Anggitane: HENI KURNIAWATI
(Minggu, 06 April 2025 09:55 WIB)

(Cerita Cendhek) Lebarane Keselengkek


“Allohuakar Allohuakbar Allohuakbar Laailahailallohu Allohuakbar....” Dhonge ngarepaken magrib lamat-lamat ana abane takbiran ring masjid. Cumpu bapakisun durung cawis kembang kirim kanggo ngirim nyang panglahan. Sun gancangi amet pandhan wangi ring pinggire kalen, sun rajang alus. Ambi uput-uput kembang regulok (mawar desa) lan kembang menur (melati) kang suntandur jejer dadi sengker ring ngarepe umah. Aju nulungi bapak nggawe sandhingan. Njunjungi kursi kang ana ring bale dijejer telu, dikemuli tapih. Nong ndhuwure iku sandhingan dipeseng. Bapak sun gonceng nunggang sepidhah montor melaku ngirim nyang panglahan, makene gelis gadug.

Emane sore emak diumani janur ambi bibik. Aju sun enam dadi kurunge kopat. Ulih mung selawe urung aju sun kumbah, sun iseni kumkuman beras. Biyasahe keluwarganisun nggawe kopat cawise lebaran iku paling sithik telung puluh lima. Serehne keselengkek, kopat selawe bain cukup wis. Adange bain dikaduki, kanggo nyawisi dulur-dulur kang teka labaran nyang umah makene sing kepilis.

“Kang Ukil, wis ra wih, Hen jaken nyandhak pitik aju belehen! Kok abane takbiran ring masjid, lebarane teka. Aja kari alus selak sing nutut nyang sedhekah!” isun ambi bapak buru teka ngirim nyang panglahan keneng perintahe emak, dikongkon nyandhak pitik. Emakisun uwonge mula gupuhan. Si Super Perfectionis isun kadhung ngarani. Isun mejinjat njuwut senter kang ana ring kelothoke jerumah. Polae kadhung sing gancang dituruti, emak nyeblakan sikilisun nganggo sepit. Cumpu sun lirik emak bangete nyegokaken geni ambi nyekel sepit. Mumpung durung mambu sepit sikilisun, sun gancangi melayu nyang burine umah ambi nyangking senter. Bapak nututi ambi mulung-mulung sarunge kang dienggo.

Taun 2022 lebarane mula rada beda ambi taun kepungkur. Magih jelas isun enget ring taun sakdurunge iku sing ulih mudik polae ana pandemi Covid 19, utawa ulih mudik taping kudu manut aturan teka Pemerintah kang sepirang-pirang. Rungu-rungu ring berita akeh kedadeyan wong melebu bui merga ngelawan aturan pandemi. Kadhung taun 2022 sing ana larangan mudik, mung kudu patuh prokes (protokol kesehatan). Kang nggarai lebaran taun 2022 kerasa keselengkek merga kawitane ana beda penemu bab mutusi dina kawitane ulan Puwasa. Pungkasane masarakat kang milu keputusane pemerintah mangkat puwasa tanggal 3 April 2022 ngira 1 Sawal nepaki dina Selasa tanggal  3 Mei 2022. Serta dhong-dhonge temakaken Pemerintah mutusi 1 Sawal ana ring dina Senen tanggal 2 Mei 2022. Pungkasane lebarane mangseg, kerasa kaya keselengkek.

Sepat lebaran emak adatane olah jangan lembarang kang diolah teka pitik kampung disanteni. Keneng diarani menu wajib pokoke. Saiki dapaka jangan lembarang anaa, pitike bain magih mecingkring ring uwite kopi nong mburine umah. Cumpu serta mari nyelimpang-nyelimpangaken kopat kang buru dientas teka pendhil nyang sangsangan, mara-mara rungu abane takbiran ring masjid. Emak mberejag kaget merga lebarane wis teka temenan.

Isun lan bapak nyandhak pitik kang turu ring wit-witan. Emane pitike wis pating mulih merga mari asaran mau isun nyemburaken sisane sega kang jangget nong kemarang kang sun asahi. Aju dicucuki pitik rawatane emak nong burine pawon. Semasa disenter pitike kemelebes miber tambah mucuk nong pecite uwit. Bapak menek nyang uwite kopi, pitike miber ngalih nyang uwite duren. Sing kalah akal isun njuwut belarak enggo nggebrosi empange duren. Pitike nyelamber mudhun nyang lemah, melayu sipat kuping ngadoh-ngadohaken.

“Aja digusrah ra! Menenga bain, pitike makene sing wedi!” Bapak menging isun nguber, tiwas pitike melayu tambah adoh. Kadhung pitike sing kecandhak, isun wedi diserimpung emak nganggo sempronge geni. Sun sembur-semburi cengkaruk nong ngisore wit jirek kanggo mancing pitike makene sing melayu saya adoh. Selamet, masiya rada suwi taping pitike bisa kecandhak. Bapak ngesah lading, pitike sun bacangi.

“Bismillahi Allohuakbar.” Perungonisun gedigu rapale bapak mbeleh pitik.

Mari dibeleh, pitik lima sun rijigi ring cedhing kanggo ngilangaken kothoran kang temepel ring cekekere lan getih kang ana ring gulune. Pitik aju diwedangi, dibubuti wulune. Serta wis rijig, dipecel-pecel aju dikulub ring pendhil kang diindel nong bengahan.

Suwene nganteni iwak pitike embuk, emak ngeracik ragine jangan lembarang. Ana santen kelapa, kunir dibakar, kemiri dibakar, uyah, lobok, gula, bawang abang, bawang putih, ketumbar, lan jae. Kejaba santen, kabeh ragine digerus nganggo jebeg lan canthuk, digerengseng ring penggorengan sampek mambu wangi. Tengere wis mateng, ragine aju dicemplungaken nyang kuluban iwak pitik. Serta gemulak wolak-walikan santene diceburaken ambi digaluh sampek iwak pitike mateng.

Kang Bambang teka ulem-ulem gok engkisuk selametan dianakaken isuk-isuk, kumpul-kumpul ring umahe sak mudhune sembayang lebaran ring masjid. Selamet, jare atinisun. Emane sedhekahe magih engkisuk. Kadhung saiki, kelendi tingkahisun nulungi emak olah-olah rampadane sedhekah.

“Nyak bukaa sulung, ambi tilikana acake lembarange enak tahwis! Kang Ukil, mangkata rawih.” Mula gedigu basane emak kadhung nawani madhang. Sing ana ucap selamet madhang ring Basa Using. Isun ambi bapak gancang-gancangan nyandhak aren. Ambi madhang ketelon gemuyu-gemuyu nggesahaken rekane wong gupuh diuber lebaran.

Isun ambi emak nutugaken olah jangan liyane yaiku dhendheng kerimping lan abon sapi. Aja takon kelendi rasane deriji. Nyuwiri daging sapi sekilo, sewengi jampleng. Tangan gagem, mata ndheredhep, taping arep leren sing wani. Wedi diseblak nganggo sepit ring emak ambi engkisuke sing diejak lebaran. Merga mula kang sun anten-anteni setaun sepisan nganggo kelambi anyar, unjung-unjung nyang umahe dulur-dulur, disuguhi ombenan caok menek, mangan jajan kelemben, ambi diumani picis anyar kang magih kenceng-kenceng. Senenge keliwat-liwat. Masiya tangan gagem tetep sun lakoni nulungi emak.

Masiya kemesrep sedhilut rasane wis cukup. Sak engetisun dalu-dalu mau isun lungguh semendhe ring saka ambi mangku iwak sapi kang mari sun suwiri. Cethukan ambi lungguh kunjur nong pawon. Semasa ngelilir isun mara-mara turu ring jerumah, mejujung ring pelanca penggawangan ambi kemulan sarung. Mula turu kemulan sarunge bapak utawa tapihe emak mula seru enake. Kaya turu dikeloni emak lan bapak. Ee, masiya emak lan bapak keras, pantese welas nyang isun.. “Endhane Isun dipondhong bapak ngalih turu nyang jerumah? Iya nawi”. Isun thenger-thenger ambi ngenget-ngenget.

“Ngeeek.” emak ngengek lawange jerumah, nginang ambi mijeti sikilisun. Isun gancang api-api kesirep. Pijetane emak mendhuwur-mendhuwuraken nyang pukang, boyok, tangan, pungkas ngelus-ngelus rambutisun. Embuh apuwa ana rasa kang mara-mara gemerudug ring jero dhadha, rasane ati kaya dipiles-piles, perih. Suwi-suwi banyu mata maksa arep metu. Isun api-api turu miring, emak makene sing weruh iluhisun mili. Kadhung emak lan bapak wis sing ana umur, isun ambi sapa? Sapa kang mbayari sekolahisun? Kadhung ana paran-paran sapa kang gelem nulungisun? Iku pitakonan-pitakonan kang uleng-ulengan nong pikiran. Iluh sing keneng ditahan, temetes nyang bantal kang ulese wis lawas. Siji, loro, telu, sun itungi nong jero ati. Emak gok meneng bain, sing ngomong, sing ngelus rambutisun. Isun wedi emak apu-apuwa. Isun kelumah ambi nggoleti sebabe emak meneng. Masiya mung sedhilutan isun bisa nulih ana kang gemilap-gemilap ring karo pipine emak.

