Anggitane: Wahyu Rizki Kurnaini
(Minggu, 14 Juli 2024 07:56 WIB)

(Cerita Cendhek) Sambel Goreng Calo


“Hi hi hi.” Embah kepingkel sampek ngiluh, nyawang isun lan kang Enal lakinisun hang padu kerana iwak sak jembung.

***

Isun, Rokaiyah, buru bain umah-umah magih ulih telung ulan. Masiya wis umur taping magih kaya lare, sing bisa olah-olah panganan. Kerana sing tau pisah ambi wong tuwek. Bisane mung weruh dhung panganan wis mateng.

Naming, sakat teratak kuwadhe mudhun. Isun lan kang Enal dipapakaken apak ring umah kontrakan cilik pinggir banyu. Ring sisih tengen yara  umahe embah. Kadine saben dina, hang mesthi selabar kahanan utawa paran kang dipangan, iku ya mung embah.

Ring umahe, embah sing manggon dhewek, iyane kumpul ambi bibik. Adhike apak kang kemunjilan. Isun girang, nyawang embah kang gati nang isun. Emeh saben dina, embah nguwani panganan, masiya tah mung gimbal jagung rong iji utawa jangan tombol sak keresek cilik, tapi sing kebek. Paling mung sepiripite keresek. Apuwa gok gedigu? Kerana embah njuwut panganan olah-olahane bibik. Serang gatine nang isun, iyane bisa ngati-ati. Kelendi carane bibik sing muring dhung panganane diwakaken Isun. Isun tau rungu, gok bibik nguwel embah kerana jangan tombol. Dudu kerana jangan tombole suda taping kerana jangan tombole metu ancang. Kerana mari dijuwut, uga ditambahi wedang putih makene sing katon suda.  Heemm, embah… embah.

Kaya biyasahe, ngeraina embah nyang umah nggawa panganan. Disawang kaya sambel sak lepekan. Isun uga tepak arep njuwutaken mangan kang Enal.

"Beng, kek uwani sambel goreng calo.”

“Dhik, aja dipangan. Isun arep," ucape kang Enal.

“Paran Sira iki, Isun nguwani rabinira, madak nguwani Ira ”

“Uwih tah Mbah, isun arep ya.  Rokak saben dina bisane mung olah oseng-oseng kangkung ambi sambel goreng iwak irisan. Ajarana olah tah Mbah, Rokak iku.” Ambi melaku nuju kursi tamu.

“Nyak Kang.” Isun ngelungaken sega sak piring nang Kang Enal.

“Endi Dhik sambel goreng calo iku. Kunteken merene.”

Sambel goreng calo sak lepek sun kuntek nang ndhuwure sega sak piring kang dicekel Kang Enal.

“Wilih, wenak Mbah. Kesuk olaha gedigi Dhik. Enak.” Ambi muluh-muluh Kang Enal gok mangan.

“Ragine paran bain iku Mbah?” takonisun.

“Calo iku, olahe wanono ragi sambel ambi belimbing wuluh. Belimbinge irisana uga wejeken sampek ilang banyune makene sing kari kecut. Aja lali dhung arep olah calo, mari dikumbah tilikana sulung. Biyasahe calo iku asin. Kadine dhung olah aja diwani uyah. Digu.”

Ulihe embah marahi, Isun mung bisa mbayangaken kelendi carane lan kelendi rasane sambel goreng calo iku. Kerana Isun sing tau mangan kang aran sambel goreng calo. Kang Enal uga gedigu. Sambel goreng calo sak lepekan dientekaken dhewek. Isun sing diumani. Isun ra tambah bingung kelendi rasane. Taping ya wis, hun pikir paling rasane ya gedigu. Ragi sambel ana kecute kerana diwani belimbing wuluh. Wis pokoke kesuk sun cacak olah.

Wayah wis mangkat bengi. Bengi uga ganti isuk. Mudhun sembayang subuh, Isun menyang welijaan enggo tuku calo. Iwak gedhe dhirik ring talam. Iwak cilik dikaputi. Semono uga kang aran calo. Sing kathik mang-mang maning, isun juwut calo rong kaput ambi tuku ragi sambel.

