Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 15 Juni 2025 05:21 WIB)

Cerita Cendhek - Mantera Ajaib


Tawang kedhokan mari disingkal, kinclong-kinclong kesentor serngenge hang wis hing endhep maning. Jidni duwe tugas ngateri bapake, lautan lohor. Kedhokan hang buru mari diatengi gadug wayahe tandur, mesthi bain dikembengi banyu. Teka kadohan gemerengeng abane gergaji mesin kaya abane sepidhah montor digas. Ditambah maning suwarane cenggeret nengeri bedhug endheng-endheng.

Ayang-ayangane Jidni lan Ibal—kancane, gemilap kaya ngetutaken jangkahe reruntungan turut galengan.  Ibal disemayani Jidni golet welut. Mulane, masiya emake hing ngongkon, Jidni hang gayap beruwat nyang sawah. Merga bisa mesisan ambi memengan. Menek jambu tah, luru poh ning Man Sumerik, nepil manuk, ciblungan, paran maning dhung nepaki ana gedhang rubuh, bisa dibakar.

Ring sawah nggarahi ati kerasa jembar. Nulih mendhuwur kaya bisa nggayuh langit. Nulih mengingsor langsung ngidek lemah ndelamak bumi. Nulih ngiwa nengen, donya  seru kerasa wera.

Mbakar welut ring pinggire pondhok, aju mariku adus-adusan. Gedigu hang ana ring angenane Jidni. Mulane teka umah, iyane wis nyepakaken telik kanggo papane umpan hang arepe dipasang ring kedhokan. Sakmentara Ibal wis nggawa bawang putih lan tempe kanggone umpane dibuntil ring keresek.

“Amening tah Jid!” Ibal hang mbuntut ring mburine Jidni milu ngabeti. Ketang, tangane Jidni karo-karone nyangking gawan. Ketel banyu hang kemeringet ring tangan kiwa. Katrol sega telung sap ring tangan tengen. Sakmentara awake Jidni, mingak-minguk bain ngejaki gesah Ibal.

“Nek tah kene Jid, Sun gawakaken ketele!” Ibal mula awehan lan welasan nyang kanca. Aja-a gedigu, duwe paran-paran Ibal hing melid nguweni Jidni masiya tah mung sak guplik. Jidni sing gelem ditulungi nyangking, magih bain ngeronyes ngereka nong endi bain sasaran panggonan ngandohe telik.

Melaku ring galengan hang kedhokane arepe tandur, rasane kaya melaku ring tengahe segara hang ana galure.  Mungne nana ombake. Kadhung meripat meleng, bisa-bisa kejerongkong lan kecebur.

 “Apak, laut...!” Jidni melungi bapake hang mungkruk magih maculi galengan. Suwarane Jidni katut miber kegawa silire angin.

“Bal, bawang putihe ambi kencetana wih!” Jidni merentah. Ibal nyelendhang telik ambi ngabeti cocor capile hang emeh melamuk. Atine mung mbatin, tiba-a tah sira ya, hun lodhongaken! Serang geregeten nyang Jidni kari sing fokus nyang dalan.

“Jid, amening Jid. Melencata!” Ibal kaya nguwani komandho merga Jidni kaya sing sadhar nyang jangkahe. Sikil tengene kebangklet selolore suket. Jidni luput ngidek dalane banyu ilenan. Sedhengkul ngantem galengan hang durung garing popokane. Ketel emeh sing selamet, emeh kuntek isine. Emane Ibal agage nulung Jidni hang tiba sedhengkul.

“Mulane tah, tulihen dalane iku! Wis diabani sakat mau!” uwele Ibal ambi nyandhak ketel hang banyune kari separo.

“Magih ana wungkule Bal?” Jidni takon masthekaken isine ketel ambi gupuh njejegaken katrol hang mengsle tutupe. Kuwatir isine padha kuntek, yara wurung mangan bapake. Ibal mosed kencenge katrol hang keneng belethok. Diingser, isine magih wutuh. Kokohe jangan hang rada suda.

 “Wis aja nangis, godhong kelaras godhong kemiri, gelisa waras gelisa mari!” Ibal ngusuk lan nyemprong dhengkule Jidni hang gobod belethok. Jidni ngakak rumangsa Ibal gok ngudang kaya embah adone.

“Lah, nuwek auuuu..” Jidni kauk.

Semilire angin nggarai icis. Sing sadhar, teka kadohan bapake Jidni hang wis laut dhogolan nyangga sakane pondhok.  Jidni gancang wisuh nyang kalen, merga dhengkule gubud belethok. "Keneng uwel Apak ya lumuh iki wis," usike Jidni.

“Madhanga pisan Lik...” kongkone bapake Jidni nyang Ibal. Weteng wis wayahe diiseni. Madhang bangete elom mula nikmat seru, paran maning ring tengah sawah.

Onclang-onclang Jidni mara nyang pondhok, gancang nampel tangane Ibal hang arep nampa aren.  

“Ngombeya bain. Aja ndak madhang!” penginge Jidni lagotane arep golet welut, gulakane nawi wareg sulung.

Buntilan keresek gancang diujeti, nutugaken lakon. Godhong sak suwek digelar ring ndhuwur watu hang ceper. Setemene, bisa nganggo cacing utawa percil anakane kodhok hang cilil kanggo umpan. Mungne Jidni ambi Ibal emong dhung leren golet, kesuwen. Nggawe umpan hang katon mata lan gampang bain.

Bawang putih dipasang ring watu, aju ditujah sepisan makene ngelembet kulite. Bawang aju digejah-gejah sampek rada alus. Dene tempe hang pesagi, dikuwek bain nganggo kuku, gena ukurane rada cilik-cilik. Mariku terus diuled dadi siji.

“Hang ramed ngulede Bal...” perentahe Jidni kaya mandhor.

Ambune bawang putih hang semedhet wanter, gelis diambus bacote welut. Welut hang kesit gelis nyaup umpane. Telik dadi gancang akeh ulihe. Pentese bain bolongan bacote welut hang cilik setemene padha kaya menungsa dhung ngambus olah-olahan hang akeh bawang putihe saya sedhep.

Telik ana papat. Kadhung papat-papate iku disaup welut kabeh. Widhiih, bisa tuwuk. Pesta welut, gedigu ring njero atine Jidni ambi ngiseni umpan sak cukupe.

“Woh, jebod Jid!” Ibal ngiling-ilingi, telik rada didhangakaken.

“Alaaak, iki pisan yah!” Jidni ndileng telik liyane. Eman-eman wis ngeracik umpan akeh. Dhung telike ngisor bolong, welut ya bisa ucul.

Hing kentekan akal, keloron selabar budhing nyang bapake Jidni enggo negor jajang. Taping dhung nganggo jajang, saya suwi merga kudu leren nyigari terus diweladi rada tipis.

“Budhinge Apak diselang Man Akim negor kelapa. Nyanga merana njaluka belarake hang kepus.” Bapake Jidni milu urun penemu.

“Eeh iya Jid, bener apakrika. Nganggo semat bain!” abane Ibal. Jidni gancang-gancang ngeringkesi karine umpan. Dipincuk aju disemati gena sing disemuti. Dene telik loro hang wis diumpani, dicelepaken bolongan kedhokan. Suwene njuwut semat, nawi tah telik hang wutuh bisa asil.

“Ring kene bain Bal...” Jidni ngogrok, masang telik hang wis diumpani. Nulih lambene Jidni hang cemit-cemit nyelepaken telik, Ibal gemuyu. Jidni serius, mung ngisarataken Ibal gena aja buyek. Derijine ditepelaken lambene. Kaya guru menging muride rame ika.

“Rika nak rungu mantranisun tah?”

“Mempan tah using?” Ibal balik takon.

“Aja nyamah. Dilengen bain engko...” semaure Jidni nemah.

Gergaji mesin abane kaya wis dhem. Wis padha ngepos mesthine wong negor kelapa.

Gadug ring Man Akim, uwit kelapa wis tireb ring ndhuwure lemah. Kelapa kiring wis kemelumpuk dhewek. Hang kelire rada semu kuning, ya wis dicandhi. Pikulan bongkok, wis bek kelapa ngarep mburi. Kerucuk, mancung lan belarak garinge didhewekaken merga keneng enggo urub-urube geni.   

