Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 22 Februari 2026 06:29 WIB)

(Cerita Cendhek) PUWASA BEDHUG


Ulan Ruwah wis emeh gadug bungase. Sakat tanggal pitu likur ulan Ruwah, wong-wong wis padha imuk arep mapag tekane ulan puwasa Ramadan. Wis dadi kebiyasahane, ring ulan Ruwah akeh hang selametan kirim donga nyang para kerabat hang wis ninggal donya (Ngeruwah) lan ngirim utawa nyekar nyang pesareyane emak bapak lan sanak kadang hang wis ninggal.

Wis adate ring Indonesia, kanggo ngawiti mangkat puwasa dianakaken Sidhang Itsbat hulung kanggo nemtokaken kapan mangkat puwasa ulan Ramadan. Ring desa, kadhung kirane itungan ulan ruwah wis genep sangalikur dina, ring masjid ngunekaken penampan (bedhug hang ditabuh enggo tandha arep mangkat puwasa). Penampan biyasahe ditabuh mari sembayang lohor.

Kadhung wis muni penampan, lare-lare cilik padha seneng. Sing kathik dikongkon padha teka nyang masjid milu nabuh bedhug (Tidhur) gantiyan sak kancaan. Sing kelalen, Janotok hang urip keloron ambi embahe milu nabuh tidhur ring masjid. Emak bapake mbara megawe nang Bali. Lalare hang nabuh tidhur padha buyar dhewek tepak tekane sembayang Ashar.

Jam enem soren, mari maghriban Janotok ndileng tipi ambi embahe. Nyakseni Sidhang Itsbat hang dianaken Pemerintah kanggo masthekaken kisuk wis mangkat puwasa tah durung. Ring pungkase sidhang, Menteri Agama ngumumaken kadhung kisuk wis tanggal siji Ramadan lan magkat puwasa.

“Mbah, Isun kisuk nak milu puwasa yah.” Abane Janotok

“Yee... Sira kuwat tah Lik nak milu puwasa iku?”

“Ya kudu kuwat Mbah, kanca-kancanisun kisuk padha puwasa kabeh.” Saure Janotok seru cagere kepingin milu puwasa. Ulan puwasa iku puwasa kawitan kanggone Janotok hang buru umur pitung taun.

“Nak puwasa paran Sira Lik, puwasa sedina tah puwasa bedhug?”

“Isun nak puwasa bedhug bain wis Mbah, mau ring masjid wis semayanan ambi kanca-kanca.”

“Eh iya wis, hang penting Sira gelem belajar ngelakoni puwasa. Kadhung puwasane tutug sampik sak ulan, engko Sun tukokaken sarung ambi kethu nggo lebaran.”

Ketungkul gesah keloron, sing kerasa wis wayah Isak. Janotok ambi Mbah Patanah melaku terawehan nyang masjid. Ring masjid seru ramene lari cilik hang padha milu terawehan. Masjid katon rumang. Damar listrik kabeh padha dianyari. Janotok langsung njujug nyang kanca-kancane ring serambi masjid nganteni mangkat teraweh.

“Mbah kari kesel mari terawehan. Sikilisun kari lisuh Mbah.” Janotok sambat nyang embahe. Maklum bain buru ngerti kadhung teraweh iku suwe.

“Iya, wis Sira ngemposa sulung makene ilang kesele!” Mbah Patanah nyelehaken rukuk ambi sajadahe.

“Mbah mariki Isun nak milu patrol ambi kanca-kanca yah.”

“Iya. Aja kari dalu mulihe gulakane engko sara bugahane kadhung wayahe sahur.”

“Iya Mbah.”

Janotok nyelendhang sarunge aju nyangking penthongan jajang hang raina mau digawe ambi kanca-kancane. Ring ngarepan umah, abane kancane padha nganteni Janotok. Kabeh katon seneng. Melaku keliling kampung ambi nabuh patrol. Ring masjid lan langgar, suwarane wong maderusan padha saut-sautan.

*******

Jam telu ngarepaken Subuh, Mbah Patanah nyepakaken panganan lan ombenan kanggo saur. Sega lan iwak karine selametan mapag puwasa magih ana. Man Usik wis mangkat siyar-siyar teka masjid nggugah wong saur. Mbah Patanah aju nggugah Janotok diajak saur. Matane katon liyep-liyep magih ngantuk.

“Saura hang akeh, kisuk makene kuwat puwasane.”

“Iya Mbah.” Janotok mangkat muluk sega.

“Aja lali niyate yah Lik.”

‘Nggih Mbah. Mau ring masjid mari teraweh ra wis niyat bareng Mbah.”

Mari saur Janotok mapan turu maning sing rungu abene bedhug subuh. Jam pitu isuk Janotok buru tangi aju adus nang kedhung banyu wakap terus memengan ambi kancane. Sekira jam 11 Janotok mulih, abete wetenge wis kerasa lempiriten lan gorokane wis mesasaten. Janotok melebu nang pawon marani embahe hang ngenceti sawi ambi sabrang arep dienggo olah kolek.

“Mbah, Bedhuge magih suwi tah, Isun wis elom ya Mbah?”

“Sedilut engkas Lik, mari iki yara Wak Usik nyetel kiro’ah.”

Sing suwi, wis kerungu suarane kiro’ah nang masjid. Janotok wis sing serantan arepe buka, sega lan ombenane wis diadhepi ring pelanca. Ring masjid Wak Usik mangkat nabuh bedhug.

“Kok, wis bedhug, mangkata buka Sira iku.”

“Iya Mbah.” Ambi gupuh muluk sega sampek kepeselek.

“Aja kari gupuh tah, kebaglek Sira engko.”

“Wedi kasep Mbah, polae kadhung puwasa bedhug iku mari adan sing ulih mangan.”

Mari buka Janotok aju mengan maning ambi kanca-kancane. Rungu suwarane kiro’ah Asar, Janotok gupuh-gupuh mulih. Gadug umah embahe durung teka asah-asah ambi mucusi ring banyu. Weruh embahe sing ana, langsung ngedhuk sega adhem hang magih ana mau. Rungu suwarane bedhug ashar, Janotok mangkat ngombe lan madhang silah nang pelanca pawon. Rada suwi Mbah Patanah teka lan kaget weruh putune kari tenek madhang ambi silah.

“Janotok, Sira gok kari enak madhang Lik, jare puwasa Sira iku?”

“Yo puwasa Isun Mbah.”

“Taping  gok madhang Sira iku Lik, durung magerib wayahe buka.”

“Isun yara puwasa bedhug Mbah, dadi angger rungu suwarane bedhug ya Isun madhang Mbah.” Semaure Janotok entheng kaya wong sing duwe dosa.

Mbah Patanah gemuyu kepingkel sampek nyumpet-nyumpet rungu semaure putune hang magih durung ngerti iku. Arep nguwel wis sing bisa nguwel kerana kelakuane Janotok. Emane subuh mau Janotok kesirep, munggone mari saur rungu suwarane bedhug subuh yara saur maning.

Pawon mangkat sintru. Mabah Patanah mangkat adang lan olah-olah kanggo buka puwasa engko bengi. Kebule welek teka bengahan mangkat ngebeki pawon. Ambune olah-olahan nggudha wong hang puwasa. Janotok wis ilang sing ana amput-amputane. Memengan maning ambi kancane. Golet bengi ring pinggir ril sepur ambi nyolok mercon lan elong.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf