Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 13 Juli 2025 06:32 WIB)

(Cerita Cendhek) Kik Lis Bajul


(Cerita Cendhek) Kik Lis Bajul

Anggitane Uun Hariyati

 

Kang Apik (aran saktemene Hanafi) ngadeg cengeng metenggengen nyawang ombak kang sing tau bisa meneng. Ring pesisir iki 45 taun kepungkur kang Apik kerep diajak Anang Mad, mbah lanang teka emake Kang Apik njala iwak, taping bengen panggonan iki magih alas peteng akeh wite Palud (Bakau-red), oyode mecungul kaya paku gedhi-gedhi kaya ditata ring pinggir segara. Saiki panggonan kene iki kejuluk Pulau Santen bengen arane Gerangan. Wite santene gedhi-gedhi kaya buta njaga segara. Mula diarani gerangan merga ring kene iki panggonane wong mepe iwak ulihe njala sampek dadi gerang lan digawa mulih gok wis garing.

Kang Apik ngundha rasa enget jaman bengen kala Anang Mad magih jumeneng dadi supire truk PUK. Saben Anang Mad perei, dhemenane mesthi njala utawa ngemek iwak ring panggonan iki. Paceke Anang Mad ketelon ambi Kik Lis Bajul lan Kang Arsad Pethong (amit, matane ciri selisih mula diarani pethong). Kadhung arep nong pesisir gerangan iki bengen kudu ngeropyok ngeliwati segara cilik hang akeh bajule utawa nunggang jukung nunut wong Pakem kono.

Kang Apik mula welasane Anang Mad. Gok wis arep njala, paceke Kang Apik dibisiki, “Lik, ayo milu Anang njala, aja cerita bapakira ya! Kadhung ditakoni, ngomonga gok diajak anang nang Segobang.”

Waktu iku Kang Apik umur sewelas taun magih kelas 4 SR (Sekolah Rakyat, saiki SD). Dibisiki anang gedigu mau Kang Apik girang, balik takon, ”Kapan Nang, melampah?”

“Saiki,” jare anang, “Gancang pamita bapak emakira, aja lali ngomong gok nang Segobang.”

Inget jaman semono Kang Apik mesem lungguh ring ngingsore wit waru. Saiki Kang Apik wis pangsiyun, Kepala Kantor Pos Magetan dhongkol iku balik mulih nong tanah kelairane, Penganjuran, manggon nong umah lawas hang sakdurunge dipanggoni keponakane. Saiki Pulau Santen gampang diambah uwong nunggang becak, sepidhah, utawa sepidhah montor sampek nggadug pesisir ngeliwati sasak kayu kaya dermaga, dadi hing kathik ngeropyok maning kaya bengen.

Bapake Kang Apik aran Wak Dilah dadi pesuratane Landraad kantor pengadilan jaman Landa (saiki kantor Pengadilan Negeri). Uwonge  jujur kadhung megawe paceke nunggang sepidhah pancat merek Releigh (diwaca, reli) gaweyan Inggris nganggo rem tromol, lampu berco, rodhane ana garis njelarit putih, kadhung ditunggangi muni tik-tik-tik. Wak Dilah tuku sepidhah Releigh iki adol sapi sak pasang taping magih ana susuke keneng dienggo tuku capil Pulkah lan setelan Slapbroek (kelambi setelan kaya piyama) kanggo KangApik. Girange Kang Apik dudu-dudu. Wak Dilah seru sing awehe kadhung Kang Apik diajak njala Anang Mad. Wedi Kang Apik nemu belai, dicokot bajul.

Dadi omong dadi pesuratane kantor Landraad, Wak Dilah uripe temata temenan, keras lan disiplin, anake telu dadi kabeh penggarepe ya Kang Apik iki, liyane wadon-wadon. Gancange cerita, sarehne Kang Apik wis diidini bapak lan emake nong Segobang, kaya diuber setan Kang Apik melayu ngampiri Anang Mad hang wis siyap nyangking buntilan isi sega lan sambel gerange. Kang Apik nyerunthul nututi Anang Mad hang melaku setengah melayu wedi kebedhugen. Serta wis ngeliwati Konco, ngambah galur ngeliwati kebonan, Kang Apik ngerintih njaluk amplok. Ambi Anang Mad ditengguluk, melaku ngetanaken, nggadug pondhok cilik arep nyabrang tulih-tulih nawi ana jukung. Kuwasane Allah ketemu kancane Anang Mad mancing, kebeneran sing kathik ngeropyok. Kang Apik enget seru gok ning panggonan iki bengen akeh wit santen gedhi-gedhi kang akeh belendhoke. Sak durunge nyebur segara, nebar jala, Anang Mad nyulami jala lan cerita gok bengen Kik Lis hang kejuluk Kik Lis Bajul iku, sikile dicokot bajul sampek buntung, ya ning papane nyabrang mau, Anang Mad mangkat cerita:

Kik Lis mula rada songar, waktu iku ketelon arep ngemek, nggolet kepithing ring keropyokan, taping diengetaken ambi wong Pakem kono gok saiki akeh bajul dhidhih. Kadhung arep ngemek ati-ati nawi keneng kaidek. Kik Lis semaur, “Alaah masa paran-paran, Isun wis ngambat Nabi Hidir masa ana bajul wani mara.” Anang Mad ambi Kang Arsad Pethong mandheg mang-mang atine hing wani melaku. Kik Lis ladak melaku ngetan ambi nyangking kempis lan tali gedebog. Anang Mad ambi Kang Arsad mampir nong pondhokane man Soha, disuguhi kopi ambi kukusan sawi magih kebul-kebul. Durung sepira suwi, Anang Mad hing enak atine enget gok Kik Lis melaku dhewekan. Kang Arsad diguthit diejak nyusul Kik Lis. Temenan, durung sampek gadug nong panggonan biyasahe ngemek ana uwong gotong-gotongan ambi melung-melung. “Ana uwong dicokot bajul! Ana uwong dicokot bajul.” Atine Anang Mad kemesut serta wis parek tansaya kelunjuk, serta ditamataken uwong kang digotong mau cumpune Kik Lis hang gobod belethok sikile kiwa kanthil-kanthil emeh pedhot gujreh getih, lambene putih kaya dipusuh.

Anang Mad bingung paran hang dicandhak, akhire ketemu mikul bokonge Kik Lis jak papat nggotong Kik Lis metu teka Alas Paud. Setengah melayu nggotong Kik Lis, serta emeh gadug Konco, kuwasane Allah, ana prahoto nguwot babi hang wis ditata ning jerone keranjang. Hing kathik kakehan takon Anang Mad gupuh njaluk tulung.

“Nedi tulung, nedi tulung. Ndika teraken teng geriya sakit.” Supir prahotone bingung mudhun lan mbukak bak prahoto hang isine keranjang isi babi. Uwong jak papat hang nggotong Kik Lis aju munggah, Kik Lis ditumpangaken ning ndhuwure keranjang isi babi digawa ning rumah sakit kulone PUK.

Sak ulan sakwise kedadeyan mau Kik Lis waras taping sikile buntung, mula melakune disangga cagak kayu lan kejuluk Kik Lis Bajul. Gaweyane tetep njala lan ngemek iwak ring gerangan Pakem.

Kang Apik ngunjal ambegan dawa, kabeh uwong-uwong hang ana ring angen-angene mau saiki wis hing ana umure kabeh.

Ganti saiki Kang Apik nerusaken penguripane, dadiya tah wis pangsiyun semangate ngisi umur iki tetep hing ana susute.

Tepak pangsiyun kaya iki mula sakat bengen dianteni, paribasane wong mikul abote kewajiban nggenggem amanah dadi pegawe negeri wis gadug nong garis finish.

Kelawan ati entheng lan ihlas madhep mengarep nungsung dina-dina hang ibarate serngenge wis emeh lingsir.

Saiki hang dipikiraken ibadah kenceng ngerumat putu lan nata anak-anake, sepidhah reli tinggalane Wak Dilah tetep dirumat lan mesin tik tuwek minangka kancane kanggo nulis.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Uun Hariyati

Editor: Hani Z. Noor