Anggitane: Urip Limartono Aris
(Minggu, 01 Agustus 2021 14:46 WIB)

(Cerita Cendhek) Sing Serantan


Wis telung taun Mujaki disiksa ambi larane. Wis ping kaping-kaping melebu metu rumah sakit kerana lara lambung hang sing aron-aron. Masiya gedigu, Mujaki mula rada tambeng uwonge. Panganan sirikan hang sing diulihi, magih bain dipangan. Sing ulih ngombe wedang kopi, iyane magih terus cengkal. Sing ulih ngombe inuman hang mambu soda, ya tetep bain diombe. Mangkane emeh saben ulan larane kumat-kumaten. Iki wis telung ulan iyane mathang-mathang ring pelanca umahe. Lara lambunge hang wis nemen, terus nggerogoti awake. Mujaki saiki sing kaya Mujaki bengen, hang magih sagah lan rosa. Saiki Mujaki mung katon belung ambi kulit. Daging hang bengen merusu ring awake, puput sing ana maning. Saben dina mangane mung bubur gaweyane rabine, Rohayah. Inume mung wedang putih, kadhang Rohayah ya nggawekaken wedang teh.

Rohayah hang katone cerewet, kalingana katon omes ngopeni lakine hang wis telung ulan mathang-mathang ring pelanca. Telung ulan iku Rohayah pontang-panting megawe sak anane kanggo nguripi keluwargane. Hang penting magih bisa ngerumat Mujaki ring umah. Warung tahu lonthonge ditinggal, kerana sing ana wektu kanggo nunggoni warung.

 Mujaki hang bengen dadi mandor proyek, saiki wis sing bisa paran-paran. Mung juragane Mujaki hang bengen, kadhang magih ngirimi picis kanggo mbantu Rohayah lan anak-anake. Jalaran, bengene Mujaki kelebu pegawe kang patheng. Iyane dipercaya juragane nangani pirang-pirangane proyek gedhe, sing tau sing bener. Iyane keneng dipercaya, mulane juragane seru sayange. Wis telung ulan iki juragane kerasa kelangan pegawe kang kaya Mujaki.

Kanggo kewarasane Mujaki, Rohayah wis usaha nggolet tamba ring endi-endi. Sakat tamba ring dokter sampek wong-wong tuwek ring endi-endi ditekani. Naming, sampek saiki ya magih sing ana asile. Rohayah mung bisa pasrah nyang Hang Kuwasa.

“Kang hang sabar ya Kang, nawi iki coban teka Hang Kuwasa. Hang penting Isun lan Rika terus ihtiyar. Maning Rika aja cengkal. Kadhung sing ulih ngopi ya aja ngopi. Mandhega sulung tah kopine iku,” Rohayah ngedhem-ngedhem atine kang lanang ambi rada geregeten.

Saking larane sing aron-aron iku, Mujaki sing serantan nganteni laire putune hang kawitan. Iyane wedi sing ketututan ambi laire putune. Iyane sing kepingin kaya apake hang sing weruh lan sing ngerasakaken momong putu.

Bengen wong tuweke Mujaki, aran Man Bodhos megawe ring pemerintahan. Iyane ngawinaken Mujaki ambi Rohayah, kepingin gancang-gancang momong putu. Setaun dianteni, Rohayah ya sing meteng-meteng. Sampek rong taun, hang dianteni Man Bodhos sing njumbul-njumbul.

“Lik, Apak wis rong taun nganteni Rika duwe anak, taping sampek saiki gok magih sing ana tandha-tandha kadhung rabinira meteng. Endane merga rabinira kekeselen megawe iku tah?” takone Man Bodhos.

Weruh apake seru kepingine momong putu, pungkasane Mujaki njaluk rabine ngepos ulihe megawe. Kawitan, Rohayah sing gelem nuruti penjaluke Mujaki.

“Kang, Isun megawe wis sakat perawan. Rikala arep rabi, Isun yara wis njaluk nyang Rika, aja Isun dipenging megawe. Pira bain asilisun, Isun tetep arep megawe,” jare Rohayah rada methentheng. “Rika wektu iku ngidini yara,” tambah Rohayah maning.

“Isun ngerti Dhik, tapi saiki apak kepingin gancang-gancang momong putu. Kadhung Rika magih megawe, Rika kesel, kapan Rika bisa meteng?” ucape Mujaki.

“Ana sambungan paran wong kesel gok sing bisa meteng. Mbok Sapinah, hang saben dina megawe abot ring pasar, anake ya emeh selusin. Rabine Man Pi’i, kurang kesel kelendi, iyane megawe buruh ngumbah lan nindhes nyang pirang-pirangane keluwarga, ya anake akeh. Sing ana sambungane Kang,” dalihe Rohayah.

“Isun dhewek sing ngarti percise Dhik, taping jare kancanisun hang dadi perawat ring puskesmas, kadhung lanang wadon padha kesele, jare rada angel ulihe meteng,” jawab Mujaki.

Kawitan Rohayah rada abot ninggal penggaweyane. Paran maning asile Rohayah, kadhung dietung-etung ya sing cilik. Pungkasane kerana ngajeni nyang Man Bodhos, mertuwane, Rohayah rada ngasor.

Wangune Rohayah nuruti penjaluke Mujaki. Iyane leren megawe, ambekaneya asile megawe cukup gedhe. “Iya Kang, pira-pira asilisun, sing bisa dibandhingaken ambi kepingine apak momong putu,” jare Rohayah.

Naming ulih telung ulan Rohayahh leren megawe, Man Bodhos keneng serangan jantung. Soren digawa ring rumah sakit, melebu ring UGD. Emake Mujaki hang aran Marni, ambi ponakan-ponakane padha ngerubung ring UGD. Man Bodhos katon wis hing sadhar. Hing sampek ganti dina, wengi jam rolas, Man Bodhos dijuwut Hang Kuwasa. Kabeh tangisan. Semono uga rabine Mujaki, hang mung mantu. Iyane tangisan nggugug. “Pak, Isun wis leren megawe nuruti penjaluk Rika Pak. Isun kepingin nguweni Rika putu, naming saiki gok Rika tinggal,” sambate Rohayah.

Kedadeyan sak wayah iku magih terus dienget ambi Mujaki. Iyane sing kepingin ngerasakaken kaya gedigu. Iyane sing kepingin kesulungan dijuwut sedurunge bisa ndeleng putune. Mulane Mujaki katon sing serantan nganteni laire putu, sampek kegawa ngipi.

 “Isun sing kepingin kaya apak. Putune lair, apak wis sing ana. Mangka apak seru kepingine momong putu. Saksing-singe weruh nyang putune,” sambate Mujaki nyang hang wadon.

“Wis tah Kang, hang sabar. Njaluk nyang Pengeran, geningena Rika bisa kecaruk ambi putunrika. Sing usah mikir hang sing-sing,” jare Rohayah.

“Dhik, gawanen maning nyang bidhan ika tah.. Nawi tah keliru ngitung tah kelendi,” mempenge Mujaki maning.

“Iya-iya, engko bengi bain Hun ajak nyang bidhan maning,” saure Rohayah. Ringarep lawang umah suwarane Mansyur, adhike Onah uluk salam, mari mulih ngaji. Kerungu kancan-kancane runtang-runtung padha melaku mulih ring umahe dhewek-dhewek.

 

Banyuwangi, 11 Juli 2021

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf