Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 29 September 2024 16:22 WIB)
(Cerita Cendhek) Pindho
Pindho
Dianggit ring Ahmad Muzakky El Fayed
Bengi-bengi tepak mulih megawe, isun weruh ana wong wadon keloronan metu teka taksi. Abete kaya wong anyar kang manggoni umah ring ngarepe perapatan. Sun tulih teka kadohan, wong loro mau sing kuwat ngangkat koper lan barang-barang liyane teka bagasine taksi. Tepak wis parek, isun mandheg, milu nulungi ngangkat. Sepidhah sun pinggiraken ring mburine taksi mau.
“Rika kang arep manggoni umah iki tah?” pitakonisun ambi nggotong koper melebu nyang pelataran umah mau.
“Iya, Kang.” Abane wong wadon kang tuwek.
“Iki anakisun kang arep manggoni, ngontrak polae penempatan megawene ring kene.” Teruse wong wadon tuwek mau.
“Isun Robi, Bu,” abanisun nyalami wong wadon iku mau.
“Isun Kamilah Lik. Iki anak wadonisun kang arep manggoni umah iki.”
“Anna, Kang,” ambi ngelungaken tangane. Sun genggem tangane.
“Robi,” abanisun manteb.
“Lik, terima kang akeh ya wis nulungi angkat-angkat koper,” abane Bu Kamilah.
“Enggih Bu, padha-padha. Kadhung Ndika lan Anna butuh paran-paran ngomong nyang Isun bain. Umahisun kok, ring ngarepe langgar, perapatan iki ngalor kenceng bain wis.”
Sun deleng abete Ana mung munyik-munyik, sing akeh omonge, katone larene menengan, kalem sing kakehan tingkah.
Bengi iku sedurunge mulih, isun gesah-gesah sedhela ambi Bu Kamilah lan Anna. Anna keterima megawe ring salah siji Bank ring kutha. Bu Kamilah ngateraken anak wadone nggoleti umah kang saiki iki dikontrak. Kang duwe umah, Kang Suparlan, tuku umah maning ring perumahan. Umah iki timbangane kosong dikontrakaken bain. Gedigu ceritane teka Kang Suparlan.
Sakmarine bengi iku, saben melaku megawe, tepak olah raga, pokoke nyang endi bain isun mesthi liwat ring ngarepe kontrakane Anna. Nawi tah kecaruk. Pirang-pirangane dina sing tau kecaruk, mung weruh kembang-kembang ring ngarepe umahe kepus kaya mari disirami. Liya dina sun isuki melaku megawe, nawi tah Anna enak nyirami kembang, kepingin weruh larene sepisan maning bain. Eh ya sing kecaruk maning. Ya dudu jodhonisun paling. Abanisun ring njero ati.
Iki wis semingguan sing kecaruk nyang Anna. Pegawean tambah dina tambah rame, rasane awak kaya njaluk pijet. Kaku ring endi-endi. Rasane boyok kaya ape kuthung. Sedurunge mulih, biyasane isun mampir nyang warung langganan, tuku sega. Mari sun parkir montor, langsung isun melebu. Kabeh kang jaga warung wis kenal nyang isun polae isun emeh saben dina merene.
“Kang Robi, iwak kaya biyasahe tah?” abane Wati, salah siji pelayane.
“Iya Wat, dibungkus bain,” sautisun.
Tepak lungguh, sing weruha ring ngarepisun iku ana Anna. Wilih, kaget lan bungah dadi siji.
“Sing kecaruk ring umahe kecaruk ring kene ya,” batinisun. Langsung sun parani nyang meja panggonane Anna lungguh.
“Woh, Kang Robi, kecaruk ana ring kene,” abane Anna serta mari sun guthit teka mburi.
“Sering merene tah Dhik Anna?”
“Using Kang, buru iki merene. Jare lalare kantor ring kene olah-olahane enak. Iki nyacak.”
“Iya ring kene mula enak. Isun wis langganan ring kene. Pumpung kecaruk ana ring kene, marung ring kene bain ya, madhang bareng ambi Isun. Isun kang mbayar.”
“Dhuh Kang, aja repot-repot, kesuwun wis,” abete isin-isin sampek pipine abang.
“Halah wis, aja kuwatir,” abanisun.
Bengi iku, isun ambi Anna gesah suwi. Larene enak kadhung diajak gesah. Cerita-cerita kabeh mulai Anna cilik, sampek kuliah lan keterima megawe aring kene. Temune Anna iku mari wurung nikah, embuh mara-mara calon lakine ngewurungaken niyate nikah kang kurang sak ulan engkas. Pungkasane Anna iki lara ati lan wis setaun sing tau parek nyang wong lanang maning.
