Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 27 Oktober 2024 08:03 WIB)
(Cerita Cendhek) Sereg
Girange ati arepe menyang adoh nggarai mata angel dieremaken. Wis hing kanti, mbayangaken kaya ring tipi-tipi. Adus nganggo gerojogan banyu hang bisa adhem utawa anget, otomatis. Hing usah leren ruwed ngindel panci, nunggoni banyu gemulak.
Makene ring panggonane kana sing kagok, angger wayahe madhang isun nyeja latihan nganggo sendhok lan garpu, masiya tah mung sega musuh pelasan lemuru. Merga sedina-dina madhang pulukan.
Telung dina sakdurunge mangkat, saben arep melebu jedhing ambi kalungan andhuk, cethetan damar sun dulek. Sun bayangaken melebu lawang ajaib kaya pintu doraemon hang nggarai gelis gadug. Wiing. Sak kethipan mata, munggah mudhun sing kathik kemeringet.
Sun bayangaken pisan, sing kira ongkeb merga sedina lan sewengine bakale dipanjer AC.
“Hang ati-ati ring kadohan. Aja Sira anggep kaya memengan ning Penataban!” wekase emak ambi nulungi ngetap penganggo nyang tas.
“Ana paran-paran, ngomonga nyang Bu Guru. Rungu?” ale mung menyang limang dina, wekase emak nana putuse.
***
Gemigil awak metu teka jedhing masiya wis belebedan andhuk. Adheme kaya nyelendep gadug belung. Banyu anget hang dicepakaken emak sing bisa ngatasi. Paran maning, serngenge mula durung njumbul. Pitik-pitik durung diculaken teka kurungan. Wak Ajin buru bain gelothakan ngunekaken sepeker langgar.
Liwat ngarepe bengahan, rada ambi caring. Ring pelanca, emak wis meruti kelor. Sega kebul-kebul buru bain dientas nyang kemarang. Lenga ring wajan taker kemeronyos, dileboni kum-kuman tahuk.
“Andhuke aja dikelibrukaken...” abane emak.
“Kurihana peturone, kemule iku lepiten maning!” jare emak nutugaken.
“Enggih Mak...” semaurisun gancang salin penganggo, aju sembayang subuh. Jare emak, kadhung paran-paran rijigan, pikiran dadi jembar lan kening. Kadhung dhemen nyelengkrah, pikirane bisa buthek.
Subuh rong rekaat. Sajadah sun kiblasakaen aju sun lepit. Kaya biyasahe, sun sela rambutisun nengen. Garu balik sun cantholaken nyang paku pareke kaca. Metu teka kamar, andhuk sun cangking maning.
“Endohen kunu bain, engko emake hang nyangsangaken Lik...” ujare emak weruh isun ndingkik-ndingkik nggape sangsangan.
“Amening yah, aja kakehan polah Sira nung kana gena sing ilang!” wekase emak maning.
Sun ingser piring hang wis dieleraken sega. Ring gelas beling emak wis nyorotaken wedhang. Arum ambune pecake com-comane teh. Aju emak nambahi banyu adhem teka ketel gena wedhang tehe anget-anget kuku.
“Aja kari wareg madhange Lik, nawi kepising nong dalan!” abane emak menging. Weruh isun ngamet tahuk maning. Masiya madhang musuh tahuk thok, bisa nggarai cangkem tanek nggayem.
***
“Rul, aja adoh-adoh Lik...” omonge Bu Wiwik. Ambi nganteni bisa melebu nyang kamar, isun lungguh ring mbalene hotel. Saben ana dhayoh arep melebu utawa metu, dilajokaken temenan ambi pegawene. Buru gadug, lawang wis diengekaken. Tas, koper lan gawan dicangkingaken. Kari nggarai perenah.
Makene sing bosen, isun mubeng-mubeng ning jero hotel. Nyacak nyang jedhing hang kakuse hing ngogrok. Hing kathik siwur, mung ndulek nung mburi kakuse, wis kesiram dhewek. Mari-mari canggih!
Nung resto, hing usah kuwatir kepingin paran. Panganan kari milih methik. Semangka, kates, lan melon wis kencetan. Arene, piring beling hang werane sak talam. Sendhok garpune temenan kengkeng. Kerupuk rong toples bener, semandhing ambi jembung isi sambel petang macem. Lumur-lumur dikureb-kurebaken. Durung maning, ngiling banyu kari narik. Hing kathik nyumpetaken ketel kaya ana ngumah.
Maceme jajan, dhirik ditap kaya hing entek-entek. Roti tawar sak pemanggange, sak selene, sak mentegane. Ana pisan, sayur, lobok ranti lan bawang hang super nyeja mung dipajang kaya dadi pethetan.
Nulih Bu Wiwik hang wis nyangklong tase awe-awe, gancang isun mara. Katone wis bisa melebu nyang kamar.
Isun lan rombongan aju ngadeg ring ngarepe lawang hang dhuwur singana gagange. Lawang hang bisa ngeneb-ngengek kelawan didulek-dulekan angkane. Kalingana ya iku hang arane lift. Kaya pintu doraemon ika.
“Kari kemenyud kula Bu...” abanisun adeg-adegan ambi wong-wong liyane. Sedhilutan, wis gadug. Mula canggih temenan. Lawange aju ngengek.
“Kamar nomer 919 Lik. Nyak nyak, engeken. Ulung, kayane tase Bu Wiwik ana hang kelalen nung ngisor...” jare Bu Wiwik nyadhari kaya ana gawane hang kurang.
“Numpak lift malih Bu?” takonisun.
“Ya iya Lik!” semaure Bu Wiwik gancang balik nyang lift maning.
Isun melaku kenceng nggoleti kamar. Nagud, kari cumpleng. Gadug ring ngarepe kamar 919, tas hun selehaken sulung ring pelasteran babud hang mari-mari empuk.
“Woh? Gok Bu Wiwik iki nguwakaken kartu ATM nyang isun?” Isun apal, merga Emak ya duwe kartu ATM hang bisa ngetokaken picis.
Gagange lawang sun tarik mengisor. “Woh, endi iki bolongan serege?”
Sun dhodhog lawange, nawi tah ana hang ngengekaken. Nulih ngiwa nengen, lawang kamar liyane kancingan kabeh. Njaluk tulung nyang sapa iki? Umikisun.
Sun iling-ilingi maning kartu hang diwakaken nyang isun.
“Apa lawang iki bisa ngetokaken picis yuh?”
Kartu aju sun templek-templekaken nyang lawang. Nawi ta, bisa ngetokaken picis temenan.
Tut... tut... tut... kemesud atinisun. Kaya abane bom. Isun mundur ngadohi lawang. Sun delekepi kupingisun, gage ngogrok, aju merem rapet.
“Ya Alloh, meledhos iki wih...” taker gemeter awakisun.
“Ruuuul, anu paran sira ngogrok ring kunu iku?” Bu Wiwik sempleh nyelendhang tas gawane. Katon Bu Wiwik teka, atinisun lega.
“Amening Bu, lawange niku muni Bu!” semaurisun.
“Muni parane? Endi serege mau?” jaluke Bu Wiwik.
“Sereg napa? Bu Wiwik nyukani kula kartu ATM!”
“Kartu ATM?” Bu Wiwik bingung. Aju sun elungaken kartune.
“Gedigi Rul....” isun ngeleg idu nulih kartu ditepelaken maning. Aju muni tut tut tut maning. Gagange lawang diongkek, Bu Wiwik nyurung lawange menjero.
Isun cengeng, weruh lawang hang keengek, wutuh lan sing meledhos.
Mari-mari canggih. Sereg gepeng kaya kartu ATM!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Dokumen Pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf