Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 31 Januari 2021 07:23 WIB)

(Cerita Cendhek) SMS


Sorene maning isun ulih sms teka Fauziah. Kancanisun tepak SMA iki sakat lulus mung tau kecaruk sepisan. Terus ngilang kaya ebun keneng serngenge, nana pecake. Dadi tepak nerima sms teka iyane ya ati dheg-dhegan hing kakaruwan. Hing bisa disengidakaken. Tepak SMA, isun salah siji hang tau ngesir iyane. Sedurunge ana cerita lare jilbaban syar'i, iyane wis nganggo jilbab dawa. Tepak ditakoni kanca-kanca, jawabe entheng: “Tanggungjawabisun nang Pengeran. Tanggungjawabrika tanggungen dhewek.” Hang takon sak kal mingkem. Mula larene blaka suta lan hing pati kakehan ragi dhung ngomong.

   Tepak ana tugas kelompok, iyane ya mung ngomong sak perlune. Kumpulane lalare wadon, hing tau serawung ambi lalare lanang. Hing tau matane ngelirik lare lanang. Dhuh, ya iki hang aran calon istri solehah, batinisun. Saben-saben, hun golet cara kelendi makene ulih wigatine.

   Mumpung isun rada ngarti matematika, nawi tah iyane arep takon-takon, hun pancing-pancing, wutuh, hing umik. Hun takoni nang kancane, nawi tah iyane wis duwe sir-siran, cumpu ya magih dhewekan, jare. Taping isun ya sing bisa ngelalekaken eseme. Arep hun jak ngomong, kaya hing tau ana wektu hang tepak. Mesthi ana kancane. Hing tau dhewek. Arep ngomong gok isun dhemen nong iyane, kelendi carane. Ndheredheg saben nong pareke, aja maning adhep-adhepan. Nana daya rasane awak.

    Marek lulusan SMA ika, isun rungu iyane ketampa nong sekolah farmasi, sedheng isun nong fakultas teknik, untunge ya sak kutha. Kira-kira sak ulan ulihe kuliyah, mara-mara ana sms teka iyane. Byek, rasane ati hing kakaruwan. Sms hun penthelengi kaya-kaya hing percaya gok isun nerima sms teka iyane. Nawi iki hang arane jodho, Pengeran ngewani dalan. Masiya bengen tepak SMA hing tau bisa gesah enak, nawi iki dalane. Nawi engko bisa gesah dawa rada tuwek, nak hun untabaken paran hang ana ring njero atinisun. Hing tau-tauwa nampa kabare, mara-mara iyane hang ngirim sms.
   "Njaluk tulung ajarana matematika ya. Hun tekani nang panggon kosanrika."
   Teka endi iyane weruh nomerisun? Teka endi iyane weruh alamat kosisun? Lare meneng hang hing tau serawungan mara-mara nekani kosane lare lanang. Kari dudu Fauziah hang hun weruhi. Endane merga pindhah nong kutha gedhi digi hang nggarahi uwah dalan uripe? Isun hing patiya paham. Merga adoh teka wong tuweke, dadi hing ana maning hang ngabraki? Endane magihtah jilbab dawane? Magihtah eseme hang nduduhaken sundep jelekong ring pipine? Isun mari-mari girang nampa sms-e taping ya hing bisa njawab pitakonan-pitakonan mau. Arep hun terusaken, hun wales sms-e, hun wurungaken. Engko bain makene enak tepak kecaruk uwonge, nak hun dhedhes. Mung hun balekaken sms-e kelawan jawaban: OK. Isun macak hing perduli. Mung sak derma njawab. Taping aseline, ring njero ati kaya kendhang dikeplak wong loro.
   Tepak dinane, hun cepakaken sembarang sakat sore. Singkrih. Ambal-ambalan hun pel. Taplak meja hun siluri hang anyar. Pokoke hing ulih ana hang luput. Kudu sempurna. Tepak jam papat soren, temenan abane sepidhah udhug mandheg nong ngarep kosan. Fauziyah cumpu hing teka dhewekan. Digonceng kancane, ana hang ngateraken. Wis dadi nyang adate, hing tau iyane nemoni wong lanang dhewekan. Sarta wis melebu, kancane dikenalaken, arane Marwa. Larene lencir pisan, kulitane kuning, rijig, bacote dawa kaya wong Arab. 

