong umahe Mbok Wah.
“Kelendi Wah...dhemen tah larene nyang Isun?” takone Kang Usik.
“Wis beres...kecaruk kesuk, bisa tah?” saure Mbok Wah.
“Temenan tah Wah? Iya wih...nong Boom ya, pareke wong dodol nyuknyen.”
Kisuke tepak malam minggu, Kang Usik sakat soren wis mejegreg nong pesisir Boom. Arane uwong nong Boom kaya laler ngerubung kepong, semembur nong endi-endi. Sarta kecaruk, cumpu Mbok Wah njumbul dhewekan, hing bareng ambi Sih.
“Lhah...kelendi sih Rika iki? Sore jare wis beres,” abane Kang Usik, ambi setengah ngamuk.
“Yaiku jare wis melaku sulung nyang Boom kene ya,” saute Mbok Wah. “Kelendi marine Sik,” takone Mbok Wah.
Hing sepira suwi, matane wong keloron iku kaya belingsatan ndileng Ningsih keloron ambi wong lanang.
“Wah...,” mung iku hang metu teka cangkeme Kang Usik.
“Wah.”
“Iya Sik, Isun ya ndeleng,” abane Mbok Wah.
“Madak gedigune Wah...hang melaku ambi Sih iku Pak Im, atasanisun nong kantor ya Wah,” jare Kang Usik, sakkal awake ngelepruk kaya kasut hang wis kendhor. Wurung sir-siran ambi Ningsih, kepethit nyang Pak Im.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hadin Wijaya

Editor: Hani Z. Noor