Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 13 Oktober 2024 08:42 WIB)

(Cerita Cendhek) Manasi Geni


(Cerita Cendhek) Manasi Geni

 Dianggit ring Ida Nur Safitri

“Hang arane baolah iku sing keneng diselekaken sulung tah Lik. Perasanisun sakat isuk jumblu sampek ketemu wayah mene baolah iku magih digemboli bain yaa. Sira iku mau diceluk Anangira ya Lik, sing rungu? Engko tah Anange iku yara nyerecet.”
  “Empun Mak, wau niku Anang nyeluk ajenge dikengken makani sapi, taping sapi niku pun wareg sakat isuk. Suket sore hang tasik nung cingkek Kula pakakaken malih wau,” ucape alus.
   “Yee, iya wis Lik. Jaresun durung Sira reken. Pungkasane Anangira ambek kadhung iyane nyeluk sing dirasakaken," jare emake ambi melaku memburi.
Khoiri hang mari bain dicelatoni nung emake iku nutugaken ebuke nyang baolahe. Hang arane Khoiri iku mula sing bisa diadohaken teka baolahe. Sakat lair procot hang diuthik nawi baolah iku. Seru janggete sing bisa dieculaken teka gembolane.
   “Eh Kang Khoiri, kari santai yuh? Kari enak suwaranrika kadhung gendhingan  Kang," sapane Rahma, lare hang peraenane cemeng manis.
   “Iyo Dhik. Suwun," saute Khoiri ambi mesem sithik.
   Rahma hang arep nyang umahe adone hang mung let rong umah teka umahe Khoiri iku seru bungahe bisa nyapa lancing nggantheng hang dadi rebutane perawan-perawan. Kekarepane iyane iku, bisa disapa balik utawa ditakoni tah arep nyang endi. Taping iku kabeh luput Khoiri mung nyaut ambi mesem sithik. Rahma ya mung bisa ngundha ambegan ambi mesem nelangsa.
***
Srekk..... srekk... sreekk....

