Sendhang Seruni, Potensi Padusan Wisata Alam Banyuwangi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 07 April 2026 07:11 WIB)
- Wisata
Jenggirate Desa Wisata Tamansari Kecamatan Licin Kabupaten Banyuwangi iki kelantur nyang meromonge aran Pemandian Alam Sendhang Seruni. Sakat dibangun maning ring taun 2014 panggonan hang ngagulaken nyang keninge banyu sumber lan padusan hang seger adhem lan alami saiki wis dadi tujuwane wisatawan lokal Banyuwangi.
Sing akeh panggonan kaya gediki ana ring Banyuwangi, merga panggonan iki ana ring e2meh pucuk gunung, keneng diarani ana ring sikile Gunung Ijen. Mestine wis sing adoh maning nyang Gunung Ijen hang kejolok ambi Blue fire. Panggonan iki uga sing adoh teka punjere kutha Banyuwangi antarane 17 km ngulonaken.
Nuju nyang Sendhang Seruni iki pancen dalane munggah mula iku kudu ngati-ati merga dalan melebu nyang panggonane rada ciyut lan munggah terus mung bisa kanggo sak montor bain, kadhung ana montor gedhe salipan kudu golet panggonan hang rada wera makene bisa salipan. Naming sampek nyang pucuk lokasine wis dipaping lan sing bakal lunyu masiya ana ring usum udan.
Panggonan kelenceran iki cocoge kanggo bareng sakkeluwarga. Papan padusane uga disediakaken kanggone lare cilik sakliyane papapan padusan kanggo wong tuwek. Banyu hang mili langsung teka Sumber Seruni iki seru adheme bisa nggawe awak seger lan ngilangaken stres teka pikiran-pikiran ulihe nong penggaweyan lan kegiyatan sak minggu jampleng. Pokoke pikiran hang mobat-mabite ana ring umah lan kantoran bakal ilang kadhung wis adus ana ring Sendhang Seruni iki ring dina Sabtu lan Minggu.
Ahmad Iksan salah sijine pengelola hang ana ring kana nyeritakaken kadhung bengen Sendhang Seruni iki arane Sumber Kelumprit merga banyu metu teka uwit gedhe hang arane uwit Kelumprit. Serta uwite wis sing ana maning aju akeh kembang hang arane kembang seruni sakteruse diarani Sumber Seruni. Weruh ana panggonan hang apik iki ana inisiatipe warga desa hang nggawe papan padusan. Gedhene sumber hang ana ring kene ndadekaken papan padusan iki dadi kaya sendhang lan saiki panggonan iku terus diarani Sendhang Seruni.
Sendhang Seruni iki kelebu tanah aset desa hang dikelola ambi Pokmas Desa Wisata Tamansari hang melebu maning penghasilane nyang BUMDES desa Tamansari, gediku sakteruse Ahmad Iksan nerusaken keterangane diiringi PLH BUMDES Tamansari.
Sendhang Seruni sing mung ngagulaken padusan naming uga tanduran-tanduran hang ijo enak kanggone mata. Wit-witan gedhe hang ngubengi sendhang uga katon apik lan ketata. Paran maning ana tanduran dhuwur-dhuwur yaiku wit jambe hang katon endahe kadhung disawang teka ngisor.
Saliyane iku uga ana panggonan kulineran hang dikelola BUMDES arupa Food Court teka UMKM Sendhang Seruni. Panganan lan ombenan kayadene panganan khas Banyuwangi ana ring kana. Pasilitas liyane uga ana kayadene panggonan salin, pondhok-pondhok teka jajang dienggo lungguh-lungguhan ambi nganteni keluwarga adus. Ana uga paseban utawa aula hang keneng digelari kelasa enggo pertemuan keluwarga utawa kegiyatan arisan. Jedhing lan toilet uga wis jangkep ana ring kana.
Ring wayah usum duren kaya gediki akeh wong dodol duren hang arum manis lan sing larang regane merga tanduran duren ring kene urip subur. Sakdawane dalan pengunjung bakalan nemoni wit duren hang uwohe kelantongan ana ring sakpenggayuhan.
Sing larang regane tiket melebu, rata-rata mung Rp. 7500,- Kanggo lare cilik hang durung limangtaun mung Rp. 5000,-
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf