Teknologi Mbantu Dadi Sasak ring Donya Wisata
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 05 Juli 2025 06:28 WIB)
- Wisata
Dadi pemandu wisata iku saya gampil. Saiki ana teknologi hang bisa diundhuh ambi turis-turis hang teka ring sewijine negara.
Mula wong-wong kene hang sing bisa ngomong basa Inggris, Jerman, Spanyol lan sepiturute hing kathik maning sungkan ngadhepi wong-wong negara manca.
Contone kaya Kang Purwadi, hang duwe Rumah Budaya Osing ring Kemiren. Umahe kerep dipanggoni turis kiriman teka anake hang mula dadi pemandhu wisata ring Bali. Ambekaneya hing bisa basa negara manca, merga kaweruhe ring budaya Using, turis hang manggon ring umahe padha girang. Merga ulih keterangan akeh bab budaya.
Saben-saben turis iku nyodhoraken hapene hang metu muni Bahasa Indonesia teka pitakonan hang ditulis nganggo basa Spanyol. Kang Pur semaur nganggo basa Indonesia aju hapene iku bisa nguwah omongane Kang Pur dadi basa Spanyol.
"Kawitane nonton barong bareng ambi dhayoh teka Jerman, Amerika lan Sepanyol ring Dukuh. Sambi nonton barong kang tepak njuged perejengan (jejer) akeh pitakonan teka wong telu mau soal barong kang kudu Sun jawab supaya wong telu iki lega atine lan ulih kaweruh paran iku barong hang ana ring sak jerone urip iki," jare Kang Pur
Telung turis iku manthuk-manthuk ngerungokaken Kang Pur.
"Serta mari Sun jelentrehaken pilosopi barong, penerimane wong telu iki ambi basane dhewek kang sing Sun bisani. Serta digenahaken komentare mauka artine: APIK SERU."
Marek ndeleng barong, wong jak telon iku sing cukup sakmono rasa kepingin weruhe sampek nakokaken sedina-dinane tandang paran bain.
"Gancange cerita nyang endi bain lakunisun wong telu mau arep milu. Sampek weruh ring umah ana papan sekak iyane ngajak sekak, kerana Isun kerasa ana wektu ya Sun ladeni. Isun mikir dhewek, ring kono mikir ketelon."
Sangking wawuhe sing kerasa kadhung Kang Pur main ambi tangga negara.
Serta diceritani maning gok engkisuk dalu arep ana wong latihan Macaan Lontar Yusup, telung tamu saya girang. Malah murungaken rencanane melaku nang Yogya, nambah maning sedina ring Kemiren.
"Pungkase cerita iyane janji arep balik nyang Kemiren maning embuh kapan bisane," jare Kang Pur.
Teknologi saya ngeraketaken hubungane wong-wong teka negara hang beda. Kadhung bengen gesahe ibarat pitik ambi bebek. Metu suwarane taping padha hing ngartine. Saiki saya kerasa nana tebenge maning.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