Abane emake Rahma nyapu latar umahe. Godhonge rambutan semembur ana nung sekabehane latar, endi latar umahe Rahma ya rada wera. Sing kaop gok wong hang duwe penyakit linu boyok, sakkal kumat pantese kadhung nyapu latare Rahma. Emane emake Rahma magih jaya tandang gawe. Abete Rahma njumbul teka wetan ambi nunggangi sepidhahe hang wernane abang kaya wernane Sunar Udara, baronge Jaripah.
   “Ana Adon Beng? Tandang paran?” Takone emake ambi nyakup romot.
   “Enten Mak. Lunguh-lungguhan kalih Paman,” ucape ambi rupa mbesengut.
   “Apuwa Sira iku? Kaya wong sing madhang bain ya. Mau nung umahe Adon sing dikongkon madhang?” saute emake rada anter.
   “Mboten enten Mak. Sangking kesel wau mari kuliyah niku ya," jawabe ambi melaku menjero.
   Rahma lungguh nung bale ambi nyendhekaken boyoke hang jare mau kesel iku. Taping emake iku dudu lare maning, emake weruh endi kesel endi hang liyane.
   “Apuwa Beng?" Lungguh nung sandhinge Rahma.
   “Mboten napa-napa Mak. Napuwa sih? Kula kesel Mak wau niku pelajarane angel,” saute ambi mata walangen.
   “Beng Emake iki masa lare. Sira arep ngomong paran bain, Isun iki weruh Sira iki ngapus tah using.”
   “Kang Khoiri, Mak. Kula sapa wau jawabe mung sithik. Karep Kula niku kepundi sih ngoten ya Mak,” ucape ngembung iluh.
   “Ya Sira paling nyapane sithik, temune Khoiri ya sithik nyaute,” emake ngadhemaken.
   “Mboten Mak, Kula niku wau pun nyapa apik Mak. Kula ngelem wau niku Mak,” ucape Rahma mandeng nyang emake.
   “Iyawis Beng, nawi mau iku iyane ebuk nyang baolahe iku temune sing pati rungu diejak ngomong. Uwis aja nangis, sing apik. Mesema acake Tik," gudhane emake makene Rahma gelem mesem.
   “Lah Emake iki,” mesem kemisinen.
   “Koh gedigu yara ayuu. Byalak anake sapa endaneee yuh?” emake Rahma seru bisane kadhung nggudha.
   Rahma mung mesem-mesem digudhani nung Make. Hang aran Emak iku mula paling bisa kadhung ngadhemaken atine anake.
   Adan magerib teka sepeker masjid abane wis gadug nung kuping. Suwarane Man Rohan nggudha sapa bain supaya teka nyang masjid. Damar nung umahe Rahma wis padha murub kabeh. Padhange serngenge saiki wis diganteni nung padhange damar. Salat magerib dilakoni sakeluwargane Rahma nung masjid. Mari salat padha kumpul lungguh bareng nung bale.
   “Eh Beng kesuk nyango umahe Wak Ilah ya. Aterena rambutan hang mau apake amet nung sawah. Kari wakeh digi enget nyang uwakira ya. Seru doyane polae.” ucape bapake Rahma hang magih sarungan.
   “Nggih Pak, mbinjing Kula ateraken,” ucape Rahma mesem manis.
   Jam hang temempel nung tembok abete wis ngatonaken jam sanga bengi. Mata hang ana ring umahe Rahma wis padha keliyep-keliyep. Abete Rahma wis lungguh nung ndhuwure peturone ambi nyepakaken bantal gulinge makene turune sing gelibegan. Katon emake marani Rahma hang ebuk mau.
   “Beng, Sira kesuk arep nyang umahe Wak Ilah?” Takone emake Rahma hang suwarane sukur-sukur rungu.
   “Hah? Napuwa Mak?” saute Rahma rada katon bingung.
   “Heh Sira iki Beng aja kari anter. Sira kesuk arep nyang umahe Wak Ilah?”
   “Enggih Mak, wau niku dikongkon Apak. Napuwa sih Mak?”
   “Engkesuk kadhung arep merana aja liwat kono ya. Awas Sira, Beng," jare emake ambi melaku metu.
   Rahma mung bisa kethip-kethip rungu wekase emake. Mergane iyane ya paham paran hang dikarepaken nung emake. emake menging wis mesthi ana tujuwane. Rahma sing milih mikir hang tambah sing kakaruwan, iyane milih turu mergane matane sing pati kuwat dienggo melek bengi.

***

“Nyak Beng, hang keresek abang iki uwakena Wak Ilah. Hang cemeng iku kongkon nguwakaken Mbah Sapi’i nawi uwonge ana," emake ngelungaken nung Rahma.
   “Nggih Mak. Kula ajenge melampah pun.”
   “Enget wekase Emake unibengi?”
   Rahma ngincling bain mergane sing karep ngomongaken perkara iku. Rahma ya wis paham mesthi emake bakal wekas maning. Sepidhahe Rahma temuju digu bain nyang umahe uwake. Gadug pertelon iyane mandheg. Kadhung ngetan iku iyane wis diwekasi emake dipenging liwat kono, kadhung liwat elor tambah adoh, taping atine Rahma sing bisa nulak. Kaya-kayaa ana setan hang ngongkon. Pungkase Rahma tetep milih liwat wetan, liwat dalan umahe adone. Gadug kulone umahe adone matane Rahma langsung temuju nung Khoiri hang memengan angklung nung ngarep umahe.
   “Eh Kang Khoiri. Dengaren sing baolahan Kang, biyasahe sing bisa adoh nyang iku," ucape Rahma mesem manis.
   “Iya Dhik.” Mesem sithik aju nyambung ebuk maning nyang angklunge.
    Hang dikuwatiraken nung emake Rahma malah kedadeyan. Karepe emake iku makene Rahma iki aja kecaruk maning nung Khoiri. Sepidhahe langsung bain dipancat melesat adoh nung umahe uwake. Nung umahe uwake iyane ya sing suwi mung sedhela bain. Merga pikirane magih temuju nung Khoiri hang sing ana uwahe kadhung disapa. Mari warah wekase emake, Rahma pamit nyang uwake arep mulih. Sing ana telungpuluh menit iyane wis gadug nung umahe.
   Serta gadug, Rahma agage melebu kamar aju kacaan lan mbatin, endane iyane seru sing pantese tah dinggo Khoiri. Kari gedigu seru Khoiri iku nyang iyane. Matane mangkat mata walangen kaya wong kejiman.
   “Heh Beng, Sira iki aja pati ngelamun. Kesambet kapok Sira ya. Apuwa maning? Kari gelis tekane iku mau sing kathik lungguh tah?” emake ngadeg nung mburine Rahma.
   “Lungguh Mak, taping sedhilut. Kang Khoiri niku Mak, sing ana uwahe," temetes iluhe.
   “Sira iki Beng. Sing enget nyang wekase emake unibengi? Turparan mau isuk yara wis Sun warah maning. Wis dipenging liwat kana iku ya,” ucape emake rada ngamuk.
   “Sepuntene Mak. Akeh setan wau niku," saure Rahma terang-terangan.
   “Kari dhemen Sira iku ya. Khoiri iku nawi wis duwe dhemenan Beng. Mulane Sira sing tau direken.”
   “Mboten Mak, Kang Khoiri mboten nggadhah. Teng sosial mediane nung internet mboten enten dhemenane Mak.”
   “Alahhh ya nawi sing dikatonaken nung kono. Mulane tah rungokena emake ngomong iku. Uwis menenga pumpung apakira durung rungu, tambah diuwel Sira. Awas Sira gedigu maning.”

***

Hawa adhem isuk nung umahe Rahma seru nyengete nung awak. Serngenge abete wis mangkat munggah nung petarangane teka bucu wetan. Donya wis mangkat padhang merga sunare. Manuk-manuk padha miber melaku golet pangan. Pitik padha ngokok anter-anteran. Rahma hang katone rada bingung ambi tugas kuliyahe merga bukune sing ana. Iyane buru enget kadhung bukune magih nung Ina kanca kuliyahe.
   “Mak, Kula ajenge njuwut buku nung umahe Ina. Tugas Kula durung mantun ya Mak merga bukune tasik teng Ina. Emben ditumpuk.”
   “Ina sapa? Pareke umahe adonira iku? Aja! Aja merunu saiki. Kesuk bain.” Menging ambi rada mempeng.
   “Napuwa sih Mak? Kula butuh ya. Mboten mantun kadhung mbinjing buru digarap.”
   “Uwis aja pati ngengkel nyang wong tuwek. Emake ngomong aja ya tandhane aja. Sangking pingin kecaruk nung Khoiri Sira iki. Engkesuk bain meronowa, aja saiki. Emake arep nyang umahe Mbak Yanik sulung nganu kelambine apake kek. Awas Sira ya Beng sampek tetep merana. Emake sing suwi mari ndeleh nawi aju mulih."
   “Ya Allah mboten Mak. Kula butuh saiki.”
   “Alahh uwis kesuk bain aja saiki! Magiya magih emben ditumpuk.”
   Rahma bingung sing kakaruwan merga tugase sing mupakat wakehe. Iyane wis ngira kadhung nggarape kesuk wektune sing kira nutut. Iyane bolak-balik mikir kaya setrikaan. Pungkase iyane nekad wis timbangane tugase sing mari. Iyane meksa melaku nyang umahe Ina. Magiya iyane ya sing ana niyatan arep kecaruk Khoiri. Sephidah dikebut melaku nyang umahe Ina. Nawi mung sepuluh menit iyane gadug nung kana. Gadug ngarep umahe Ina matane Rahma langsung temuju nung montor cemeng mulus nung ngarepe umahe Khoiri.
   “Eh ya Allah calon mantunisun, kari ayu Sira Beng. Ayo melebuwa. Sakat mau Sira sun anteni ya,” ucape emake Khoiri nung lare wadon hang metu teka montor ambi bapak emake.
   Rahma mung bisa narik napas sak dawa-dawane uga nahan banyu matane hang wis arep cicir. Rasane atine ajur, dhadhane kemeleser panas kaya disiram geni. Taping paran, iyane wis sing bisa nahan banyu mata maning, kabeh awake kaya mati. Katon Khoiri metu ambi mesem-mesem ngatonaken kelendi bungahe atine. Sing sengaja Rahma nyundhul pot sampek Khoiri nulih.
   “Rahmaaa!! Rahmaaa!” celuke Khoiri.
   Rahma wis sing kuwat maning nahan larane atine. Iyane langsung muter balik lan melaku mulih. Iyane ngejos karepe makene gancang gadug umahe. Hang arane arep njuwut buku mau sing ana juntrungane, luput nyang angin. Gadug umahe sephidah dideleh sak anane wis. Kontak sing dicabut langsung melebu digu bain nung kamare. Emake hang wis teka lan lungguh nung mbale seru kagete ndileng anake teka mbesesegen.
Ndubrak!
“Astagfirullah Beng, apuwa Sira iku? Bukaken lawange Beng bukaken! Apuwa Sira iku?” nothok-nothok lawang kamare Rahma.
   Rahma metu mbukak lawang langsung meluk emake ambi nangis mesesegen.
   “Ya Allah Beng, apuwa Sira iki? Aja nggawe emake wedi gedigi Beng. Apuwa Sira iku?” emake keweden.
   “Kang Khoiri Mak. Kang Khoiri arep nikah Mak. Mau ana bakale. Jare emake Kang Khoiri ikun calon mantune.” Rahma mesesegen sing kakaruan.
   “Ya Allah Sira iki Beng, apuwa sih kari cengkal? Emake mau yara wis ngomong aja nung umahe Ina saiki. Emake weruh kadhung Wak Nur iku arep ana besane, mulane emake menging Sira merana. Emake iki sing kepingin Sira weruh Beng. Sira iki Beng, kari kuwat wis Khoiri sing tau ngereken nung Sira. Iya, emake weruh Khoiri iku larene apik, apik seru malah. Taping kadhung nung Sira gedigu kirane Emake lila? Ya using Beng. Sira welas nyang Khoiri sakat taun alip iku mung manasi geni Beng, weruh Sira? Percuma. Kendhang kadhung ditabuh selisih enak? Yara using? Uwis saiki Sira yara wis weruh. Saiki mandhega aja pati mikiraken Khoiri bain, lare lanang nung donya sing siji. Wis lilakena Khoiri iku. Sira iku ayu, magih akeh lancing hang dhemen uga luwih welas nyang Sira," emake Rahma sampek kembung iluh pisan.
   Rahma mung bisa nangis mbesesegen sing kakaruwan. Sampek arep nyauri emake bain wis sing kuwat. Rahma buru sadhar kadhung iyane dhemen nyang Khoiri iku mung nguyahi segara, ya sing ana artine paran-paran. Ya wis iki dalan uripe Rahma. Iyane sing bisa nyandhing lare hang diwelasi, hang iyane terima ya mung lara. Iyane kudu ikhlas ngelilakaken wong hang diwelasi nyandhing wong liya. Rahma kudu belajar nyuda welase pumpung durung kasep, kadhung wis kasep malah bisa nggarai atine tambah lara sing ketulungan.###

 


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ida Nur Safitri

Editor: Hani Z. Noor