“Kadhung wis ngelilir, gancang tangiya aju subuhan. Tulungana ngunjali rampadan nyang umahe Kang Bambang.” suwarane emak nggeruguh, taping ketara digawe-gawe makene ketara teges. Raine menggos, sing madhep nyang isun, kaya ana kang disengidakaken.

“Emak...” isun nyeluk emak makene nulih nyang isun. Isun kepingin masdekaken paran kang gemilap-gemilap nong pipine.

“Wis ra wih. Aja leren dilangge-langge!” Emak gancang metu lan ngeneb lawang. Sun rungokaken abane kemelenthinge toples beling nong bale. Katon teka selane lawang kang ngingis emak mari ngetap jajan, lungguh ring pelanca ambi nggulapi iluh nganggo pucuke tapihe.

Melencat teka pelanca penggawangan ambi magih buledan sarunge bapak isun nguber emak.

“Emak, aja nangis...,” Isun marahi emak makene sing nangis taping isun dhewek kemerewek. Sing mentala isun nulih emak kang welasan taun kumpul bareng isun, susah-seneng bareng, saiki nangis mesesegen sing keneng dienengaken. “Apuwa, Mak?”

“Huuuu huuuu huuuu,” Tangise emak sing keneng ditahan, tambah suwi tambah nganter-nganteraken. Isun kang bingung nubruk emak. Emak meluk sak anter-antere ambi nggablegi boyokisun, diambungi pipi, mata, lan bumbunanisun. “Kang sabar ya, Tik. Aja sepisan-pisan Sira duwe ati kelendi-kelendi nyang Isun ambi bapakira. Ana lan sing ana Isun, Sira tetepa dadi lare kang apik, kang nurut ya Tik.”

Rungu abane gowakisun, bapak nututi nyang bale milu-milu peluk-pelukan ambi isun lan emak. Pantese munggo disuting kaya adegan Teletabis, berpelukan. Kesuwen-suwen sun anteni bapak sing ana omonge. Sun tulih, iyane mung nggulapi iluhe nganggo capah tangane ambi lesane kaya wong duwe salah gedhi taping sing duwe daya paran-paran. Lumuh wis, rasane dhadha ambi endhas kaya arep pecah.

“Emak, Bapak sepurane Isun mung bisa ngeruwedi Rika jakloron, sing tau ulih rangking ring sekolahan, sing tau katut milu lomba. Dadi anak sing bisa nyenengaken wong tuwek. Rika duwe utang tah, Pak? Isun nak leren bain wis sekolahe. Isun milu buruh tani ambi Rika bain, Mak. Isun makene bisa nulungi Rika nyaur utang.” Isun ngomong ngawur wis ketang sing nemu jawaban paran sebabe emak lan bapak tangisan ring dina lebaran. Benere yara isun kang tangisan nggetuni salahe nyang wong tuwek. Gok iki kewalik, wong tuwekisun kang kaya-kaya duwe salah gedhi nyang isun. Tadhah ulatan wis sun putusi leren sekolah. Bangur sun pendhem cita-citanisun dadi insinyur pertanian. Pikirisun masiya sing duwe ijazah taping isun bisa bekti nyang wong tuwek lan tetep bisa dadi petani, nyukupi kebutuhan pangane wong sak donya. Kadhung sing ana wong tani, wong sak donya arep mangan paran.

“Man Ukil, Bik Ijuk lerena sulung gowak-gowake, engko mari sedhekahan tutugena maning. Kok dianteni kanca-kancane, wis pating ngetap rampadan ring umah. Selak bedhug unjung-unjung nyang umahe mertuwa.” Abane kang Bambang celuk-celuk selametan.

“Iya...!” emak lan bapak semaur barengan. Suwarane dianteraken serange makene ketara sing mari ana paran-paran. Emak lan bapak mula lancar api-api seneng kanggo nyengidaken susahe ati lan pikirane, taping isun tetese tetep bain bisa kerasa. Tetep sun anteni kejelasane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : HENI KURNIAWATI

Editor: Antariksawan Jusuf