   Jak loron lungguh nong kursi. Hun tawani ngombe, malah iyane ngetokaken ombenan jus buah kotak. Ambi gedhanggoreng pisan. Jeh, seru weruhe nang dhemenanisun. Endane iyane wis takon-takon paran hang hun dhemeni?
   Sarta marek takon-takon soal matematika, hing kathik takon liyane. Agage pamitan, mungkur sedhot. Endane tah wis, batinisun.
   "Terima hang gedhi ya wis gelem mbantu. Kapan-kapan kadhung ana maning aja bosen hun jaluki tulung."
   "Isun bain hang merana wis, nyang kosanrika," abanisun, ambi ngarep-arep sapa weruh bisa dadi dalane acara apel.
   Taping marek iku, isun hing tau rungu maning kabare. Hun sms, hing tau nggadug, cumpu nomere wis siluran hang anyar lan isun hing tau dikabari maning. Ilang hing ana juntrunge. Hun goleti nong panggonan kuliyahe, cumpu jare wis pindhah kuliyah nong kutha liya. Dhuh Pengeran, ilang gandholan atinkula. Muga-muga magih bisa kecaruk maning, nyambung rasa hang wis hun pendhem suwi, taping magih wedi nguntabaken nong iyane.
   Rong tahun sak uwise iku, atinisun kebaglek maca maning sms teka Fauziah.

   "Sepurane, anggepen iki undhangan resmi. Isun arep nikah minggu kesuk."
   Cumpu Fauziah dilamar Nanang kancanisun sekolah, jurusan IPS bengen. Jare hing tau sir-siran, mara-mara ngelamar Fauziah lan diterima. Dhuh Pengeran, ilang gandholane nyawa.
   Hing kerasa pitung semester hun lakoni. Wis marek KKN, kuliyah wis kari sak semester maning, maju ujian sarjana. Skripsi wis hun ajokaken sakat kawitan semester pitu, dadi sedhenge marek semesteran, isun preiyan bisa nggenteng nggarap penulisan bab loro. Dadi semester wolu wis bisa lulus. Marek wih tanggunganisun nyang wong tuwek urusan sekolah. Marek iku ya ana urusan liya hang kudu dimarekaken. Siji siji. Hang urusan sekolah iki sulung.
   Tepak maca buku nong ambal-ambalan, hapenisun nampa sms. Hun lirik nomere anyar, hing ana aran. Rada aras-arasen  mbukak. Polae, saiki saben dina ana bain wong tawa-tawa sembarang kalir liwat sms. Ana hang tawa jajan, diskon cafe, kartu kredit, utangan tanpa agunan. Jare isun nawi ana hang nawakaken utangan tanpa bayar, nawi bisa hun juwut kesuk.
   Sms-e dikawiti kelawan nyebut aranisun cilik bengen. Buwang. Aran iki hing hun enggo maning sakat sekolah SMP bengen. Mung wong tuwek lan dulur-dulur parek hang weruh. Dudu merga aran desa, taping ya mula dudu aranisun. Bengen tepak magih cilik, kancanisun memengan, nyiluri aran-aran celukane nganggo aran Using. Isun dadi Buwang, Andi dadi Gelundhung, Rudi dadi Atim, Noni dadi Rohayah. Keluwarganisun wis weruh kabeh. Yong iku mung aran gawen-gawenan sak kancaan.

   Sakat melebu SMP, aran Buwang wis hing tau hun enggo maning. Berarti ana ‘wong bengen’ hang nyacak mbalekaken uripisun nong alam lare.

   Atinisun tambah sarsaran hing kakaruwan.

   “Nak Buwang, maaf, Ibu memanggil nama kecilmu. Sudah tiga tahun ini Ibu menunggu saat yang tepat untuk mengabari. Ibu adalah ibunya Marwa temannya Fauziah.”

   Lah, kok bisa ibuke Marwa sampek weruh aran rahasianisun? Endane Fauziah? Taping, masiya Fauziah ya hing tau weruh aranisun iku.

   “Ibu tahu Nak Buwang masih sendiri, dan Ibu bermaksud menjodohkan dengan Marwa. Marwa anak baik yang baru lulus sekolah Farmasi. Kalau Nak Buwang setuju, tolong datang ke rumah sore ini untuk membicarakan yang lain-lain, sebelum orang tua Nak Buwang berkunjung ke sini. Untuk urusan pernikahan dan lain-lain, tidak usah terlalu banyak dipikir. Bahkan bisa dilaksanakan meski Nak Buwang belum selesai kuliahnya. Asal Nak Buwang dan keluarga setuju.”

   Kaya ana geledheg selamberan nong endhasisun. Sak kal isun lungguh ndheprok kaya hing duwe tenaga lan daya.

   Kelendi kuliyahisun? Kelendi tanggungjawabisun nyang wong tuwek? Cumpu magih ana ya jaman semene, lare nikah dijodhohaken emake. Lare ayu hang isun mung tau kecaruk sepisan, hang sing tau hun gatekaken polae wektu semono magih ana lare ayu liyane hang hun sir.

   Arep njawab kelendi enake?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf