Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 25 Oktober 2020 05:49 WIB)
(Cerita Cendhek) Sepur Pandan Wangi
Sepur Pandan Wangi jurusan Jember Banyuwangi merangkang edheng-edheng ngeliwati ril hang bilak-biluk ring gunung Gumitir. Sun sawang teka cendhela, gerigis cicir ngepusi godhonge wit kopi hang padha ngembang. Kemeliwese angin nyelundhup teka sela-selane cendhela nggawa arume kembang kopi hang mekar. Wangine kerasa kari nentremaken ring ati. Mula nyenengaken kadhung isun menyang nunggang sepur tepak wayah kopi ngembang. Kiwa tengene ril sepur katon seru indahe. Paran maning wangine, bisa ndadekaken ati ayem.
Isun lungguh adhep-adhepan ambi dulur misan isun lanang. Dina iku isun mulih teka ngadiri nikahane dulur misan wadon hang ulih wong Jember. Ring ngarepisun, matane Ilman kaya ana hang disawang. Iyane seru temenane ulihe nyawang.
“Nulihi paran Sira kari sing kathik kethip digu Man?” takonisun.
“Hehehe... apik Kang. Kari apik Kang," saure iyane ambi gemuyu.
“Parane hang apik?” takonisun maning.
“Lare hang lungguh ring ngarep iku Kang, kari ayu.”
Matane sing leren-leren ulihe nyawang lare hang jare ayu iku. Isun magih sing usik arep nyawang lare wadon iku. Matanisun magih dhemen nyawang indahe kembang kopi lan ngerasakaken arume hang melebu liwat cendhelane sepur. Tanganisun magih nyekel pulpen lan buku diari hang sing tau kelalen masiya isun menyang nyang endi bain. Buku diari iku, telung taun kepungkur diwani dhemenanisun tepak arep lulusan sekolah. “Astuti” aran iku durung luntur noring samak ngarepe.
“Kang, tulihen tah lare iku.” Ilman ngguthit lengenisun.
“Ayu temenan tah, Sira kari kayalen lan sing leren mandeng terus iku.”
“Masa’alah kari sing percaya ya," abane maning.
Isun ngadeg teka pelungguhanisun aju nulih nyang kursi ngarep. Dheg, rasane atinisun kariya semendhal sarta isun weruh lare wadon hang sakat mau diomongaken Ilman. Dudu merga ayune hang nggarahi atinisun semendhal. Sing salah maning, lare wadon iku Astuti. Dhemenanisun tepak magih sekolah bengen.
Dhadhanisun rasane ndheredheg antarane girang lan sing percaya gok bisa kecaruk ring njero sepur iki. Telung taun lawase isun sing tau weruh kabare. Sakat lulus, isun wis sing bisa nyambang maning nyang sekolahan, paran maning memengan nyang umahe. Atinisun magih mamang. Sun parani tah using, Astuti hang magih lungguh ayem ring kursine ambi mangku tase.
“Kang...!” abane Ilman ambi ngubah-ngubahaken tangane nyang ngarep matanisun hang metenggengen.
Isun mberejag kaget. Ilman mesam-mesem ring ngarepisun. Atinisun ngelayung balik nyang jaman sekolah bengen. Sepure mandheg gadug ring tapsiun Kalibaru. Atintisun durung mandheg ulihe ngenget-enget jaman semono. Saben isuk sedurunge melebu kelas, isun ambi Astuti mesthi lungguh bareng ring ngingsore uwit ketepeng. Masiya sing kathik semayanan, angger isuk isun ambi iyane langsung njujug ring panggonan iku.
Kepala tapsiun Kalibaru nyemprong selempritane. Edheng-edheng, sepur Pandan Wangi melaku nutugaken lakune. Sun tulih maning Astuti, rupane magih tetep katon ayu sing ana cacade. Perainane kalem lan murah unyik.
“Man, lare iku sirsiranisun tepak magih sekolah bengen, arane Astuti.”
“Iyo tah Kang, ndane sirsiran Rika kari ayu gedigu?” Ilman sing percaya.
“Diwarah sing percaya Sira iki.” Isun rada merengkal.
“Kadhung iku sirsiran Rika bengen, acake Rika wani marani tah..” Ilman nantang.
Sing kathik ngomong maning, isun ngadeg aju njangkah marani Astuti hang magih lungguh semendhe ring pareke cendhela. Ilman nulihi isun hang wis ngadeg ring sandhing kursine Astuti. Tangane nduding-nduding nyang isun.
“Astuti...?" Sun celuk arane.
Astuti nulih nyang isun ambi nenger-nengeri isun.
“Kang Firman?” saure ambi rada njingkat.
“Magih enget tah nyang Isun?”
“Iya Kang, mau emeh lali nang Rika," saure.
Isun lungguh ring kursi ngarepe Astuti hang wis sing ana uwonge. Isun bingung arep ngomong paran maning. Batinisun rasane sing kakaruan. Sun tulih, Astuti mung mesem bain.
“Teka endi Kang?” Astuti mbukak omongan maning.
“Sempolan, mari nyambang dulur nikahan,” saurisun ambi rada gugup.
“Ohhh...”
“Rika teka endi Dhik?" Sun wanekaken takon.
“Teka kampus Kang, angger Sabtu Isun mulih nyang Kebalenan."
Isun ambi Gesah ngalor ngidul ngenget-enget jaman magih sekolah bengen. Iya jaman sekolah SMA mula jaman hang nyenengaken. Paran maning kadhung duwe sirsiran ring sekolahan. Arep melincur bain sing duwe rasa kepingin, mergane ring sekolahan wis ana hang nganteni, sirsiran hang paling disayang.
Lakune sepur Pandan Wangi rada alon, sun sawang teka cendhela wis gadug tapsiun Singojuruh. Penumpang padha mudhun lan ana hang munggah. Astuti magih tetep lungguh ring ngarepisun sing kethip nyawangi isun. Sun lirik, matane metenggengen kaya ana hang dipikiraken. Suwarane lipri kepala tapsiun wis disemprong dawa aju dibales suwarane bel sepur. Edheng-edheng, sepur mangkat maning nerusaken lakune.
“Kang...” Astuti nyekel tanganisun.
“Iya Dhik."
Suwi Astuti sing nerusaken omongane. Iyane katon abot arep ngetokaken omongan nyang isun. Semono uga isun ya mung bisa meneng sing ana ucap hang kewetu teka lambenisun. Isun temungkul, sing kuwat nyawang rupane Astuti. Tangane Astuti magih nyekel tanganisun.
“Kang, sepurane hang gedhi ya,” suwarane Astuti rada gemeter.
“Rika njaluk sepura apuwa Dhik?”
“Isun saiki wis bakalan ambi wong liya. Rika yara ngarti bengen Isun lan Rika tau sirsiran.”
“Iya wis, Isun ya wis ngarti, Rika sing usah njaluk sepura. Kabeh dudu salah Rika.”
Astuti magih nggegem tanganisun. Esem manis meledhung ring lambene. Sing kerasa sepur wis emeh gadug tapsiun Rogojampi. Edheng-edheng Astuti ngeculaken gegeman tangane. Sun sawangi gelang alit hang mancep ring deriji kiwane Astuti.
“Kelendi Kang, Rika ihlas yara kadhung Isun saiki wis duwene uwong?”
“Isun wis ihlas lan nerima Dhik, iki kabeh wis mula pesthine Hang Kuwasa.” Isun ngedhemi perasaane Astuti.
“Kesuwun ya Kang, masiya sedhela, Rika wis tau nyenengaken atinisun.”
“Padha-padha Dhik, Isun ya njaluk sepura hang gedhi nawi Isun ana salah luput nyang Rika.”
Sepur Pandan Wangi wis mandheg ring tapsiun Rogojampi. Gancang-gancang isun ngadeg teka pelungguhan arep mudhun. Isun pamitan. Astuti nggandheng tanganisun maning ngateraken isun nyang lawange sepur.
“Kang, masiya Isun lan Rika wis dhewek-dhewekan, Rika aja sampik lali nyang Isun.”
“Iya Dhik, semono uga sebalike yah.” Sun eculaken tangane Astuti hang ngadeg ring lawangane sepur.
Isun mudhun teka sepur, ninggalaken Astuti hang magih ngadeg ring lawangan. Tangane dhadhah-dhadhah nyang isun. Isun magih sing njangkah ring pinggire gerbong. Sun anteni sepur melaku ninggalaken tapsiun. Rasane ati sing karuwan. Seneng lan kerasa-rasa uled dadi siji ring jero dhadhanisun. Pandan Wangi wis nggawa Astuti, adoh lan saya adoh.
~Selamat jalan Pandan Wangi, Selamat jalan Astuti~
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerpen Satria
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)