
Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Jumat, 13 Desember 2019 11:05 WIB)
Cerita cendhek: Ring Ndhuwure Sithik
Ater-ater redaksi:
Kumpulan karya sastra penulis Banyuwangi Mbok U'un Hariyati, Kik Lis Bajul, arep diluncuraken kesuk Sabtu tanggal 14 Desember jam 16.00 ring Kafe Hore Banyuwangi. Mbok U'un seru enthose nguntabaken kedadeyan cilik dadi wacanan hang gurih ring cerita cendhek kaya hang ana ring ngingsor iki:
Man Kacung mula rada bingkak lan aclak, gedigu munggane sembada, Man Kacung wong pengangguran anake telu sekolah kabeh. Man Kacung nganggur dudu merga PHK utawa pensiunan, tapi mula Man Kacung sungkanan, jare emak Man Kacung mula sungkan doyan tegese megawe sungkan taping mangan doyan.
Sakjeg jumbleg sakat umah-umah kang kethayalan golet pangan kang wadon. Man Kacung sing tau weruh jawane. Emane Bik Wirati urip akale, Bik Wirati rabine Man Kacung pinter golet donya. Dasar ontang-anting sing duwe dulur Bik Wirati kukuh sing gelem ngedol tinggalane Embah Sueb, bapake Bik Wirati rupa umah gedhong lan kebonan sak panggonan, umah disewakaken. Picise sewan dienggo usaha meracang lan welijaan. Durungsubuh Bik Wirati wis mulih teka pasar, welijaan digelar ring ngarepe langgar.
Sakwise solat subuh langganan padha kemerubut belanja. Bik Wirati mula ihlas, ngelakoni urip kaya gedigi, sing tau ngiri Man Kacung, mula anak-anake nurut lan welas nang emake. Kadhung Bik Wirati ngucap abang, anak-anake nurut, beda kadhung kang ngucap Man Kacung, bapake, takera meniren lambene Man Kacung sing ana kang gelem nurut. Saktemene salahe Man Kacung dhewek, wis aclak, sungkanan, bolak-balik ketanggor, magih sing gelem ndelosor.
Saktemene Man Kacung iku sing ala-ala seru. Nyatane langgar tinggalane Mbah Lurah dongkol ring ndhuwure sumbere Mbah Jen, Man Kacung kang ngerawati. Suwarane kadhung wis adan, nggugah rasa temenan, saben waktu Man Kacung dadi muadin ring langgar kono. Sakat ngundur-ngunduri tuwek iki Man Kacung rada suda songere. Bengen tau geger ambi Bik Wirati merga nomor buntutan, Bik Wirati dijaluki picis sing pati ngereken, malah nyenggrang.
“Dienggo paran!” jare Bik Wirati ambi melerok.
“Mangan ya kari mangan, udud ya kari njuwut, arep tuku nomer? Ana tah ceritane wong sugih merga nomer?” Bik Wirati ngomel ambi mecucut.Tapi tetep bain sing mentala nulih Man Kacung sing ngalih-ngalih. Ambi nguncalaken lembaran limangewuan loro Bik Wirati ngomel:”Nyak kek wis kana melakuwa aja mulih ya kadhung sing olih paran-paran,” jare Bik Wirati lambene tambah dawa pecucute.
Man Kacung gancang njemput picis mau terus melayu tuku nomer magih jamane SDSB ika, serta wis olih nomer Man Kacung gancang mulih nyelindhut liwat lawang mburi dadi sing keweruhan BikWirati kang magih ngedhuwet ngelayaniwong belanja.. sarehne Man Kacung lalian kertas ulihe tuku nomer iku ditemplekaken ring godhongane jendhela njeru umah. Serta wis dhonge puteran nomere Man Kacung metu, girange Man Kacungdudu-dudu setengah mberak Man Kacung njimprak-jimprak.
