Anggitane: Muhamad Novi Yusuf
(Minggu, 18 Juli 2021 11:07 WIB)
(Cerita Cendhek) Luru Poh
Panas kenthang-kenthang tepak serngenge magih ana ring tengahe langit, akeh lalare cilik hang golet panggonan hang iyup. Salah siji lare hang duwe niyatan memengan ring njero alas yaiku arane Rojali, iyane ngajaki kanca-kancane golet panggon ngadhem ring njero alas. Mula alas hang arep diparani ambi Rojali iki magih ana ring pinggirane desane dhewek, dadi ya hing kari adoh uga ya hing kari wingit seru. Maskur ambi Janoto hang kecaruk ring dalan tepak arep memengan keloronan pungkase gelem diajak ambi Rojali hang golet kanca memengan ring njero alas. Maskur ambi Janoto hang setemene arep mancing pungkasane ya wurung kerana gelem diajak Rojali. Ring kana Rojali golet kanca maning, malah ngongkon Maskur ambi Janoto golet lare maning makene rame karepe atine Rojali.
Edheng-edheng melaku ring dalanan ambi tulih-tulih ngiwa nengen magih sing ana kanca-kanca liyane hang njumbul, kadhung dipikir ya mula magih wayah bedug hang mesthine lalare magih padha turu ring umahe dhewek-dhewek, paran maning ya mesthi ana wong tuwek hang sing ngulihi anake memengan ring wayah bedhug gedigi.
Keringet hang deredesan sampek kaya adus keringet bain ring kelambine Rojali hang magih mempeng golet kanca kanggo memengan bareng. Serang nyengete panase nyiru kuning hang wis ngeliwati tengahe awang awang, ahire Maskur ambi Janoto ngajaki Rojali hang magih tetep semangat mauka nggolet poh bain. Mesem hang njumbul teka raine Rojali katon padhang uga ya kaya sing ana rasa getun ring atine nyaut ambi melayu mareki ring lare jak keloronan mauka.
“Iya wis.......ayuk!" Jawabe Rojali ambi ngusapi keringet hang mili terus ring bathuke.
“Rika kelendi mau, paca tah nak ning alas?” Takone Maskur ring Rojali.
“Using wis, tapi yara padha bain panggonane ya ning alas,” semaure entheng.
Lare telu rentengan melaku bareng nyang alas. Wit poh hang arep diluroni iku mula gedhi uga dhuwur pisan. Kadhung dideleng bain teka ngisor kaya nak ngantem awang-awang, poh hang diasilaken bain ya gedhi-gedhi, tapi ya gedigu panggonane hang nong alas nggarai jarang ana hang weruh.
Janoto nggolet watu utawa bata ring dalanan, dikelumpukaken kaya wong hang nggendhong lare bayi serang akehe watu hang digawa ring kelambine.
“He.....kari gedigu dhung nggolet watu, sampek serempodan dhung melaku. Ketang hang dipondhong kakehan Rika iku....” uwele Rojali ring Janoto serang bingunge ndeleng Janoto mondhong watu semono akehe.
“Aran wong luru iku hing mesthi ulih. Kadhung ana hang gemantung yara keneng diserewati ambi watu hang digawa Janoto iku, mangkane iyane golet sampek akeh,” abane Maskur nempali.
“Ye......digu, paham wis Isun, berarti Rika ambi Janoto wis pengalaman nyerewat roh,” Janoto semaur ambi rada nggudha ring Maskur.
“Byek temenan.........sak desa sing ana hang bisa ngalahaken Isun ambi Maskur sasate wih,” semaure Janoto ambi munyik.
“Byalak roh wis........serang titise kadhung ngantem ya? Berarti kadhung gedigu rambutan ambi jambu keluthuke adonisun hang ana ring parek dalan kuburan ika hang nyerewati Rika jak loron tah?” Rojali takon ambi ngakak.
Hing kerasa, Maskur ambi Janoto semaur bareng nyang pitakonane Rojali.
“Iyaaa....marine sapa maning, sampek rijig yaak.....” jawabe jak loron iku ambi bingkak.
“Yee........dadi malinge Rika jakloron iki? Nak Sun wadulaken nyang adon makene dilurug nyang umahe Rika,” ambi nyekakak Rojali ketheng sing mari-mari, alihe ya niyate mung nggeredha tapi cumpune ketepakan hang nyolong kancane jak loron iku.
Serta wis padha sadhar kadhung Maskur ambi Janoto ngomong jujur. Lare loro iku padha salah-salahan dhewek ring dalanan hang wis parek ring panggonan luru poh hang diparani.
“He........using... using, masa gedigu tah,” Maskur ambi Janoto nggolet alasan makene Rojali percaya nyang alasane mauka.
Rojali hang niyate mau mula arep nggeredho ahire njelasaken kadhung iyane mung muyab setemene, tapi ketepakan cumpune hang ditakoni hang njuwut jambu ambi rambutane adone mauka. Rojali nulihi peraenane Maskur uga Janoto wis hing tega, raine katon bengeb serang wedine kadhung paca diwadulaken. Rojali ngomong nyang lare loro mauka kadhung iyane hing bakal mbukak lempitan nyang sapa-sapa, paran maning nyang adone.
Ngerungokaken penjelasane Rojali, Maskur rada lega, ring njero atine hang kawitan wis kemesut cilik sampek hing bisa ngomong paran paran. Janoto magih kepikiran nyang adone Rojali kadhung sampek weruh, sebabe iyane tau weruh amuke adone hang menurute Janoto medeni kaya wong hang ilang pikire. Pungkasane lare jaktelon mau padha njaluk sepura aju balik maning nyang tujuane kanggo nggolet poh. Hing kerasa lare ketelon wis gadug ring alas kono, mula alas hang diparani hing dipager, ya hing ana hang menging sapa bain arep melebu. Paran maning alas iku parek ambi umah-umahe masarakat, dadi setemene ya wis ilang wingite. Kadhang ya ana uwong-uwong hang magih nggolet kayu, ya ana hang angon sapi lan wedhuse ring kana. Amane pisan ya hing ana kewan-kewan galak kaya macan, mung bangsane ula magih ana tapi ya jarang.
Sakat buru teka, lare ketelon wis padha golet dhewek-dhewek. Temekaken ring ngisore uwit wis akeh hang padha cicir. Tapi lare siji hang getun ring kono, yaiku hang aran Janoto, sebabe larene sakat mau wis mondhong watu ambi seru ngabeti makene sing padha cicir tapi temekaken serta wis gadug panggonan cumpu watune hing ana kanggone.
“Buruk yara wis..... pungkasane Isun nggawa watu sakat mau sing ana kanggone,” celathune Janoto ambi mbuwang watu hang wis padha ngothori kelambine, iyane melangkerik bangkel ambi getun.
“Ya iku wis takdir, hang penting Rika wis 8usaha golet watu. Yara padha bain ambi jaga-jaga nawitah kene hing ulih luru ring ngingsoran,” semaure Maskur ambi ngogrok milihi poh hang katon magih apik ulihe luru sakat mau.
“He...Janoto, kudu terima nong kahanan, hang penting yara kene ulih akeh kek.. Malah Isun ulih hang apik uga gedhi-gedhi,” saute Rojali ambi duduhaken poh hang ana ring tangane.
Janoto akhire ngilangaken rasa bangkele mau ambi nulungi nggawa poh hang wis dikelumpukaken nyang iyane uga ambi Rojali lan Maskur. Serta kerasa dhung ulihe wis akeh, lare ketelon mau balik nong kampungan maning.
“Iki arep dikapak lare? Dipangan gedigi bain tah dirujak?” Rojali takon nyang kanca-kacane.
“Enakan gedigi iki wis, hing kathik dikapak-kapak wis,” Maskur semaur nyang Rojali ambi serendengan nggawa poh hang kadhang temebluk, gemelundhung teka tangane serang akehe poh hang dipondhong.
Serta wis melebu ring kampungan, ana wong liwat hang emeh adhep-adhepan ambi nggawa gergaji mesin, kelambine elek, uga nyabuki budhing jak loronan. Wong iku mau arane kang Duki ambi man Saring, pamane kang Duki. Weruh ana lare hang nggawa poh, wong loro mau takon,
“Lik, Iku poh ulih endi?" Kang Duki takon.
“Eh......ulih luru ning kebonan mau Kang, ana uwit poh hang dhuwur dhewek, uwite katon djung dideleng teka kene,” Rojali semaur ambi derijine nduding nyang uwit poh hang mari diluroni mauka.
“Apuwa Kang, areptah? nyak kek, Rika edumen ambi Man Saring,” Maskur nguweni poh hang gedhi-gedhi akehe papat nyang kang Duki.
“Terus arep Rika kapak poh hang kari akeh iku lare?” Man Saring takon kepingin weruh.
“Ya dipangan Man! Marine dikapak wong wis luru sakat mari lohor mau sampek emeh asar ya..” Rojali nimpali ambi nduduhaken poh hang wis dipondhong, ambi nduduhaken kelambine hang goblosan keringet uga kothor gara-gara mondhongi poh.
Man Saring gemuyu aju nguweni weruh nyang lare ketelon iku kadhung poh hang diluroni iku hing keneng dipangan, iyane ngongkon mbuwang bain. Janoto hang wis lempe uga gupuh kepingin mangan poh ulihe luru mau dadi kepingin weruh ambi omonge man Saring.
“Apuwa Man, wong iki poh hang Isun jaktelon gawa hang wis mari dipilihi ring kono mau. Hang digawa masa hang elek-elek tah,” Janoto protes ambi mongod-mongod.
“Using, madak gedigu tah Lik, Kakange iki ambi man Saring arep negor wit poh hang Sira jaktelon luroni mau yak.. dikongkon pak lurah, sebabe wit iku kayane keracunan, dadi timbangane ana hang mangan pohe terus keneng paran-paran dadi kepingine pak lurah dikongkon negor. Delengen tah kek, Isun nggawa gergaji mesin roh,“ Kang Duki njawab ambi nduduhaken gergaji mesine ring ngarepe lalare.
Weruh gedigu, man Saring langsung nduduhi poh hang digawa ambi lalare telu mau nyang ciri-cirine hang wis keneng racun mau. Lare ketelon mau padha kaget, akhire man Saring ambi kang Duki nerusaken melakune ambi ngerasa sekaken nyang lare jaktelon mau.
"Byalaaaak...." berake Rojali ambi mbuwang poh.
“Najiiissss auuu...” Maskur mberak pisan ambi lungguh nulihi pohe.
“Kari bongol Isun iki ya....Hing ndileng-ndileng sakat mau," jare Janoto getun ambi nabok bathuke.
“Masa bongol...tapi lengek....” Rojali ambi Maskur semaur bareng nyang kupinge Janoto. Sakkal lare ketelon mau pungkasane cekakakan ambi ngempos ring pareke umahe uwong ring pinggir alas kerana enget kedadeyan mauka.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)