Mungkur teka welijaan nyengget belimbing wuluh ring pelataran umahe Wak Haji. Sing kathik pamit uwonge wis kerana Wak Haji wis wekas sapa-sapa bain ulih njuwut belimbinge.

Gadhug umah, kaya wekase embah, sakmarine calo diumbah sun tiliki. Rasane campak sing ana asine. Ya uwis. Ragi sambel sun gerus. Belimbing wuluh sun irisi uga sun wejek sampek ilang banyune. Sun goreng ragine sampek arum, sun cemplungaken calo lan belimbinge. Sun uwani uyah, gula ambi micin sithik. Sun tiliki, heem enak.

Gelothak-gelothak suwarane kang aran pekakas hang dilebokaken ring wadhah kain. Sun deleng, Kang Enal siyap-siyap arep melaku megawe. Masiya mung nguli bangunan. Iyane wong lanang kang patheng.

“Iki kang, sarapane wis mateng.”

“Olah paran, Dhik?”

“Sambel goreng calo Kang.”

Sun juwutaken sega sak piring lan iwake sambel goreng calo. Uga sun elungaken nang Kang Enal. Isuk-isuk romantis pokoke.

“Kelendi Kang rasane, enak tah?”

“Eeem, enak.” Ambi ngerasakaken panganan iku.

“Alhamdulillah, asil," ucapisun jero ati.

Mari sarapan kang Enal melaku megawe lan isun ngerijigi umah kaya wong wadon liyane.

Soren sedurunge kang Enal mulih megawe, Embah memengan nong umah. Kaya biyasahe, iyane jaluk dipetani kerana akeh tumane. Tuma putih kang temepel ring rambut dawa werna putih iki kari sara juwut-juwutane. Rambute wis arang diwani lengo keletikan saben dina uga di gelung.

“Assalamualaikum.” Ring ngarepe lawang Enal uluk salam.

“Waalaikumsalam," jawabisun lan Embah.

Durung sampek lungguh, Kang Enal sambat elom. Sing kathik engko maning, Isun uga njuwutaken sega sak piring. Sun elungaken. Taping gok sing langsung dipangan ambi Kang Enal. Iyane ndileng piring isi sega ambi sambel goreng calo ambi katon mikir.

“Apuwa sing dipangan Kang? Sing enak tah?”

“Using, Dhik, sakat isuk mauka, sambel goreng calo iki rasane enak. Taping ana kang bida ambi hang diwani embah sore. Embuh parane.”

“Sira iku dadi wong lanang aja kari nyacatan olah-olahane wong wadon Nal. Rokak wis olah temenanan, Sira gedigu," ulihe embah nguwel kang Enal.

“Delengen tah Mbah sambel goreng calo iki. Masa goroh Isun.” Kang Enal semaur ambi ngelungaken segane nong embah.

Embah sing serantan nyendhok sambel goreng calo, uga dirasakaken. Cemeng matane embah munggah mudhun kaya ana kang dipikiraken.

“Sulung tah Beng, rasane sambel goreng iki ya bida mula,” ambi mulak-malik sambel goreng calo nong piring.

“Endane Mbah? Ragi sambel uwis, belimbing wuluh uga uwis. Kurang paran tah ragine?” semaur Isun.

“Beng, Ira tuku mau calo iku warna abang ta putih?”

“Ya putih mbah. Marine wernane paran dhung sing putih.”

“Astagfirulloh, dhung putih iku arane dudu calo Beng, iku arane teri sekul. Dhung calo iku anake urang kang cilik alus wernane abang.”

“Mulane gok sore Hun pangan kaya ana hang kasar ring ilat, dhung iki kok using. Maning Sun sawang sakat isuk mauka gok matane kari akeh. Heem kalingana luput Sira iki Rokak.” Kang Enal millu nimpali omonge embah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor