Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 06 Desember 2020 07:15 WIB)

(Cerita Cendhek) Putune Embah Aji Salam


Bengen, sapa hang hing kenal ambi Embah Aji Salam, tukang suwuk Singotrunan, umahe ring pojok perapatan pareke kuburan.
Uwonge perawakane rada dhuwur, kulitane kuning lan wis ana kisute kana-kene merga umure ya wis cukup. Kudhunge hing nutup kabeh rambute ngatonaken rambute hang wis mutih kapuk. Jare wong-wong, dhung Embah Aji Salam wis lungguh ring kursine nambani lalare kesambet, panas, nangis girap-girap, matane Embah Haji Salam dadi biru, taping ya embuh maning isun ya lali sebab isun dhewek ya paceke digawa ambi Mak Atun merana sak perlu nambakaken awakisun hang keneng panas. Isun magih katon-katonen peraenane lan dedege Embah Aji Salam iku.
Dhung nambani, njuwut suruh temurus ambi kunir, suruhe digaret-garet ambi pucuke lading, ambi lambene cerita nana putuse, “Eh...lare iki disapa ambi jim-e anu, polae pelayonan nabrak anake jim, ambi berak-berak.” Kuwasane Pengeran, lare iku ya ketemu arone. Bisa memengan maning.
Dadi seperene saben wong Singotrunan tah wong Lateng, kadhung ngomong iki keturunane Embah Aji Salam, pikire ya hing sembarangan.
Iki ana wong teka ngaku putune Embah Aji Salam, lungguh nong ngarepe Edi nong teras umah. Jare teka merono, merga ndileng ana jim gedhi hang manggon ring bucu umahe Edi, nggarai umahe sintru hing ditekani dhayoh.
“Mangkane delengen tah, saben surup hing ana wong hang wanen melaku ring parek bucu umah. Ana hawane jim iku wis.”
Edi setemene ya hing tau niteni panggonan bucu umahe wayah ngarepaken surup. Nawi merga peteng? Iyane ya hing weruh, mula nong kono lampune mung diwani lampu limang watt, serang wedine ambi tagihan listrik hang munggah saben telung ulan. Alihe, sakat bengen diwani lampu 25 watt bain magih katon sintru. Paran maning saiki diwani mung limang watt. Dadi mung kaya damar telempik hang kiyep emeh matek diterak angin.
Nawi iki setemene ngengetaken Edi gok bucu mburi umahe njaluk dipadhangi. Kapanane ana wong nunggang sepidhah kesereb nabrak pager jajang merga hing katon dalane. Ya tepak wayah surup. Wonge hing paran-paran mung ban sepidhahe kempos keneng paku pager. Nana wis, seketane arep golet bingkil hang magih bukak dienggo nambel bane hang bocor.
“Hing katon paran-paran, sunar lampune njelarit sithik,” abane wong hang nunggang sepidhah. “Perasanisun kaya ana hang milu nggonceng nong sepidhahisun, aju goyang nabrak pager hang ana pakune. Nawi nagud.”
Sampek Kang Pur, kancane Edi mancing ya tau ngomong, ”Wanana damar semprong bain wis kadhung wedi ambi tagihan listrik.”
“Jeh, Kang Pur, endane damar semprong hing kathik nukokaken lenga gas tah? Nong endi tuku lenga gas saiki, lan malah saya larang nawi ya.” Taping Edi ya manut nyang omongane Kang Pur. Kapanane ditukokaken damar semprong loro. Mula katon rada padhang. Hing suwi damare ilang, ana hang njuwut. Sapa endane hang njuwut, kari kaya hing ana maning hang bisa dicolong. Diedola ya payu mung pira arane damar semprong. Endane hing dhemen gok bucu umah iku dadi dalanan hang padhang? Maning karo-karone damar hang dijuwut. Nawi umahe peteng jumbleng sampek njuwut damare wong liya.
Kapanane wedhuse Man Jaini hang diumbar golet pangan dhewek, jare hing gelem mangan maning lan hing weruh dalan mulih sak jege mangan godhong suren nong bucu umahe Edi. Saiki wedhuse mung bisa melung-melung nong kandhange kaya wong kesambet. Endane wedhuse kudu digoletaken sarat, makene dikepros sulung makene waras? Man Jaini hang ngelu, saben dina ngerungokaken wedhuse berak-berak.
Taping ya samarwulu wayahe serngenge ndelesep wayahe kewan-kewan padha mapan turu, kejaba kewan-kewan dalu hang mula matane tangar kanggo melaku peteng-peteng. Akeh-akehe kewan hang duwe siung. Kayata kucing, asu, garangan lan macan. Kapanane jare mula ana macan cilik nong kebonan parek bucu umahe Edi tepak dalu. Matane katon cemelorot kaya ngatonaken gok iyane bisa ndeleng nong peteng-petengan. Wong kampung hing ana hang weruh nong endi pelayune, digoleti pecake sikile hing ketemu. Endane macan temenan, tah macan daden-daden? Macan temenan teka alas bisa bain lempiriten melebu nong kutha golet pangan rajakaya utawa ingon-ingon menungsa liyane, kayata pitik lan bebek. Taping hing ana pisan wong kampung hang ngaku kelangan rajakayane. Endane mung macan hang liwat. Ya embuh.
Samarwulu, paran maning jare wong-wong tuwek, mula wayahe jim, setan lan jerangkong metu teka umahe. Lalare cilik paceke dipenging metu wayah surup.
“Endane bisa tah diusir jime iku?” takone Edi.
“Bisa, ya iki merga Isun sekaken nyang Rika. Iki Hun gawakaken watu akik iki. Engko jime hun kongkon pindhah manggon ring watu iki,” abane Kang Sutris hang ngaku putune Embah Aji Salam.
“Paran maning sarate, Kang?”
“Cukup kembang pitung rupa. Ambi picis abang atusan lima.”
“Jeh... jim doyan picis pisan, ya?”
“Yaiku sarate Kang.”
Edi melebu umahe. Ketepaan nong njero ana putune Mbah Aji Salam hang arane Elis, kancane rabine sekolah bengen. Tepak sanja.
“Dhik Elis, acake intepen. Wong iku bener tah putune Embah Aji Salam? Isun rada curiga, polae pungkasane njaluk picis.”
Elis ngintep, ditenger-tenger hing ana dulure hang gedigu. “Hing kenal Kang,” abane Elis nyang Edi. “Acake takonana anake sapa.”
Edi metu teka umahe nemoni dhayohe hang magih lungguh ring ambal-ambalan.
“Kang. Setemene Rika anake sapa ya?”
“Anu...Kang. Anake anu....”
“Hang jelas ngomonge, kadhung using hun celukaken pulisi.”
“Sepurane Kang...” abane wong hang ngaku aran Sutris ambi melayu ngetepeng.
“Lhah...jare wanen ambi jim. Daya gedigu bain keciran....”

 

 


 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf