Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 01 September 2024 07:39 WIB)
(Cerita Cendhek) Mbok Imah
Mbok Imah
dianggit ring Linda Mustika
Mbok Imah, wong wadon setengah tuwek hang momong anakisun, jare isun kelebu wong hang antik. Setemene sakat kawitan, isun ya wis ngerasa gok iyane iku rada antik, rada aneh. Isun ambi lakinisun Kang Ardi, merdhayoh nong umahe, nawani pegaweyan. Lakinisun megawe, isun ya megawe dadi butuh uwong hang bisa momong Raja anakisun, hang magih TK nol besar, ngganteni Siti hang wis seminggu iki pamitan istirahat nong umah polae lara sesek.
Ndeleng umur-umurane, kira-kira magih 45-an. Rambute sak pundhak disemir werna semembur antara abang lan soklat. Kuping kiwa lan tengen ana bolongane kaya marek nganggo anting-anting. Isun dhewek malah sing nggawe anting-anting kerana bolongan anting nong kupingisun wis pepet. Hun lirik sikile, hang kiwa nggawe gelang sikil cilik.
Marek uluk salam, isun ambi Mas Ardi dikongkon melebu nyang umahe, hang katon paran anane, rada bida ambi dandanane hang duwe umah, hang jarehun rada kemeromong.
“Mbok ambi kakang iki sapa, teka endi, gok ngarti umahisun. Ana pardu paran?” sapane Mbok Imah.
“Kenalaken, Isun Ina ambi Kang Ardi lakinisun. Isun weruh aran lan umahrika teka maratuwanisun, hang umahe nong wetan lurung. Jare sore Rika takon pegaweyan?” Taping Mbok Imah mung metenggengen ndeleng isun ambi Kang Ardi.
“Eh...iya Mbok. Sore Isun nong umahe mbok Yati nakokaken nawi ana pegaweyan. Isun dilereni teka panggon pegaweyanisun hang lawas. Juraganisun hing butuh maning tenaganisun. Taping Isun butuh penggaweyan dienggo urip sedina-dinane.” Mbok Imah ngomong, suwarane rada kesandhet sithik, ambi ring pucuke matane rada ngembeng iluh.
Isun mung manthuk-manthuk kaya manuk dheluk.
“Saiki Mbok Imah nong umah ambi sapa, kari sepi wangune,” takone Kang Ardi.
“Isun manggon dhewekan nong umah iki. Anak-anakisun wis duwe urip dhewek-dhewek ambi keluwargane. Kadhange anak-anakisun nyambangi. Iku bain tepak kabeh duwe wektu sela. Yong iyane kabeh uripe dhewek susah. Isun iki rabi nomer loro taping wis suwi hing direken ambi lakinisun. Nyang anak-anakisun, Isun sing ulih njaluk paran-paran nong bapake. Bengen ya tau dadi TKW, taping terus mulih kerana situwasi hang sing enak,” abane edheng.
Isun rada kemesut ngerungokaken Mbok Imah nyeritakaken sejarahe dhewek. Isun ya welas dadine. Kang Ardi hang ana ring sandhingisun ya milu perihatin nyang Mbok Imah.
“Yee...gedigu ceritane. Sepurane ya Mbok, Isun hing nak nggawe Rika susah,” jare Kang Ardi.
“Hing paran-paran Kang. Mangkane Isun ngarep-arep bisa gancang ulih penggaweyan makene hing ngerasakaken sepi nong urip iki,” abane Bu Imah, ambi setengah mata walangen.
Pungkase cerita, isun lan Kang Ardi nawani pegaweyan dadi tukang momong anakisun Raja, suwene isun ambi lakinisun megawe. Saben isun lan Kang Ardi wis nggadug umah teka megawe, Mbok Imah mulih nyang umahe. Kapan tepak ana dina perei, Mbok Imah ya perei pisan ulihe momong Raja.
Mbok Imah seru girange nampa pegaweyan hang sun jelasaken. Isun kudune mbuwang pikiran-pikiran elek bab Mbok Imah. Masiya rada antik, temune omongan lan sikape ya alus. Muga-muga bain Raja bisa nerima tukang momong anyar.
Bu Imah momong Raja hing nong umahisun taping nong umahe maratuwanisun, emake Kang Ardi. Mula Raja sakat cilik bengen, dititipaken nyang emake Kang Ardi, kerana nong umahisun sing ana uwong maning. Paran maning emake Kang Ardi saben-saben mikiraken Raja. Wong tuwekisun nang luar kota, repot kadhung emak pindhah merene.
Pungkasane emake kang Ardi setuju gok Raja diemong wong liya, taping manggone ana ring umahe.
Dina ganti dina. Katone Raja dhemen nyang Mbok Imah. Isun sing weruh kelendi rewele saben dinane. Isun ndeleng Mbok Imah ya telaten ngerumat anakisun. Isun lan Kang Ardi dadi ayem ati ndeleng Raja anteng diemong ring Mbok Imah.
