Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 28 September 2025 06:54 WIB)
(Cerita Cendhek) Slamet Bedhug
Slamet Bedhug
Saben marek sembayang Isak nong langgar, Slamet sak kancaan hing gelem endak mulih sulung. Utamane Kemis dalu, merga ana bain jamaah hang ngirimi sega tah jajan kanggo wong-wong hang Yasinan nong langgar. Lalare nganteni wong-wong kabeh mulih, aju ana sisane panganan, diedum utawa dipangan bareng. Aju lalare mangkat cerita-cerita.
Alim Dhompal hang diagul-agulaken hing ana liya kejaba cerita pamane hang nong Jakarta. Uripe wong Jakarta. Kanca-kancane sampek apal ambekaneya durung tau ana hang menyang nong Jakarta.
“Ondel-ondel diarak sak dalan-dalan. Uwonge nganggo topeng guedhi, lanang wadon,” jare Alim ambi wis kaya dadi pemandhu wisata.
“Sapa hang mbayar, Lim?” takone Gelundung.
“Hing ana, ya wong-wong hang ndeleng iku hang ngewani,” jawabe Alim.
“Yee…cumpu Ondel-ondel iku wong ngamen? Kaya wong ngemis yara?” jare Gelundung.
“Iya…tapi Ondel-ondel nganggo iringan gendhing,” Alim magih mbela.
“Ya paran bedane ambi wong ngamen nganggo kecrekan, Ondel-ondel iku ngamen cara Jakarta,” jare Nur Gentong.
“Ya nung endi-endi ana wong ngamen, taping carane dhewek-dhewek.” Aju Alim meneng, hing ngumbul-umbulaken Jakarta maning.
Gentenan, Nik Ganjur hang cerita diejak nang kebonan anange.
“Tepak dina Minggu, Isun diejak anang nang kebonan. Tepak rijig-rijig galengan, nemu anake garangan.”
“Aju dikapak? Hing dijuwut?”
“Hing ulih ambi Anang. Engko babuhe nggoleti. Padha bain kaya kene, umpamane ilang, hing mulih, apak, emak bingung nggoleti,” jare Nik.
“Mungguha Isun, Hun juwut iku anake. Enak keneng dienggo menganan,” jare Slamet.
Aju Slamet dhemenane cerita jerangkong, cuba, baong, pocong. Kadhung ana cerita jerangkong, lalare liyane meneng kabeh, dudu kepingin ngerungokaken taping merga padha keweden.
Minggu kapanane Slamet cerita ana wong mati hang urip maning dadi jerangkong. Wong-wong sampek ngungsi nong umahe Pak Mudin polae wedi ditekani ambi jerangkong. Saben umah mesthi ditekani ambi jerangkonge. Macem-macem ceritane hang wis tau dikatoni. Ana hang arupa celeng nong pawon nggawe isine pawon dhedhegan. Ana hang rungu suwara wong adus ring cedhing tapi nana sapa-sapa. Hang nggarai lalare cilik wedi, ana cerita lare cilik hang turu nong umahe pak Mudin ilang, ketemune ring ngingsor wit gedhang nong njaba pagere pak Mudin.
Wong-wong hang melek padha hing weruh lare iku dipindhahe kapan, mara-mara larene tangi lan nangis polae keweden. Buru wong-wong hang jaga gupuh.
“Cerita liyane bain wis…” jare Nanang Porak. Iyane mula paling getap.
“Alaaah, getap. Lare lanang hing ulih getap,” jare Slamet.
“Ya masa gedigune, kaya hing ana cerita liyane,” jare Nur Gentong hang sakat mau meneng bain.
“Halah…hing ana jerangkong iku. Hang matek ya matek wis,” jare Slamet. “Kadhung ana hang nggawe kisruh iku nawi jim. Jim iku bisa nguwah raine dadi sapa bain. Kaya Isun iki, setemene jim, rupane dadi Slamet. Haaaaau….” Jare Slamet ambi ndhaplangaken tangane kaya arep nangkep lalare hang ana nong kono.
Kanca-kancane padha mberak kabeh. “Met, aja nyalah omonganira, nggarai lalare cilik atine,” jare Nik Ganjur.
“Isun dudu Slamet…Isun jim…hahaha,” jare Slamet saya girang nggacah kancane hang padha ngelumpuk dadi siji.
“Isun mulih bain wis kadhung gedigi,” jare Nanang.
“Iya wis…iya wis,” jare Slamet. “Lung ya…nak nguyuh sulung.”
Lalare hang keweden padha milu kabeh melebu panggonan wuduk lan cedhing. Langgare Wak Haji Soleh duwe rong cedhing, siji hang keneng dienggo adus, hang siji mung dienggo urusan ngising tah nguyuh. Slamet melebu hang ana cedhinge. Kanca liyane gentenan melebu nong cedhing sijine, polae Slamet hing marek-marek. Sampek kabeh wis marek nguyuh, Slamet magih durung metu teka cedhing.
“Met…gancang….lalare wis marek. Engkotah ditinggal,” abane Nik Ganjur ambi nothok lawange cedhing.
Hing ana suwara hang nyaut. “Met…aja medeni digu. Gancang kancane wis nunggoni kabeh.”
Hing ana suwara. Sampek ping lima dithothok, wutuh hing ana semaur.
“Warahen Wak Haji, nawi ana paran-paran.”
Gelundung ambi Nanang mbelayu nang umahe Wak Haji Soleh. “Ana paran bain lare, iki wis dalu. Marek iki gancang mulih kabeh ya?”
“Lik….Slamet…metuwa Lik,” Wak Haji Soleh ngongkon ambi nothok lawang. “Kadhung using, surungen bain wis lawange. Makene serege rusak hing paran-paran.” Nur hang awake gedhi ndhoberag lawange. Slamet hing ana nong njero cedhing.
Teka langgar ana suwara bedhug ditabuh. “Sapa ndane hang menganan bedhug iku,” jare Wak Haji Soleh.
Lalare hang metu teka cedhing aju ndeleng langgar padha laporan. “Suwarane dugi lebet bedhug Wak Haji.”
“Lah…ana-ana bain.” Wak Haji Soleh melaku nang langgar, temenan, bedhuge ditabuh teka njero, ambi ana suwarane lare.
“Tuluuung…Isun Slamet. Tulung bukakena…” jare Slamet ambi berak-berak.
Wak Haji ngongkon Nur njuwutaken lading nang umahe, aju bedhuge disuwek sampek mbukak cukup dienggo lare.
Temenan hang metu Slamet. “Kapok wis…kapok,” jare Slamet ambi nangis.
“Kok bisa melebu iku kelendi Lik?”
“Mboten semerap Wak Aji. Kula wau teng cedhing, aju mara-mara peteng. Kula aju melung-melung njaluk tulung.”
“Mangkane tah dadi lare aja kari nyerekal ya…”
Sakat iku arane Slamet dadi Slamet Bedhug.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kumpulan Cerita Cendhek: Mulih
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)