Anggitane: Istipadah
(Minggu, 01 Desember 2024 08:11 WIB)
(Cerita Cendhek) Kepilis
“Beng! Wayakendi teka?” Sun tulih Mak Amah nyaberang dalan mara nyang isun. Sun sendhenaken sapu kerig ring ebuk, aju salaman.
“Wau dalu, Mak,” saurisun, “Dugi sabin tah?” Katon sikile ndhaplak lan ebeg belethok.
“Iya, Beng. Tutugena nyapu ra wis, ilok-ilok jare wong tuwek,” iyane aju lungguh ring teras umah.
Sun celuk emak merga tepak cilik isun bengen kerep diemong. Wonge gati pisan sak kang lanang, Pak Awik isun nyeluke. Umahe ana ring wetan umahisun, saberang dalan. Anake kang nomer loro umure ring ndhuwurisun petang taun, dadi isun dijaki memengan. Kadhung emak ambi apak menyang, tepak Mak Amah sing ring sawah, mesthi iyane menging emak nggawa isun. Dhemen merga isun bengen lemu, ginuk-ginuk, lan sing pati aleman jare.
“Mooong! Matun sakat sorene maning ika durung mari-mari, Mah?” emak njumbul teka njero. Wis rijig lan ayu. Mari adus, wedhakan, uga lipenan.
“Buru mari, Bik. Ketang akeh apon-apon, gatele seru temenan ring sikil,” saure Mak Amah ambi kilah-kilah. Sikile kang nyantung iku diuseg-useg. Katon mberanang pisan.
Umahisun ana ring pertelon dalan. Modhel umah lawas kang terase teka ngarep sampek ring samping umah. Dadi wera. Mula biyasah dinggo wong lungguh-lungguhan paran maning wayah soren wong padha mari rijig-rijig kerep gesah-gesahan ring kene. Ring pojok umah ana toko pupuk lan obat cilik-cilikan kang dijaga emak dhewek.
“Woh! Kapan teka jebeng iki?” teka kulon Wak Mastiyah mara. Tangane nyekel keresek kang isine sabun, odhol lan sabun nggo asah-asah. Kayane teka warung.
“Wau dalu, Wak,” saurisun ambi salaman.
“Pereian tah, Beng? Mara-mara lawas sing tau mulih yuh,” Wak Mastiyah lungguh pisan ring teras.
“Nggih. Pereian 2 minggu, Wak,” isun semaur ambi nutugaken nyakup romot.
“Yee.. yara tuwuk ring umah.” Isun manthuk lan mesem.
“Tepak wis, Bik Ijah. Engkesuk isun olah jangan leroban. Duyanane Dini roh,” Wak Mastiyah madhep nyang emak ambi semendhe ring tembok umah. Rungu ngomongaken jangan leroban, isun nulih emak ambi gemuyu. Emak mesem. Isun mula duyan. Lawuhe iwak asin utawa tempe wis enak. Kerupuk bain ya sing dadi paran. Kang penting kokoh lan campuran janganan kaya ontong, pakis, godhong sawi lan kates kang gurih iku.
“Kari tepak, Bik. Sun tukokaken pakis engkesuk yah. Muga-muga ana ontong. Makene cukup janganane. Ulih endi Rika belundhuhe?”
“Wak Nehayah ngeletik. Isun mau wekas sulung kon ngumani. Selak entek. Mau Isun wis nyengget ontong, Bik. Mong! Abete Bik Amah kari lesuh,” Wak Mastiyah nulih nyang Mak Amah.
“Kesel telung dina matun, Bik,” Mak Amak aju lungguh. Tangane nguseg-nguseg sikile . “Nak adus lung, Mariki merene maning. Anggrekira tepak ngembang gembel, Din” iyane njingkat mulih ambi nduding kembangisun.
“Nggih, Mak,” sun siram kembang anggrek kesayangan. Anggrek ungu kang jejeran limang pot ring rak kembang kang ndhuwur. Ngisore ana lumbu-lumbuan lan aglonema kang anyar iki piral ika. Saiki kaya nana regane. Tapi merga emak dhemen kembang, masiya kerep nyang sawah lan njaga toko, kabeh tetep kerawat lan ketata apik.
“Mbok Diiiiin!” teka kadohan katon lare wadon pelayonan. Eh, iku Nabila misanisun. Anake Nom Asanah adhike emak. Larene magih kelas lima.
“Aja pelayon, Bil!” Emak nguwel. Nabila larene mula rada akeh tingkahe.
“Haiii, Mbok Din! How are you?” Gayane keminggris ika. Rupane dimanis-manisaken. Lelete.
“Hmmm.. Teka endi, Bil?” Nabila mula aleman nyang isun.
“Mari nggarap PR ning umahe Ika. Mbok Din, sakat Rika ring pondhok, Isun kurang pati semangat belajar Inggris. Sing ana kang ngajari ngomong. Engko bengi pokoke Isun ajarana yah. Pumpung ring kene, Please, Yaaahh, My kind sister,” tangane Bila nyakep karo rupane dimelas-melasaken tandha njaluk temenanan. Isun ngakak.
“Ya aja merga mboke roh. Kadhung dhemen ya tetep pathenga belajar, Bil!” Selang banyu sun elungaken nyang iyane, makene diterusaken. Nabila monyongaken lambene. “Kari sithik. Emboke kesel,” isun lungguh ndhempeti emak kang magih gesah-gesahan. Pumpung ring umah makene tuwuk ambi emak. Rong minggu iku sedhilut rasane, kadhung wis kurang sedina balik, abot seru, Kepingin nambah pereine.
“Pecelan pupuk….pecelan pupuk,” mara-mara teka kadohan rungu suwara hase Wak Tumi. Saben soren dodol pecelan pupuk keliling desa. Umahe ring pinggir desa parek kebonan elor perbatasan kampung.
“Bik Tumi, merikiya!” Emak kang ngerti isun mula arep langsung nyeluk anter merga uwonge magih ring pertelon lor. Wedine beluk ngulon sulung lakune. Wak Tumi mara. Nyuwun seng kang ditumpuki lengser panggonane kulub-kuluban. Iyane aju ndeleh suwunane ring teras.
“Sakat sorene maning Isun nganteni, kaya sing dodol Bik Tumi iki. Isun akehana kenikire ya” jare Wak Mastiyah.
“Mari nyambang putu, Yah. Kadheman larene,” saure.
“Tumbas pinten, Dhik Aji?” Wak Tumi nakoni emak. Ana siji loro wong kang nyeluk emak iku ambi julukan aji, ale durung tau munggah aji. Iku merga apak wis haji bengen magih lancinge.
“Dingge Dini kalih Nabila niki, Bik. Sira arep roh, Bil?” Emak nakoni Bila kang tepak mulung selang.
“Ya ajeng, Wak. Pecele kadhung pedhes sekedhik mawon, Mbah,” Bila marek aju lungguh.
Wak Tumi njuwut ithuk kang mula wis dicawisi kanggo wadhah. Aju diisi ambi macem-macem kuluban. Ana turi, cukulan, kenikir, irisan kates, kangkung, lan kacang jangan. Ring ndhuwure aju dicoroti pecel. Sing serantan nganteni, isun agage nampani ithuke.
“Sira janganane arep kabeh, Beng?” Wak Tumi takon nyang Bila.
“Niki kalih niki mboten,” Bila nduding kenikir ambi irisan kates.
Sing suwe, Mak Amak mara uga tuku pisan. Ahire mangan jak akehan ring teras ambi nulihi kendharaan seliweran. Sabendina dalan iki mesthi rame.
Sun uled pecelan pupuke aju sun pangan. Gurihe bumbu kacang lan ambune godhong jeruk kang nggarai enak. Sing ana maning kang dodol sak liyane Wak Tumi. Sakat isun cilik sampek wis kul8iah semester telu iki, iyane magih dodolan. Awake magih jaya dodol mider. Rupane ya tetep kaya bengen, sing akeh bedane.
Ring tengahe mangan, gok isun mara-mara enget kedadeyan bengen kang mesthi nggarai isun gemuyu sampe ngakak. Sing lali blas sampek saiki.
***
Tepak iku ring ulan puwasa, isun magih kelas lima sak Nabila iku gedhene. Mari teraweh lan tadarus isun mulih. Ring bale, tipi wis disetel. Kang ndeleng ana Emak, Mak Amah, Pak Awik, Wak Setu, lan Wak Tumi. Apak magih durung teka. Balenisun mula lumayan wera. Masiya wis ana kursi, magih akeh panggonan kanggo ndeleng tipi ambi kilah-kilah. Magih sing pati ana wong duwe, mangkane akeh tangga ndeleng ning umah. Kadhung Wak Tumi wis biyasah, nyeja teka kebonan mara nyang kampungan. Melebu pawon sun cidhuk kolek ring panci. Kolek kacang ijo campur gedhang lan kolang kaling. Jelas enake wis. Godhong pandhane bain akeh. Arum ambune.
Sun gawa jembung isi kolek mau ring bale. Lungguh ring pareke emak. Serta arep nyendhok, lali gok isun durung tawa-tawa.
“Mak Amah, Pak Awik, kolek niki. Ajeng tah?” Isun mingseraken bokong.
“Panganen wis, Beng!” jare Pak Awik. Mak Amah adhal-adhal pareke lawang. Mula bokong kukusan jare wong-wong ika.
“Wak Setu, monggo kolek. Ajeng tah?” isun ngadhep nyang Wak Setu. Isun siji-sine lare kang ana ring kono, ngati-ati ngomong nyang wong tuwek nawi luput.
“Using wis, Beng. Magih wareg mari buka mau. Aran es kerai entek rong lumur gedhi sing kerasa,” saure.
Pungkasan isun nawani Wak Tumi kang sendhen ring kungsen lawang lor.
“Wak Tumi, monggo kolek. Ajeng tah?” Wak Tumi kang pokus ndeleng sinetron nulih nyang isun.
“Perasanisun kabeh ditawani sing ana kang gelem ya. Kolek katon enak gedigi. Iya wis Beng, kene!” Jembung kolek dijuwut teka tanganisun. Isun marek makene gadug. Kolek dipangan. Sak sendhok, rong sendhok, telung sendhok.
“Kari enak koleke. Santene kenthel, arum, manise pas. Kolang kalinge keket. Gok sing ana kang gelem padha,” Wak Tumi nerusaken mangan. Isun mandheg nulihi. Ngomplong sing kerasa. Iyane kecap-kecap ngerasakaken enake. Lah! Kok sampek emeh entek, batinisun. Isun kang maune magih gemuyu saiki mulai mbesengut. Sun lirik Mak Amah nulih nyang isun ambi nahan guyu. Sakat mau nganti-nganti mangan kolek, iki malah ngeleg idu. Ring panci wis kari sithik nyisani kanggo apak. Lumuh wis, timbang ngomplong nulihi wong mangan, sun mingser edheng-edheng.
“Beng, sulung mesisan gawakena jembunge!” Sun tulih iyane nutugaken sak sendhok koleke. Sing kathik semaur sun tampa jembung teka Wak Tumi. Setengah nggibod agage nyang pawon. Bek! Luput iki. Sing cocog nyang impen. Sun intep panci, mula kari sithik koleke.
“Wis panganen sisane kolek ring panci iku,” kaget isun. Emak wis ning mburinisun ambi gemuyu. Isun tambah mbesengut.
“Apuwa? Kepilis?“ Emak sing mari-mari gemuyu. “Iku arane rejekine Wak Tumi,” tutuge ambi madhahi kolek aju diwakaken isun.
“Beng, mangan ambi mesem-mesem dhewek. Apuwa?” Emak ngagetaken lamunanisun. Sun kethipiki emak ambi ngelirik Wak Tumi. Iyane gemuyu ketara kadhung enget kedadeyan iku.
“Magih enget Beng? Isun bengen saben bengi ndeleng tipi ring kene ya,” Wak Tumi nakoni isun ambi nyuwun senge arep jaja maning.
“Nggih enget, Wak,” saurisun nahan unyik
***
Cerita iki hususe kanggo ruwahe Emak kang sun welasi, kang wis sing ana 2 taun kepungkur. Alfatihah...
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Karangan sendiri
Editor: Antariksawan Jusuf