Soren iku kaya biyasahe, isun lang Kang Ardi mapag Raja. Mari uluk salam, isun ndeleng Raja mbelayu girang rungu suwaranisun.
“Kok kari sepi?” batinisun. Sun takoni Raja, nong endi adone lan Mbok Imah.
Jarene Raja, adone menyang warung. Mbok Imah ana nong pawon olah-olah.
Kerungu jawabane Raja, isun gancang nyang pawon nggoleti Mbok Imah. Isun ndeleng Mbok Imah nong ngarep kompor ambi nggoreng, taping gok ngomong dhewek. Hang nggawe pitakonan, Mbok Imah ngomong ambi sapa? Hun deleng hing ana wong liya nong kono. Teka kadohan isun hing pati rungu paran hang diomongaken. Suwi-suwi isun hing serantan.
“Olah paran Mbok Imah?” sun takoni edheng-edheng.
“Oh…Bu Ina. Iki…Iki…olah lompong Bu,” jawabe Mbok Imah setengah kaget rungu isun nyapa iyane.
“Yee...iya wis, terusaken olah-olahe. Iki Raja arep Sun jak mulih. Engko njaluk tulung pamitaken nyang Emak ya. Raja hing rewel, yara?"
“Eh...using Bu Ina, Raja hing rewel,” jawabe Mbok Imah edheng.
Hing suwi pamitan, isun gancang ngajak Kang Ardi mulih.
Gadug umah, isun cerita nyang lakinisun paran hang sun deleng nong pawon umahe emak.
Kang Ardi magih ngadhem-ngadhemi. Jare Kang Ardi nawi Mbok Imah kepingin ngetokaken uneg-uneg nong njero atine tepak dhewekan. Isun bisa ngarti nyang omongane lakinisun. Polae emake Kang Ardi ya sing tau cerita ana hang aneh teka Mbok Imah. Lan Raja ya sing tau rewel saben dina bareng Mbok Imah. Nawi Kang Ardi bener. Hun buwang adoh-adoh rasa curiga nong atinisun.
Seprene isun ya sing tau takon nyang maratuwanisun bab Mbok Imah. Sampek soren iku. Kaya biyasahe, isun ambi Kang Ardi mapag Raja. Sun deleng nong njero umah sepi. Isun melebu nong pawon nggoleti Mbok Imah hang olah-olah embuh paran. Saya parek, ambune wangi kaya bubukan sabun hang biyasah dienggo umbah-umbah kelambi.
“Nggoreng paran, Mbok Imah? Kok, ambune wangi seru?” takonisun nyang Mbok Imah ambi deleng paran hang digoreng lan diudheg-udheg. Sun pandengi hang nong wajan, mula kaya sabun bubuk. Isun gumun weruh ana bubukan sabun nong wajan.
“Oh…hing olah paran-paran Bu,” jawabe Mbok Imah ambi mesem sithik. “Lha, iku hang diolah paran?” takonisun maning.
“Hing olah paran-paran kok Bu,”jawabe Mbok Imah magih cengkal.
Isun hing bisa meksa nakoni, tapi seprene magih hing weruh paran hang diolah.
Isun cerita nyang Kang Ardi bab bubukan sabun hang digoreng. Kang Ardi milu gumun, taping magih takon, nawi hang sun deleng luput.
Kisuke isun takon nyang emake Kang Ardi bab sipat anehe Mbok Imah. Jare emak, mula kadhang iyane ngomong dhewek. Tepak emak nakokaken apuwa ngomong dhewek, Mbok Imah semaur gok iyane nong njero atine bangkel ambi rabine hang ninggal iyane. Taping Mbok Imah ya sing bisa paran-paran. Dienggo ngetokaken bangkele, pungkasane iyane ngomong dhewek. Hun takokaken bab sabun bubuk, emak ngomong gok iku wedhake Mbok Imah hang mula ambune wangi.
Sepisan maning isun ngilangaken curiga ning ati. Paran maning ndeleng anakisun sing tau rewel.
Hing kerasa wis telung ulan Raja dikancani Mbok Imah. Masiya iyane rada akeh misterine, isun lan Kang Ardi ngerasa cocok iyane dadi tukang momong anakisun.
Bengi iku isun ndulang Raja madhang. Tengah-tengahe ndulang, Raja ngomong nyang isun: “Bu, mau Mbok Imah ngomong gok Isun arep diolahaken cecek goreng.”
“Haa?” batinisun. Isun mung bisa ngomong iku bain nong njero ati isun, ambi tetep ndulang Raja. Engko arep sun ceritakaken nyang Kang Ardi hang magih adus. Isun kepingin weruh jawabane Kang Ardi. Setemene isun mbutuhaken tenagane, taping ya gedigu. Mbok Imah, sapa rika sebenere.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Linda Mustika
Editor: Hani Z. Noor