“Ti, nomere metu Ti, nemjuta Ti, nemjuta!” jare Man Kacung blengkrah-blengkrah lemari nggoleti nomere. Man Kacung lali gok nomere ditemplekaken jendhela, digoleti taker memed. Engete, serta nggeblakaken jendela ambi muring-muring, nomer megle-megle ning jendhela dikelonthok sing keneng, kegawa kesusu lan ati kemerungsung kertas saya temepel jangget sing keneng dikelonthok. Kegawa ati kebrangaseng sele jendhela dilinggis. Man Kacung mikul jendhela kang ana nomere nong Bandar SDSB, serta wis ulih picis ngidhit mulih lali ambi jendhelane. Sampek saiki cerita mau dienggo kembang lambe wong sak desa gok Man Kacung ulih nomer jendhela. Lan Man Kacung saya songar ulih picis pirang-pirang. Taping durung gadug rong ulan picise amblas, embuh ring endi lan embuh dienggo paran.
Liya maning cerita kang kari iki, kang bisa nggawe Man Kacung rada suda aclake. Sakwijine dina Man Kacung ditawani pegaweyan ngecet Puskesmas ambi Kang Dirik. Jare Kang Dirik, “Kadhung Rika gelem, madhepa dhewek nong Pak dr.Hasan, Cung.”
Kang Dirik wis apal nong wateke Man Kacung, kadhung diejak megawe, hang ngajak kudu nurut nong karepe Man Kacung, mulane ambi Kang Dirik dikongkon madhep dhewek nong dr.Hasan, KepalaPuskesmas. Engkisuke Man Kacung gancang nongPuskesmas arep nemoni dr.Hasan. Sarene magih isuk, Puskesmas durung bukak lan Man Kacung mung ditemoni wong nyapu latar ring umah Dinas Puskesmas kono, serualan cekak lan sandalan jepit. Wong iku magih enom, kaceke welasan taun ambi Man Kacung mangka saiki Man Kacung umur-umurane wis seketan, kuranga ya sithik. Kelawan santun wong nyapu latar lan sandalan jepit iku nyapa.
“Madosi sinten Pak?”sapane ambi mungkruk.
Man Kacung kang durung kenal ambi dr.Hasan, jawab setengah songar.
“dr.Hasan jam pira tekane, Lik?”jare Man Kacung sing kathik mikir gok ring kono umah dinase dr.Hasan.
“Ajeng perlu napa Pak, nawi saged kula bantu,” jare wong mau tetep sopan.
“Jeh Sira masa ngerti Lik, engko bain wis, nong dr.Hasan dhewek!” jare Man Kacung aleman. Sarehne Man Kacung teges lan kenceng hing ngomong perlune paran, wong mau nutugaken nyapu ambi mesem. Ambi rokokan kebal-kebul Man Kacung lungguh methingkrang nong kursi parek wong nyapu mau. Man Kacung takon.
“Sira wis suwi tah Lik megawe nong kene?”
“Dereng Pak, buru setengah taun niki, waune Kula teng Tegaldlimo.”
“Sira tukang nyapu kene tah Lik?” Man Kacung takon hing kathik mikir.
“Enggih Pak, taping ring ndhuwure sithik,” jare wong mau.
“Paran Lik, pesuratan tah?”
“Enggih Pak, ring dhuwure malih sithik.”
“Bek, mandor yara Lik?” jare Man Kacung tambah kemrungsung.
“Mboten Pak, ring ndhuwure sithik engkas,” jawabe wong mau ambi terus nyapu lan temungkul.
Man Kacung pucet, ambi ngadeg Man Kacung marani wong mau.
“Dik, Ndika mantri, napa kepala mantri Dhik?”
“Enggih Pak, ring ndhuwure sithik engkas,” jawabe wong mau ambi terus nyapu lan gemuyu.
“Hah…Ndika dr.Hasan?” Man Kacung ndelosor kemisinen gedhe. Man Kacung mendelik mandeng wong nyapu kang tetep temungkul mau. Man Kacung keneng watune.
Man Kacung kemisinen gedhe, ngincling mulih sing kathik ngomong nggoleti Kang Dirik: “Rik sepurane bain ya Lik, Isun rada warang Lik sing bisa megawe. Liyakena bain wis pegaweyan ngecet Puskesmas ya sepurane ya.”
Kang Dirik ngomplong sing bisa ngomong, sing weruh jawane gok Man Kacung mari kesandhung watu; Kemisinen gedhe.
Banyuwangi, medio Juli 1998
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.