Anggitane: Wahyu Rizki Kurnaini
(Minggu, 22 September 2024 06:09 WIB)
(Cerita Cendhek) Ketemplekan
Magih anget cerita iki, dhung Mak Hikmah kadheman buru bain mulih teka rumah sakit. Isun tangga gandheng selat tembok weruh dhewek ring mata iki, tepak nyambang Mak Hikmah ring umahe, sun cekel awake kerasa panas. Jare anake iku mula gedigu anane kerana Mak Hikmah keneng penyakit kelainan darah. Kadine awake kerasa panas. Uga hang njaga ring umah diwanti-wanti ambi dhokter kudu bisa ngadhemaken awake nganggo cara dikompres.
Engkisuke, tepak magrib dheng, lamat-lamat isun rungu ana uwong tangisan. Suwarane sing adoh. Parek ambi umah iki. Sun tamat-tamataken, kayane ring umah sebelah. Ati kerasa sing enak. Sing kathik mikir suwe, isun melayu metu teka umah ngintep teka pager umahe Mak Hikmah. Temenan, tangisan iku teka jero umahe. Sing wani melebu kerana lawang mung mbukak separo. Sing kerasa nang burinisun ana Mak Atin tangga kulon umah kang wis ngarti kahanane, ngajak isun melebu nang umahe Mak Hikmah.
“Ayuk, aja mung intep-intep melebu bain. Mak Hikmah wis sing ana umur kene mauka anake selabar nyang Isun," abane Mak Atin.
Semendhal ring ati, buru sore isun nyambang saiki wis ninggal. Sing kathik nulak, isun milu lakune Mak Atin melebu nang umahe Mak Hikmah.
Ring njero umah, ana Iin anake Mak Hikmah kang kemunjilan dhewekan nunggoni mayite Mak Hikmah. Weruh Mak Atin lan isun teka iyane uga meluk sak kuwate ring Mak Atin.
“Kok sing ana uwong In? Nang endi apak lan dulurira kabeh?" Takone Mak Atin
“Kang Irik ambi Kang Wandik magih megawe durung mulih.”
“Apakira nyang endi?”
Ambi mbeseseken Iin cerita, dhung soren mauka apake ngundang wong tuwek dienggo ndeleng kahanane emake. Uwong tuwek iku warah dhung emake ketemplekan setane lare cilik teka kuburan kang diliwati sedurunge iyane melebu nang rumah sakit. Iku kang gawe Mak Hikmah kadheman. Wong tuwek iku uga ngongkon apake mbalekaken lare cilik iku liwat buntilan lawon nang kuburan hang diliwati kapanane ika. Taping, tepak apake berangkat metu teka umah sing kari suwi Mak Hikmah sing ana umur. Kadine sampek seperene apake durung weruh dhung Mak Hikmah ninggal.
Isun kang ngerungokaken cerita saya tambah kemesar. Enget-engeten sing mari-mari sampek selametane Mak Hikmah oleh pitung dina.
***
Kaya biyasahe, dina iki isun sakat isuk sampek soren, megawe ngider dodol kerupuk gorenganisun dhewek. Mula magih sing bisa lali nang ceritane Mak Hikmah, sak dalan-dalan mbayangaken cerita iku. Warung sak warung sun andohi kerupuk sak gandheng. Sampek kari sak gandheng sun ateraken ring warung nong ngarepe kuburan lawas ning kampung elor.
“Alhamdulillah, kerupuk kang Sun gawa entek kabeh.” Abanisun njero ati.
Sampek ring umah, lakinisun wis nganteni. Matane nyawang isun sing kathik kethip. Isun kang kerasa lisuh dadi kesat kerana yakin dhung ana kahanan mata kang gedigu mesthi ana kang salah ring njero umah. Isun melebu ambi temungkul. Tepak ana ring ngarepane isun takon,
“Apuwa Kang?”
“Isun nak mangan tapi kok sing ana paran-parane ya Dhik?"
“Yee, iya Kang, Isun mula sing masak karepisun nak tuku bain. Taping lali wis gaduk umah.”
“Ya wis dhung gedigu tukokena bakso bain ring pasaran.”
“Iya Kang.” Sing kathik engko maning, isun uga melaku nunggang sepidhah montor nyang bakso pasaran. Bakso wenak dhemenane lakinisun.
Gadug ring warung bakso, ambi layan-layan Kang Lek uga cerita, mbaleni ceritane Mak Hikmah kang wis sing ana. Isun kang wis lali dadi enget maning. Kedadeyan kang bisa dipercaya tah using. Kerana Mak Hikmah kadheman iku dhung jare dhokter kerana penyakit. Taping dhung jare uwong tuwek bida.
Ambi nerima bungkusan bakso kang diwadhahi keresek isun melaku metu nang sepidhah. Bakso sun andoh ring cantholane sepidhah ngingsore gulune setir. Ambi nunggang sepidhah, isun ngelayung ring cerita iku maning. Saya suwi sun rasak-rasakaken sikilisun hang tengen nganget-ngangetaken. Ring pikiran kerasa sing enak. Ndane isun iki ketemplekan paran-paran ya, kaya Mak Hikmah. Kerana isun mauka ngateraken kerupuk kang pungkasan nong warung ngarepane kuburan.
“Walah, Isun ketemplekan paran iki?” Ambi nggeremeng.
Tepak gadug ring umah. Sepidhah durung sampek sun jagelang. Sikil kiwa mudhun sulung. Sikil tengen magih ring dhuwur sepidhah. Panas ring sikil tengen sing ilang-ilang. Sun tulih ring tengahe lawang lakinisun mesem. Ambi tulih-tulihan. Isun nak ngomong sing wani. Kadine mung bisa njureng.
“Apuwa Sira iki dhik, njureng-njureng. Mudhuna wis wisuha sikile makene sing ketemplekan paran-paran.”
Isun sing semaur. Taping saya tambah njureng. Ati gemeludhug sing karuwan.
“Eh, cepetan, melebuwa. Isun elom. Baksone wadhahana jembung uga wanana sega. Isun nak mangan."
Rungu ucap bakso, isun buru enget dhung kang panas ring sikilisun iki kalingana bakso kang buru sun tuku. “Astagfirullohaladzim.”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.