Ngelencer nong Cafe Ndeleng Sepur Liwat
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 07 Juni 2025 07:40 WIB)
- Wisata
Jenggirate Desa Gitik nyatane sing mung sampek Kampoeng Tahu lan Festival Terbang Arak-arakan bain. Masiya desa iki sing duwe adat lan ritual hang saban taun wis dadi agendha wisata kayadene Aliyan, Alasmalang, Olehsari, lan Kemiren nyatane desa iki sing kalah ambi desa-desa iku kabeh.
Desa Gitik Kecamatan Rogojampi, desa hang terkenal ambi perodhuksi tahu iku saiki duwe icon wisata anyar. Bengen kadhung memengan nyang Gitik hang diengeti mesthi tahu, mergane ring Gitik akeh panggonan wong nggawe tahu. Dusun Timurejo diceluki Kampung Tahu, mergane industri umahan hang nggawe tahu iki akeh-akehe ana ring Dusun Timurejo.
Wis pirang-pirang taun iki Festival Kuliner Kampoeng Tahu hang ana ring desa Gitik wis ilang sakteruse saiki diganti ambi Festival Terbang Arak-arakan hang dianakaken setaun sepisan. Festival iki mesthine ya dadi agendhane wisata Banyuwangi merga kegiyatane hang unik lan bisa nyedhot penonton teka endi-endi bain. Muga-muga bain Festival Arak-arakan Terbang iki nasibe sing padha ambi Festival Kuliner Kampung Tahu bain.
Sing dinyana-nyana Desa Gitik saiki pungkasane duwe maning icon wisata hang nawakaken panggonan apik anggone wong-wong hang dhemen ndeleng sepur liwat (railfans). KPR (Kopi Pinggir Ril) arane. Panggonan hang kaya warung kopi iki arupa panggonan ngopi lan mangan hang nawakaken view apik arupa sepur hang liwat ring antarane wektu jam 16:00 WIB sampek 19:00 WIB. Kadhung teka ring wayah-wayah jam sakmono iku akeh wong sing mung lare nom-noman bain naming ana uga wong-wong tuwek hang ngateraken anake ndeleng sepur liwat. Kabeh wong padha kumpul ambi nganteni sepur liwat. Ambi nganteni sepur liwat wong-wong iki bisa belanja panganan lan ombenan hang wis disedhiyakaken nong KPR, regane ya sing beda ambi warung-warung kopi liyane.
Ring kana uga disedhiyakaken panggonan lesehan kelasa lan uga jodhog-jodhog kayu hang enak dienggo lungguh. Sakliyane iku hang duwe warung seru geromyoh merga gelem nyapa nyang sapa bain hang teka. Uga disedhiyakaken free wifi hang anter pelayune kanggo hang teka ana ring kana. Mesthi bain akeh lare nom-noman hang nggawe konten lan live ring medsos dhewek-dhewek ambi nganteni sepur liwat.
Kanggo hang durung weruh lesehan ngopi pinggir ril sepur iki ana ring Perlintasan Kereta Api JPL 100 Desa Gitik Kecamatan Rogojampi Kabupaten Banyuwangi.
Kadhung teka dalan kidulan Jajag utawa Srono lan Banyuwangi, rika bisa mandheg ngarepe Koramil Rogojampi. Ring kono ana gapura hang ana tulisane Desa Gitik melebuwa terus bain miloni dalan sampek nemu ril sepur. Panggonane iku arane KPR lokasinya persis pinggiran ril iku wis.
Wis aja kesuwen hang dhemen ndeleng sepur lan dhemen marung kopi ambi gesah-gesahan bab medsos ring kana panggone. Wis gancang merana bain.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Hani Z. Noor