Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 12 Juli 2020 07:12 WIB)
Cerita Cendhek: Lintrik
“Dipanasi diudani, arep mampir nana kelasane.
Diwelasi dikedani, hang dipikir nana rumangsane”.
Sahek magih cengeng sing ana abane nyawang surat hang dicekel ring tangane. Surat balesan teka Alimah hang dititipaken nyang Serad. Diwaca bolak-balik ring njero atine surat hang mung sak lempir iku. Sahek magih sing nerima nyang isine surat balesan iku. Iyane sing percaya kadhung Alimah hang semunu lawase runtang-runtung nyang iyane, kari-kari sing nampa welase. Bangkel, isin wis uled dadi siji ring jero atine. Diwejek-wejek kertas saklempir iku aju diuncalaken nyang jero uwangan.
Serad hang sakat mau meneng bain lungguh ring sandhinge, kaget weruh Sahek mbalangaken surat hang mari diwejek-ejek iku. Dijuwut maning kertas hang wis lungset iku aju dibukak lan diwaca ambi Serad. Serad thingel-thingel maca isine surat balesan teka Alimah kanggo Sahek.
“Tenang Lik, aja kuwatir Rika.” Serad nabok boyoke Sahek hang magih cengeng.
“Tenang kelendi Rika iki, atinisun bangkel Lik," saure Sahek rada mempeng.
“Halah, barang gedhigu belaka kari dipikir nemen-nemen," omonge Serad nana becake.
“Atinisun lara, welasisun ditampik gedigi iki,” semaure Sahek ambi nyekel dhadhane.
Serad mung mesem gemuyu bain rungu omongane kancane iku. Dielus-elus pundhake Sahek hang magih katon mempeng iku.
“Rika dhemen temenan tah nyang Alimah iku?” takone Serad ngagetaken Sahek.
“Sing dhemena iku sampik sunbelani nuruti kabeh penjaluke," abane Sahek.
“Ya masa gedigune, yara keneng diakali kelendi carane makene bisa dhemen.”
“Maksud Rika?” Sahek sing ngerti nyang omonge Serad.
“Kari nanting Rika, gelem tah using," Serad tambah nggawe atine Sahek bingung.
Sahek magih bingung mikir durung kecandhak nyang kekarepane Serad. Pikirane wis ngelu welase ditampik Alimah, aju tambah maning mikir omongane Serad hang iyane sing ngerti paran karepe. Sahek ngadeg aju njangkah melebu nyang umahe ninggalaken Serad hang magih lungguh ring ngarep umahe.
Serad telikas nututi melebu. Dicandhak tangane Sahek hang gupuh arep melebu nyang kamare.
“Sulung tah lik,” Sahek ngendhegaken lakune Sahek.
“Ana paran maning Lik, Isun ngelu,” Sahek ngeculaken cekelan tangane Serad.
“Ayok nyang umahe Bik Rusiyati.” Serad bisik-bisik nyang Sahek.
“Hang tukang lintrik lore pasar sapi iku?” saure Sahek ambi rada mberejag.
“Iyok, Alimah dilintrik bain makene kedanan nyang Rika Lik," suwarane sing wani anter.
Rada suwe wong loro sing ana abane. Sahek meneng nimbang-nimbang ajakane Serad arep ngelintrikaken Alimah. Atine Sahek magih mamang antarane iyatah using. Arep sing gelem iyane wis kadhung welas lan bangkel welase ditampik. Arep ngiyani ajakane Serad taping atine magih ana rasa wedi. Serad magih ngadeg nganteni jawabane Sahek, iyane ngerti kadhung kancane iku magih mikir nyang ajakane arep nyang tukang lintrik.
“Kelendi Lik, Rika gelem tah using,” Serad ngagetaken.
“Iya wis ayok, Alimah iku makene weruh rasane wong kedanan iku kelendi," saure Sahek.
“Rika duwe potreke Alimah kan, ambi potrekrika dhewek?” takone Serad.
“Kadhung potrek, isun duwe, aju paran maning hang digawa?” Sahek balik takon.
“Menyan cap sepur, kembang telon ambi kembang kanthil," saure Serad.
“Ayok wis gancang.” Sahek wis sing serantan.
Lare loro sak kancaan iku metu teka umah numpak sepidhah montor nyang Gurit tuku kembang telon ambi kembang kanthil. Sing lali mandheg sedhela ring tokone Man Jono tuku menyan madu cap sepur sak bungkus.
Kabeh sarat hang diomongaken Serad wis cukup. Wangune atine Sahek wis rada ayem lan seneng. Sepidhah montor ditumpaki melayu mbobos ngeliwati dalanan cilik ring kebon-keboanan lore tapsiun Rogojampi nuju nyang umahe Bik Rusiyati ring mburine pasar sapi.
Sing sepira suwi, lare keloronan wis gadug ngarepe umahe Bik Rus. Umah gedheg hang sing sepira gedhi taping katon rijig lan apik. Lawange magih tutupan. Serad mudhun teka sepidhah marek nyang lawangan. Sahek magih lungguh ring dhuwur sepidhahe.
“Bik.. Bik Rus...” Serad celuk-celuk ambi nothok lawang.
“Iyook...” suarane bik Rus semaur teka jero.
Serad magih ngadeg ring ngarep lawangan ngenteni Bik Rus. Sing suwi lawang mbukak, rupane Bik Rus ngaton ring lawangan.
“Eh Sira lik... melebuwa.” Bik Rus ngongkon Serad melebu.
“He.. meriniya,” tangane ngawe Sahek hang magih lungguh ring sepidhahe.
Agage Sahek mudhun teka sepidhah nututi Serad hang wis melebu nyang umahe Bik Rus. Serad ambi Sahek lungguh jejer ring gelaran kelasa. Umahe mula nyeja sing didelehi kursi.
“Ana paran lik?” Bik Rus mbuka omongan.
“Anu Bik, kancanisun iki arep njaluk tulung.” Serad nyekele pundhake Sahek.
“Njaluk tulung paran yuuh?” Bik Rus neges.
“Kula ditampik ambi lare wadon hang kula dhemeni," abane Sahek ambi rada gemeter.
“Kepinginira kelendi?” takone bik Rus maning.
“Larene damelen bingung lan kedanan nyang Kula," jaluke Sahek.
“Gampang iku, sarate paran bain yara wis diduduhi ring Serad," Bik Rus takon sarate.
“Nggih.” Sahek manthuk.
Sahek ngetokaken sarat-sarat hang ditakokaken Bik Rus teka keresek cemeng hang dicekel ring tangan kiwane. Kembang telon, kembang kanthil, menyan cap sepur lan potrek. Kabeh sarat iku mau diwakaken nyang bik Rus. Bik Rus langsung nyandhak potreke Alimah aju disawang.
“Ayu temenan lik, pantes bain Sira kedanan,” ambi ndeleh potreke Alimah ring kelasa.
Bik Rus mbukak kanthong cilik ring sandhinge. Dietokaken kartu lintrik teka kanthonge. Cangkeme cemit-cemit maca japa mantra aju kartu lintrike diucut bolak-balik. Mari diucut aju kartu didudut siji-siji lan ditap ring duwure kelasa. Sahek ambi Serad meneng ambi ndeleng Bik Rus nguthak-athik kartu lintrik ring ngarepe.
Siji-siji kartu hang ditap kewalik iku dibuka ambi njelasaken nyang Sahek paran artine kartu hang metu iku. Sahek mung manthuk-manthuk bain ngerungokaken paran hang dijelasaken Bik Rus.
“Wis lik, antarakena telung dina yah,” abane bik Rus.
Bik Rus njuwut kabeh sarat hang digawa Sahek melebu nyang jero umahe. Sahek ambi Serad nganteni ring bale. Rada suwi, Bik Rus metu maning nggawa potreke Alimah ambi menyan.
“Iki menyane gerusen hang alus aju semburna ring dalane Alimah biyasah liwat. Potreke iki angger arep turu delehen ring ngisore bantalira. Aja lali ambi diambat arane ya lik,” Bik Rus njelasakaen paran hang kudu dilakoni Sahek.
“Nggih Bik.” Sahek nyanggupi.
“Iya wis, engko Isun nulungi nandangi teka kene,” Bik Rus ngomong maning.
“Terima bik.” Sahek nyalami bik Rus ambi nyelipaken amplop nyang tangane.
Sahek ambi Serad pamit mulih. Atine Sahek seru sing serantan ngenteni telung dina hang dijanjeni Bik Rus. Telung dina wis gadug, abete lintrike Bik Rus ana asile. Alimah atine uyang kaya godhong keterak angin gelibegan kudu-kudu kecaruk Sahek.
Dina-dina sakteruse, sing raina lan sing bengi Alimah jenek umahe Sahek sampik latare kaya sing kathik nyapu. Atine Sahek wis seneng temenan mergane Alimah saiki wis kentelan nyang iyane. Nyang endi bain runtang-runtung sing keneng dipethot jangget kaya jajan kethot.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerpen Satria
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)