Anggitane: Marisa Safa Azzahra
(Minggu, 24 November 2024 08:54 WIB)
(Cerita Cendhek) Kurangen
Ring gedhang-gedhangan, Wiwin ngandoh kelaras nyang irig. Kelaras iku godhonge gedhang hang wis garing, rong ketheman wis cukup. Godhong pirang-pirangane papah hang wis disereti, disangsangaken ring pageran. Adon ring ngarepe bengahan nugeli semat. Gula abang hang wis diirisi cemepak ring jembung.
Wiwin ndeleh irige nyang pelanca aju marek nyang adone. Adone gage ngongkon putune gena marud kelapa.
“Beng Win, paruden cikilane!” kongkone adon. Wiwin aju ngingser lengser, parude diedegaken. Pucuke cikilan mangkat diparud.
Rada suwi, Wiwin rungu ana wong hang celak-celuk arane. Iyane tenger iku suwarane sapa.
“Win, Win...” Wiwin ngendhegaken marude. Ambi ngemat-emataken suwara hang nyeluk arane. Wiwin nginguk teka pawon.
“Ayo, mengan pelencatan uwonge kurang!” abane Dini ambi awe-awe. Weruh kancane teka, adone gancang menging.
“Tutugena sulung, marekena!”
Wiwin sing semaur, iyane nerusaken marud ambi sepisan pindho nginguk menjaba.
“Sulung entenana, mariki mari, kari sitik wih...,” abane Wiwin.
Ring talam parudane kelapa wis semembur kari sak cikilan hang durung diparud. Dini melung maning nyeluk Wiwin.
“Wiwin, hang gancang dienteni lare-lare,” abane Dini ambi melayu gupuh.
“Iya! Iki kek wis marek," Wiwin gupuh-gupuh marekaken sak cikilan. Serang gupuhe, derijine taker keneng kegesrek parudan. Derijine Wiwin beset lan metu getihe.
“Aw,” Abane Wiwin Ambi ngerasakaen lorone.
“Yaiku ulihe wong kesusu memengan! Mulane tah! Wis, aja mengan. Tulungana Adon olah-olah!”
Tangan hang keneng parud gancang diwisuhi. Wiwin nggoleti hansaplast ring kamare. Mari dibelebedi hansaplast, weruh Adone mbakar kelaras hang wis dikelumpukaken mauka Wiwin dadi cengeng.
“Apuwa kok diobong, Don?”
“Tulihen bain yara wis! Juwutena saringan ring rak Beng..” perintahe adone.
“Ajenge diengge napa Don?” semaure Wiwin.
“Juwutena bain yara wis, engko yara weruh...” Wiwin gancang njuwutaken saringan, kaya penjalukan adone.
Kelaras hang wis diobong lan ditujahi dikuntek ring saringan aju diayak. Wiwin nulihi awune kelaras saya alus.
“Gawanen merene Beng gelepung ring pelanca iku...”
“Mesisan kanji iku Beng!” tambahe Adon.
“Napa bidane Don?”
“Acake cekelen tah!” kongkone Adon.
Wiwin njuwut gelepung lan kanji sak jumputan, diendoh ring delamakan tangane. Temakaken kanji iku kesed. Gelepung kelire rada putih buthek. Kadhung kanji kelire putih mencerit.
Ring pengaron, adon wis nyampur, banyu santen, gelepung lan kanji uga gula pasir sitik. Serta wis uled, Adon ngelebokaken ring wajan lan digalo-galo sampek dadi jenang.
“Win entasna godhonge ring pageran mauka!” kongkone Adon maning.
Godhong aju dipondhong Wiwin. Gadug pawon, Wiwin nyelehaken nyang pelanca aju njuwut kusut enggo ngusuti.
Ambi nyurud geni, Adon ngentas jenange.
“Kudu dieler sulung iki beng!”
“Empun saged ditiliki tah niki Don?”
“Hang kanti ta yuh, durung dikukus iki!”
“Temune tasik koled niki, Don?”
“Iya Beng. Ya suwene nganteni mateng, ejuren gula abange iku!”
Wiwin nyandhak gula abang nung jembung. Wajan cilik ditemumpangaken ring ndhuwure bengahan. Genine disegokaken maning. Irisane gula abang dikuntek ring wajan. Wiwin nguled nganggo irus.
Adon madhahi jenange lanun nyang godhong. Dibungkusi kaya lontong aju disemati gena sing mecothot. Dandang wis diendoh ring ndhuwure bengahan sak sarangane pisan. Adon ngetap jenang hang wis dibungkus nyang dandang.
Wis seperapat jam,Wiwin bukak-tutup,tutupe dandang serang sing kantine.
“Aja dibukaki yara yuh! Gena gelis mateng!”
“Penasaran kula Don...”
“Nyanga! Cake sulung, mateng tah durung iki?” tutup panci dibuka. Sumube lanun ngantem raine Adon.
“Yeehh... Mateng iki wis Beng! Dientas wis...”
“Aja mandak dipangan sulung, gena sing kelepesen..” Wiwin nurut paran jare Adone.
“Endi bolake Beng?”
“Hah? Engge napa malih Don?”
“Ya dienggo ngiris Beng...”
Bolak jait wis dibatek. Semate lanun gage diujeti. Tangane Adon lancar ngiris lanune nganggo bolak. Irisane lanun dietap ring piring.
Kelapa hang wis diparud diuwuraken ring ndhuwure. Adon nyendhok gulo abang hang wis diejur.
“Don, Don kula mawon tah!” Piringane lanun wis ring tangan kiwane Wiwin. Gula abang diesogaken ring ndhuwure lanun.
“Duh kari enak, ngentekaken ya Don.”
“Entekena wis Beng!” Sing katik suwi, lanun nang piring gemet.
“Imbuh Don...” Wiwin nak nggape lanun maning, taping ditampel tangane Adone.
“Hesss... Iki wis tukonane uwong. Liya dina bain!” Wiwin mandheg ndilati pecakane gula abang ring derijine.#
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Marisa Safa Azzahra
Editor: Antariksawan Jusuf