“Isun iki wis dikongkon agage nikah ambi Emak Apak Kang. Tapi kok ya Isun iki magih wedi lan trauma. Eeh iya Kang, sepurane ya Isun iki nyerocos sakat mau, buru kenal wis langsung cerita kang uroh-uroh.”
“Sing paran-paran dhik, Isun dhemen ngerungokaken Rika ngomong,” abanisun temenanan.
“Wis duwe calon tah ya?” abanisun.
“Durung, Kang.”
Bengi iku mari marung, sun ejak Anna nunggang montorisun, tepak larene sing nggawa sepidhah montor.
“Aja wis Kang, Isun njaluk susul kanca mau,” abane tepak sun tawani mulih bareng.
“Ambi Isun bain timbangane ngerepoti kanca. Barangan sak kampung bain.”
Larene gelem, ana ring njero montor ambi nerusaken gesah kang mau. Sing kerasa wis gadug perapatan ngarepan umah kontrakane Anna.
“Engkesuk melaku bareng ya. Sun susul, sing ulih nulak,” abanisun rada maksa.
“Tapi Kang..”
“Wis ra wis, kudu gelem.”
emeh saben dina melaku megawe lan mulih megawe sun susuli larene. Belanja ulanane suncukupi, mbayar listrik, lan mbayar kontrakan sun bayari. Sekabehane wis.
“Robi, kira-kira Sira iku wis mantep tah?” abane kang suparlan, serta mari sun lunasi picis kontrakane Anna setaun mengarep.
“Isun wis kepincut Kang. Welas sing ketulungan.”
Anna, bengi iki katon seru ayune, kathik kelambi kelir abang, enak ngadek ana ring ngarepe kontrakan. Abete unyike nggawe cublek ring pipine metu.
“Kang, arepe Rika ejak nyang endi iki?”
“Miluwa bain ra wis.” Abanisun ambi ngeneb lawange montor.
Ulan katon bunder gelantongan ana ring ndhuwure selat Bali. Sunare nerangi paran-paran kang ana ring ngingsore. Laut kang benere peteng, dadi padhang katon teka panggonanisun ambi Anna lungguh. Sun ejak Anna madhang ring panggonan apik ring pinggir segara.
“Na, kelendi jawabanrika?”
“Jawaban paran Kang? Rika takon paran sih tepak ika? Lali Isun.” abane ambi munyik-munyik wani ngusruh nyang isun.
“Dibaleni maning endane?”
Larene mung munyik-munyik, sampek pipine abang. Isun sampek sing arep madhang, rasane dheg-dhegan nganteni Anna njawab pitakonisun.
“Kang, Rika iki temenan yara? Sing mung arep Rika enggo memengan?”
“Temenan, Na.”
“Isun iki tau dilara Kang, sing gampang percaya nyang wong lanang maning. Magih ana rasa wedi. Wedi ditinggal ring tengah dalan maning, Kang.”
“Isun janji nyang Rika, Na. Isun welas temenanan.”
“Kang, sakat Isun kenal nyang Rika, sakat ana Rika, atinisun mulai adhem. Kerana Rika. Kang, Isun percaya nyang Rika. Isun manut paran jare Rika.”
“Temenan?” abanisun kaget sing percaya.
Saute Anna mung manggut-manggut isin, sing wani nulih nyang isun. atinisun rasane kaya jejugedan, bungan sing karuwan.
“Na, dadi Rika temenan gelem?”
“Iya Kang.”
Anna, lare wadon kang tau lara ati iku, saiki wis bungah, atine wis bisa nerima. Atine wis sing lara. Anna gelem sun ejak nikah.
“Na, wis Sun ceritakaken kabeh paran anane Isun, kahanan keluwarganisun, masa lalunisun, Rika magih gelem nerima?”
“Kang, Isun welas nyang Rika paran anane. Masiya Rika kelendi-kelendi bengen lan saikine, Isun nerima. Muga-muga Rika ya temenan bisa nerima Isun lan keluwarganisun.”
Sun cekel tangane, sun tulih matane sing kalah terang ambi ulan kang gelantongan ring ndhuwure pesisir.
Mari ngateraken Anna, isun sing serantan agage mulih arep ngomong nyang wong umah, nak sun ceritakaken niyatisun ambi Anna mauka. Mari sun parkir montor ring garasi, langsung isun melebu nyang umah. Sun tulih wis padha turu. Damar ring umah wis padha dikebes, kari ring teras kang magih murup terang. sun coplok sepatu. Terus melebu nyang kamar. Abete Dhik Lastri enak ndeleng tipi.
“Dhik, meriniya tah Isun arepe ngomong,” abanisun ambi nganteni ring meja pawon. Serta Dhik Lastri wis mara milu lungguh,
“Dhik, Isun ulih kawin maning?”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Ahmad Muzakky El Fayed