Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 08 November 2020 08:05 WIB)
(Cerita Cendhek) Pageblug
Desa Curah Bandha mara-mara keneng pageblug. Sawah laib wurung panen kerana kesulungan wereng, uwit-witan padha garing kaya nak gempung sing ana perujukan godhonge belaka paran maning ngarepaken uwohe. Kewan-kewan ya pating matek keneng penyakit embuh paran arane, suket pakane sapi lan wedhus ya sing merujuk ring tegalan kaya biyasahe, pitik lan bebek padha ngendat kaya ngambul sing gelem ngendhog. Lare-lare cilik akeh kang lara, wong tuwek ya padha warang. Desa iku saiki kaya desa kang ana ring pilem horor, panggonane jerangkong tah iku, wingit, sintru, tenget temenanan.
Pengulu Desa, para sesepuh adat sing bisa paran-paran. Omongane Lurah, Carik lan Jagabaya wis sing dianggep. Suwene dadi lurah, sedurunge ana pageblug iki, Carik ambi Jagabaya paceke diperentah narik pajek nyang para tani saben panen sawah lan kebonane utawa saben adol raja kaya. Lurah lan perangkat desa iku sing tau ngurusi desa lan butuhe masyarakat. Dhemenane nggawe iwuh sak kancaan main kertu ambi mabuk-mabukan. Masarakat sing ana kang wanen ngomong kerana jagabaya paceke ngancem kadhung ana warga kang sing terima. Embuh raja kayane diracun, sawahe dirusak, pokoke sing ulih ana kang protes nyang polah tingkahe lurah lan kanca-kancane iku. Salah siji sesepuh adat kang tau ngengetaken bain sekala dibentak, kisuke umahe kobongan.
Saiki kahanan wis beda. Desa kang bengene subur makmur, saiki kaya desa mati. Sing katon ana jenggirate warga desa kang bengen saben pitik manggung mapag serngenge pating mangkat menyang langgar aju padha telikas nggarap sawah kebon lan uga golet pakan raja kayane. Warga desa saiki aras-arasen arep ngelakoni sembarang kalir. Mung kari pirang uwong kang magih patheng subuhan ring langgar, Pengulu Desa, para sesepuh adat, sing sampek sepuluh warga desa liyane. Warga desa wis kadhung akeh kang keneng pengaruh nyang polahe lurah lan kanca-kancane. Diajak milu main kertu, adu pitik sampek pungkasane diajak ngombe. Mula tujuwane lurah ambi kanca-kancane supaya warga desa mauka bisa diapusi, kadhung kalah main diselangi picis mbayare ambi anak-anakane kang nekek gulu.
Saiki sarta kahanan desa keneng pageblug, lurah lan kanca-kancane kang mula wong njaban padha minggat metu teka desa. Sawah kebonan kang dadi jaminan utange warga diedol kelawan cara meksa lan ngancam warga. Akeh uwong kilangan sawah lan kebon, kerana embuh kelendi carane, surat-surate tanah bisa digawe dadi arane lurah, carik lan jagabaya iku. Pengulu desa, para sesepuh adat lan warga kang sadhar gok lurah ambi kanca-kancane mauka wis ngapusi aju rame-rame nekani nyang kantor lurah. Warga ngamuk, berak-berak nggoleti lurah, carik lan jagabaya arep diered lan diukum cara adat. Taping mula wong jak telon iku jahat, kayane ana kang ngewarahi gok warga ngamuk, uwong jak telon mauka wis metu teka desa lan seperene sing balik maning.
Warga kang diapusi, tanahe diempet kerana dipaksa jare dienggo mbayar utang mung bisa getun, saiki bandhane sing bisa dijaluk maning, kerana kang tuku tanah teka lurah sak kancaan wong njaban, sakwetara warga desa kang lugu sing paham bab hukume surat tanahe ya mung bisa ngomplong merga wedi diancam melebu bui. Saiki tanah-tanah mauka dadi duwene uwong njaban kang sing dikenal lan sing tau manggon ring desa iku. Ring tanah mauka saiki kaya arep dibangun pabrik tah paran, akeh wong njaban kang melebu metu, tapi sing ana warga desa siji-sijiya kang diajak milu megawe, embuh dadi tukang tah kuline.
*****
Subuh iki kerasa adhem, angin rada anter nerak uwit-witan kang ngeranggas garing. Godhong pating cicir, miber kegawa angin aju leleran sak temebluke. Anang Rois, pengulu desa iku melaku nuju langgar kidul umahe ambi ngerungkebaken sarunge nyang awake sak endhase. Masiya sing patiya adoh langgar teka umahe, naming angin seru antere. Gadug langgar cumpune wis ana Wak Asir nganteni wayah adan subuh ambi lungguh rengeng-rengeng nyanyi puji-pujian. Katon Anang Rois teka, Wak Asir mapag tekane, uluk salam,
“Assalamu’alaikum Nang, byek.. kerungkuban sarung kari kaya ninja ya.”
“Alaykumussalam.. yaiku, ketang kari njelu seru ya Sir. Iki durung padha teka tah liyane?”
“Sedhilut engkas nawi Nang, wis manjing iki," saure Wak Asir kang masiya umure lebih enom mung pitung taunan teka Anang Rois taping kerana wis biyasah dadi nyeluke anang.
Sing sepira suwi, ana warga loro kang teka. Nyusul ring mburine Man Ahab kang rada gupuh wedi kasep. Man Ahab iki suwarane anter, mulane iyane kang paceke adan ring langgar iki. Ambi nganteni liyane kang durung teka, uwong-uwong mauka lungguh silah ambi rengeng-rengeng puji-pujian. Suwarane kaya milu angin nak nggugahi kabeh warga desa kang magih padha nutugaken lakone ngipi.
Sakwise sembayang subuh lan wiridan, uwong-uwong mau ana kira-kira jak sewelasan. Anang Rois, Wak Asir, Man Ahab, Kang Ipin, Kang Dullah, Kang Usup, Kang Jul kang dadi para sepuh ring desa iku ambi ana warga papat lungguh gesah. Sepisan iki Anang Rois duwe niyatan merga ndileng kahanan desa kang keneng pageblug.
“Dulur kabeh, saiki awak dhewek wis ndileng gok kahanan desa iki kaya gedigi. Pageblug sing bisa ilang, sawah kebon akeh kang wis rusak sing ana asile, kewan raja kaya ya akeh kang matek diantem penyakit, lalare cilik ambi wong tuwek ya padha kadheman. Isun mikir, endane iki adzab teka Gusti Allah kerana awak dhewek lali sukur lan urip ngelakoni maksiat?”
Wak Asir kang dianggep pinter perkara ilmu pengetahuan semaur.
“Bener Nang, Isun ya mikir gedigu pisan. Lurahe awak dhewek kang saiki iki uwong njaban kang embuh kelendi carane sabene bisa dadi lurah ring kene. Tingkah polahe sing apik, dhemenane main lan mabuk-mabukan. Iyane kudune meruhi nyang adat desa iki, kelendi masyarakate urip sakat bengene mbangun desa ngersaya bareng sampek desa iki dadi desa kang makmur lan nggarai uwong njaban rebutan dadi lurah. Endi maning rewange Carik ambi Jagabaya iku kaya sengkuni kang paceke mbisiki lurah supaya nyelingkuhi para sesepuh adat kang bengene dadi panggon rembug nyang paran bain kang arep dilakoni ring desa iki. Sarta desa iki wis rusak, iyane aju leren dadi lurah saiki minggat embuh nyang endi.”
Kabeh manthuk-manthuk ngerungokaken omonge Anang Rois ambi Wak Asir. Mula bener gedigu kahanane.
“Bengen langgar iki kebeg kadhung subuhan, saiki ya mung awak dhewek kang magih nekani lungguh silah ring kene. Sakat wong iku dadi lurah, warga desa akeh kang katut milu nyang pethithete lurah sak kancaan iku. Milu main, adu pitik, milu pisan ngombe-ngombe. Isun ping pira bain nemoni lan nengahi uwong tokar merga judi lan mabuk," saure Man Ahab kang sakat bengen mula wis dadi tukang adan lang ngurusi langgar.
Kabeh padha manthuk-manthuk maning, priatin nyang kahanan desa lan wargane kang kaya keneng pengaruh sakat lurah iki mimpin desa.
“Saiki kahanan desa iki dadi gedigi, gara-gara main rakyate dadi melarat, dadi males menyang sawah lan kebonan, aras-arasen ngerawati raja kayane. Serta sing ulih asil pelayune nyang ombenan miras, mabuk-mabukan makene sing mikiri jare. Pungkasane uripe ya saya melarat, bandhane tambah suwi tambah entek dienggo nuruti napsu urip kang gedigu," ujare Anang Rois.
“Nang,” suwarane Kang Dullah.
“Kelendi carane mbalekaken warga desa iki nyang uripe kang kaya bengen. Awak dhewek kang magih bisa rembugan iki mayo urunan nggawe selametan rijig desa kelawan nggawe pengajian. Isun urun wedhus umpamane, sapa kang urun beras, kelapa, pitik lan liya-liyane. Engko warga kang gelem nulungi ya diajak, selametan iki tujuwane ngengetaken gok kabeh iki mula dadi pengenget aja sampek kedadeyan maning. Kene kabeh kudu ngajak warga supaya gelem sambang sawah lan kebone maning, ngerawati kewan kaya bengen maning.”
Kabeh mupakat nyang penemune Kang Dullah. Aju sembarange disiyapaken. Warga kang wis sadhar nyang kesalahane ya gelem nerima milu nulungi. Kabeh balik guyub kaya bengene desa iki kala nggayuh jayane desa.
Ring wayah selametan mauka, warga mupakat pisan gok Wak Asir didadekaken lurah, Man Ahab dadi Jagabaya, Kang Dullah dadi Carik. Anang Rois tetep dadi pengulu desa, kang paceke dadi panggon njaluk penemu lan dipilokaken nyang kabeh rembug desa ambi kabeh para sesepuh adat liyane.
Lamat-lamat, suwarane Man Ahab rengeng-rengeng kaya nggandhang,
“Urip iku sing selawase yara...
Dadiya jaya ring donya ya mung sakwetara
Sengkuni mula bakal terus ana
Mulane ucape para sepuh pilonana
Guyub rukun sak seduluran sak tangga desa
Nggawe sagahe warga kang jaya
Sing kepilu nyang godhane wong liya
Iming-iming gunung emas temune mung gubab belaka
Mulane engeta, engetana,
Urip iku mung sakwetara yara...”
Ring parek lawang kori desa, ana iring-iringan montor papat lan sepidhah montor ana nawi rong puluh anter-anteran ngunekaken gase, edheng-edheng melebu desa. Suwarane montor kaya ngabaraken gok lurah, carik lan jagabaya hang lawas arep nekani kelurahan, hing terima jabatane dijuwut ambi wong desa. Kaya-kaya desa iki tinggalane embah buyute dhewek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
_Gendhing_Kembang_Cicir_(5)-41710.jpg)
_Gendhing_Kembang_Cicir_(4)-82002.jpg)