Man Akim mbacuki kenceng empol kelapane ring pucuk hang ketinggulan janur.  Hing makan nganggo budhing, bisa nganggo perkul. Empol hang enom, paceke rasane manis. Kaya bung enom. Dene janure digeningaken gemelethak. Mungguha parek lebaran, janur mesthi payu dienggo nggawe kelonthongane kupat lepet. Malah munggane wakeh, janure bisa dikelenceraken gadug nyang Bali kana.

Merga wis ketumpuk-tumpuk, belarak hang magih ijo kudu dienyeng, jak loron rumangsa wis mari idin. Merga semat ring belarak  magih wutuh ana ring ngisor dhewek.

“Ji... ro... lu...” Kanteren mbatek taker kelumah bareng. Taker kempis-kempis keloronan batek-batekan.

Mari diseret teka bongkoke, semat dikelumpukaken. Dijuwut sak cukupe terus diseret, kaya wong arep nggawe tepis.

Telik hang jebod gancang direngkedi maning nganggo semat hang lemes. Masiya hing pati apik kaya telik gawenan wong tuwek, hang penting bolongane hing kariya wera. rada pepet, gena welute hing ucul.

“Lik, mesisan Isun titip budhing nyang bapakira ya!” Abane Man Akim bangete  dipamiti. Jidni aju naleni budhing sak werangkane ring sabukane.

“Daugan nggawaa, siji idhang...” sing kathik nulak, Jidni Ibal girang temenan. Mari-mari tepak. Pesta temenan engko!

“Ameta telu nyang bapakira. Nggawa papat kuwat tah?” abane Man Akim nari, makene mesisan. Gena nggawane padha, sing dhengkol.

“Siyaaap...” jawabe Jidni lan Ibal barengan aju ngucap terami.

Telik wis diselendhang. Balik nyang pondhok, kudu liwat pinggirane jurang. Dhung sing ngati-ati, bisa keberosok kecebur nyang banyu gedhi. Aju gemelundhung degane, gulakane wurung pesta.

“Tulihen dalane Jid, tiba maning lodhong Sira!” abane Ibal ngengetaken Jidni maning.

“Eh, alaak...” Jidni api-api nyerendeng.

“Hih, kakeyan akesi! Sundhungaken mesisan tah?” Ibal tambah muyab.

Kongos-kongos Jidni lan Ibal kemeringet kaya mari olahraga. Gadug pondhok, degan digelidhagaken nyang lemah. Budhing sak werangkane diselehaken pelanca.

“Acake Jid ayuk, didileng telike. Asil tah ndane?” mari nggelegek banyu teka ketel, Ibal enget nyang telike hang mula. Jidni mbiyak pincukan karine umpan gancang-gancang dipasang ring telik hang buru dibecikaken.

Bangete nyulepaken telik hang mula, dituncepaken pisan anjir nganggo lothek. Kanggo tengeran, temune sing leren memed nggoleti telike.

“Alaaah, apes Jid!” abane Ibal narik telik hang wis dipasang kawitan mauka, abete kaya nana welute. Telik hang gubud belethok dikopyok-kopyok makene rada rijig.

“Aperuwa hang sijian maning Bal...”

“Iyeleeeh, Jid! Manterane Rika kari mujarab Jid!” Ibal mbatek telik kaya wong mbedhol kacang serang embuke. Jidni mung sedhakep akesi. Telike wis kelebonan welut. Masiya mung telu, taping girange kaya ketibanan ndaru.

“Aja lali ra! Iki dipasang pisan!” abane Ibal ngengetaken Jidni. Kerundhus-kerundhus keloronan golet bolongan ring kedhokan liyane.

“Ayo Bal, tirokena manterane, makene saya mujarab.” abane Jidni mungkruk nggoleti bolongan ring kedhokan. Ibal mencep taping ya nurut nyang Jidni.

“Lut-ilat welut. Tilika umpanisun, melebuwa manggut-manggut.”

Ibal kudu-kudu kekel rungu mantera hang diucapaken Jidni. Maning-maning, Jidni ngisarataken gena serius. Ibal nelakepi cangkeme nganggo delamakan tangane. Telik mari diculepaken, sing lali diuweni anjir maning.

“Lut-ilat welut. Melebuwa manggut-manggut...” abane Ibal nirokaken. #

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ilustrasi AI

Editor: Hani Z. Noor