Anggitane: Hasan Sentot
(Minggu, 28 Juni 2020 07:36 WIB)

Cerita Cendhek: Kinthil


Ana penyawangan hang beda, angger Pak Lurah nekani acara ring Desa. Embuh iku kondangan teka wong desa hang duwe hajat, uga acara-acara undangan wong iwuh. Pak Lurah hang biyasahe teka dhewekan, utawa bareng ambi carik lan uga kerawat desa liyane kayata kamituwa, modin, RT lan RW, pungkasan iki akeh dikancani ambi adhike lanang.

“Kalih sinten Pak Lurah, kok Pak Carik lan lintune mboten tumut?” gediku pitakone Man Salehan hang nyeja ngundang Pak Lurah wayah iyane duwe gawe.

“Wong-wong padha repot, iki  Isun ngajak adhik. Mane weruh nang tata carane urip ring desa, merga adhikisun iki akeh urip nang kutha," jare Pak Lurah Kanjeng.

Adhike Lurah Kanjeng ambekena lair ring desa kono, taping arang manggon ring desa. Sakat sekolah sampek megawe, akeh dilakoni ring kutha. Wayah wong tuweke sak keloron magih ana, paling mulihe adhike Pak Lurah Kanjeng mau ya tepak prei sekolah lan megawe.  Gedigu bain arang metu teka umah, pungkasane tangga-tangga lan wong desa kene nana hang ngerti. Mangkane, wayah Pak Lurah Kanjeng ngenalaken nang wong-wong hang merdhayoh nang umahe Man Solehan, akeh hang padha gawok. Dudu merga ganthenge, naming sing weruh sak durunge kadhung Pak Lurah Kanjeng iku nduwe adhik lanang.

Kabar Pak Lurah Kanjeng nekani iwuhe Man Salehan, cepet nyebar sak desa. Kaya kapuk keterak angin, wong liya desa malah akeh hang rungu. Kabeh wong desa hang nong sawah, belanja ring warung kanggo olah-olah sedina-dina, wong-wong hang nong masjid lan langgar sak uwise sembayang limang waktu, uga ngomongaken Pak Lurah Kanjeng

“Rika weruh tah, Pak Lurah Kanjeng iku temekaken nduwe adhik lanang. Larene cilik perawakane, ya sing adoh ambi Pak Lurah Kanjeng. Eseme katon nyenengaken, masiya nang uwong hang durung kenal," jare Bik Hikmah nyerocos cerita ngelem-ngelem adhike Pak Lurah Kanjeng.

“Maning tah, kober-kobere Rika iku damakaken adhike Pak Lurah Kanjeng. Engko tah suwe-suwe kepincut Rika. Aju kelendi Man Surip, arep Rika deleh endi," are Bik Jumaiyah nggudha Bik Hikmah.

Wong loro hang belanja ring warunge Bik Nawiyah iku, aju gemuyu cekikikan dhewek.  Merga kelorone masiya sing enom maning, taping padha duwe anak perawan. Kelorone ya ngangen-angen, kadhung bisa dadi besane Pak Lurah Kanjeng.

“Halah, Rika keloron iki padha ambi ngerageni manuk miber," jare Bik Taruyah hang rungu omongane wong loro mau.

“Kok gedigu Mbok," jare pitakone wong loro mau bareng.

“Adhike Pak Lurah Kanjeng iku wis duwe rabi. Rame-ramene nang umahe hang wadon. Pancen Pak Lurah Kanjeng mau wong Jawa, adat istiadate ya cara Jawa Kabeh. Malah sabene bulan madune nang negara manca.  Potreke ambi rabine hang ayu lan magih anake kiyai, nyebar nang endi-endi," jare Bik Taruyah hang pancen kerep memengan internet. Mangkane weruh kabeh, paran bain warta ring kampunge hang mecungul nang Internet.

Jagongan ring gardhu semono uga, sing adoh hang digesahaken ring wong-wong ring sawah lan langgar. Kabeh mbahas Pak Lurah Kanjeng ambi adhike, merga kadedeyan sing kaya biyasahe. Pitakonan arep ana paran ring desa iku, sing bisa ditingguli maning. Masiya Pak Lurah Kanjeng arep ngenalekan adhike nang tokoh-tokoh desa, sak perlu mane gelem serawung. Uga alasane, adhike mane weruh nang adat lan tradhisi hang ana ring desane.

“Jeh, sorene maning Isun weruh dhewek. Adhike Pak Lurah Kanjeng mau uga diajak nang umahe Kiyai Mahrus. Pas ana pengajian pisan, langsung bain Pak Kiyai uga nyebut arane Pak Lurah Kanjeng lan adhike mau, aju dikongkon ngadhep ring ngarepe jamaah pengajian," ujare Aserik njelasaken nang kanca-kancane hang ubret ngomongaken adhike Pak Lurah Kanjeng.

“Isun ya weruh dhewek, dhung pungkasan iki adhike Pak Lurah Kanjeng kinthil terus nang endi parane Pak Lurah. Sampek tepak ana selametan wargane, adhike mau uga diajak teka. Malah sabene wong Dusun Rayud sampek bingung, merga sing rumangsa ngundang Pak Lurah Kanjeng, mara-mara teka ambi adhike," tambah Asmuni nyeritakaken kaweruhe.

“Rika weruh tah, sapa arane adhike Pak Lurah Kanjeng iku?” pitakone Aserik nang Asmunik.

“Isun sing pati dhong ya, ngertine adhike Pak Lurah Kanjeng. Digu thok,"  jawabe Asmunik.

“Oh, kadhung gedigu diceluki Paman Kinthil bain ya," jare Aserik.

“Kok  gedigu Kang?” takone Asmunik heran.

“Ya polahe nginthil terus nang Kakange. Terus sing jelas pisan paran karepe," jare Aserik.

Omongane Aserik mau, sakkal dadi mancing guyu wong hang milu gesah ring kana. Wong-wong mau katon bebas ngomongaken lurahe, merga sonder ana kerawat hang milu bareng gesah. Kadhung ana siji bain, mesti meneng kelakep lan sing wani ngomong titis masalah Pak Lurah Kanjeng. Magih ana rasa wedi lan sungkan nang Pak Lurah Kanjeng, kadhung ana kerawat hang milu gesah mesti direpotaken.

Man Padelan hang buru teka, aju bareng milu gesah. Naming sing kaya kanca-kancane hang padha takon, paran hang dadi karepe Pak Lurah Kanjeng mau nggawa adhike merana-merene. Man Padelan hang tau dadi pegawe ring Kecamatan iki langsung mungkasi pitakone wong-wong mau.

“Pak Lurah Kanjeng merana-merene nggawa Kinthil mau, merga iyane taun ngarep entek wayahe njabat. Karepe adhike hang diajak nginthil mau, diweruhi ambi wong-wong ring desa kene. Tujuwane kadhung wis dikenal, aju ana pilihan lurah taun ngarep sing arep kangelan golet massa hang arep milih iyane," jare Man Padelan.

Wong-wong desa mau terima ndelongop, weruh penjelasane Man Padelan. Cerita sing terima sakmono, Man Padelan aju nyeritaken liyane. Apuwa Pak Lurah Kanjeng iku perlu ngenelaken adhike, merga akeh kasus tepak njabat. “Karepe Pak Lurah Kanjeng, adhike mane bisa nerusaken lan kasus-kasuse mane sing mencungul ring njaba lan dadi urusan nang aparat," gedigu jare Man Padelan.

“Oh, gedigu Man Padelan. Aju kelendi kanca-kanca ring desa kene? Apa nggenengaken bain, apa kudu niteni  kelakoane Pak Lurah Kanjeng iki?" jare Aserik aclak takon.

“Ya biyasah bain, aja nggawa odro-odro desa hang wis tenang iki. Makene wis arep tingkah paran, hang penting rika kabeh ngerti paran sejatine kabeh laku mau. Pemilihan Kepala Desa magih adoh, pathengana rika megawe. Aja milu-milu ubret, engko pilihen Lurah hang miturut rika apik lan amanah. Kadung rika sing ana pilihan aju kepeksa milih Paman Kinthil mau, ya paran jare wis," jare Man Padelan mungkasi omongane.

 

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf