Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 18 Oktober 2020 06:21 WIB)

(Cerita Cendhek) Patung Gandrung


Gerigis mangkat peletuk-peletuk. Taping durung patiya kerep. Uwong-uwong wis ibuk ngentasi kumbahane dhewek-dhewek. Pumpung durung geblesan kabeh. Ulihe ngumbah kesel, kumbahan nong sangsangan langsung rijig, mung kari dhadhung ambi jepitane bain—wis diceraguti. Emak mbecikaken pepean gabah. Dilebokaken ning njerone belangse hang terusane dipuket rumput jepang. Cumpu kari tepu. Diganteni dhadhung hang rada cilik.

Anis ambi nyelendhang tas kelir abang bata teka kulon mesam-mesem nyang Emak hang enak muputi gabah. Rambute dikuncung loro. Mulane pipine katon saya gembil. Nganggo pita kelire padha ambi rok sekolahe, soklat. Merga iki dina Sabtu. Nong sandhinge, kancane hang aran Dewi rambute kerinting cendhek sak pundhak.

 “Assalamualaikuum.” Anis ngawiti. Terus ngambung tangane Emak.

“Wa’alaikumussalaam. Aja salim wis. Tangane kothor. Kelendi Beng sekolahe? Ana PR tah?” saure Emak ambi njunjung buntelane gabah hang wis diwadhahi gelangse. Anis manthuk.

“Melebuwa Beng. Wis pamitan nyang emake tah, memengan merene iki?” takone Emak nyang Dewi.

“Empun..” Abane, ambi nguthak sepatu ambi kasute.

“Yeeh iya wis. Wis kana Beng. Salina sulung, aju madhanga.” Jare Emak ambi ngusuti tangane nang gombal. Anis ambi Dewi melebu umah. Dewi lungguh ring mbale ambi belengkrah-belengkrah tase. Ngetokaken patelut ambi buku gambar. Anis langsung njujug pawon, ngametaken banyu. Iyane ngencetaken belungking hang sore mari diundhuh teka sawah.

***

Kertas gambare digarisi pingir-pinggire. Patelut dikeroti sulung. Kepathengen dienggo nulis taker bujel.

“Wi, jare Bu Ambar iki dikelumpukaken kapan?” takone Anis ambi mbusek gambarane. Mbusek kenceng tangan gandrunge hang rada mencong. Patelut diselehaken sulung.

“Ya minggu ngarep iku wis Nis. Eh acake dilengen tah Anehun kek.. Gedhi selisih  yuh iki?” saure Dewi ambi nduding kenceng mata gandrunge hang gedhi selisih, wis gedigu rada melot-melot.

Anis nyawang gambar ulihe dhewek teka kadohan. “Tulihen tah. Kok miring-miring gedigi yuh?”

“Apik wis, timbang anehun. Ayo wis agage dikelir. Anehun gedigi bain wis.” Saure Dewi ngurihi pecake hang dibusek-busek mauka.

Serta gambar gandrunge wis dadi, disawang-sawang kalingana ya katon apik. Gandrunge Anis nyekel kipas. Kadhung gandrunge Dewi ngiblasaken sampure. Gambarane Anis ya apik tah wis. Omprog hang ana cundhuk menthule dikelir kuning seru meromonge. Kain beludrune dikelir cemeng ana kuning-kuninge warahe kaya ana muntike. Sampure ya diwerna abang. Sing lali, gandrunge nganggo kasut.

Anis ngelungaken kerayone.  Lare loro iki mauka mangkat ngelir. Sak dhemene atine wis. Keloron nutugaken ngelir sampek sak marine.

***

Adzan Isya’ buru mari. Anis ngawiti sinau maning. Buku-buku nyelengkrah. Maune wis dietap apik ring meja ambi Emak, iki dedhegan maning. Isine ketepak leleran nung pelesteran. Patelut gemelundhung nyang elongan. Setip, pemes, garisan cilik metu kabeh teka wadhahe.

“Mak, wau ringkes-ringkes ketepak Kula tah?” takone Anis nyang Emak hang ngenceti sabrang ambi isun nong pelanca pawon. Sabrang ungu ulihe ngundhuh nong tegalan wetane umah dina Minggu sabene. Masiya mung sabrang perujukan, uwohe rada gedhi-gedhi. Sing seja diingu mula. Taping ambi Emak angger ndangir kadhung katon akeh suket-suketan hang merujuk ring selan-selane. Kala ngerabasi suket hang wis katon dhuwur, uwite hang nyelolor digeningaken urip sing dirabas pisan. Kala rijig-rijig sore ika ambi Apak diundhuh.

“Sing ya. Ale sakat mau emake mbebeg gabah garing ya yuh. Apuwa?” saure Emak. Anis abane kaya nggerundeng. Wangune kaya nggoleti embuh setip tah patelute.

“Patelut hang ditumbasaken Apak sonten kok Mak?” Jawabe Anis ambi mbukak-mbukak tas sekolahe. Isine tase dietokaken siji-siji, sapa weruh keselempit. Anis kukur-kukur endhase, hang digoleti magih durung ketemu. Kembit-kembit ambi mbatin ‘nong endi ndane?’

“Mauka diandoh ring endi sih Dhik? Nawi kelalen nong sekolahan?” abanisun milu nakoni.

“Arep dienggo paran sih? Nganggo patelut liyane bain sing keneng tah Beng?” Ucape Emak ambi ngirisi kencetan sabrang mauka ring talenan.

“Barang wis dilebokaken ketepak wau ya Mak.” Teka abane, adhikisun iki kaya wis arepe mbewek. Sabane ijiran ilang, iki patelut. Kesuk paran? Batinisun.

“Nawi katut nyang Dewi mauka Dhik?” ucape adhikisun—Ain— magih nawi-nawian. Isun mula wis apal lagune Anis kelendi. Kadhung wis nggoleti paran-paran lan sing agage ketemu, mesthi ambi perengutan. Kabeh didhedheg sampek katon nyelengkrah. Mula wis, kadhung ndeleh paran-paran lalian. Perkakas sinaune dhewek sing gelem diparoti apik. Daya Emak ya mesthi ngengetaken, ‘paran–paran iku diparoti hang apik Beng! Makene sing bingung kadhung arep nganggo maning.’ Apak ya sing ngepos ngabani taker keneng uwel thok adhikisun iki.

***

Banyu udan temebluk saya gedhi-gedhi. Abane ngantem gentheng seng, kaya wijine jagung disemburaken. Kemerothok. Ngepusi tanduran kembang melathi hang sabene ditandur mageri umah. Uwit suruh pinggir kulon paran maningan. Kaya-kaya munyik keneng banyu udan. Seger.

“Wiliih kari apik. Gambarane sapa iki?” Apak ngawiti ngelem gambarane Anis ambi mesam-mesem weruh anake kisek-kisek. Apak wis paham.

“Wiih arane Gandrung Anis iki. Disawang sulung, ulih biji pira iki yuh?” Jare Apak maning ambi mara nyang Anis.

 “Kados patung gandrung hang teng Watudodol nika ya.” Anis melerak-meleroki isun. Walak! karepe ati ngelem, luput. “Patunge ngamuk! Kabuur!” ucapisun langsung ngalih, balik maning nyang Emak ning pawon.

“Aja pati nyanyil tah wis. Wis weruh adhike kaya gedigu.” Abane Emak edheng-edheng.

Anis kerep sunceluk patung, kala ngambul. Merga sing gelem ngomong paran-paran. Meceger ring panggonane. Sing ngelisik belaka. Ya kaya patung ika wis. Arane patung ya sing ubah yara, meneng bain. Ditakoni sing gelem semaur. Daya kadhung weruh Apak, ya mesthi diuwel. Paran maning saiki wis kelas papat. ‘Sing ulih ngambulan. Dudu anake Apake kadhung ngambulan.’ Gedigu jare Apak gok nguwarahi. Mulane iki mauka leren dikudang, makene sing mecucut bain. Makene sing ngambulan maning.

“Kesuk tuku maning.” Ujare aptak ngedhem-dhemi.

Rungu arep ditukokaken maning, Anis sakkal girang atine. “Kula pisan Pak.” Abanisun ambi nginceng teka ceracaban lawang hang misahaken pawon nyang papane Anis.

“Emong. Aja. Embok aja ditumbasaken. Salahe ngelokaken Kula kados patung.” Abane adhik ambi meletaken ilate, diduduhaken nyang isun.

“Patunge bisa ngomong? Alaaaak....”

Anis nguber isun, arep dicethut. Isun melayu mengarep umah liwat lompongan. Embah mung thingel-thingel nulih tingkahisun nyang Anis.#

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerita tau diuwot ring Tabloid Banyuwangi Bisnis (Maret 2016)

Editor: Hani Z. Noor