
Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 15 Agustus 2021 11:41 WIB)
(Cerita Cendhek) Thulik lan Atose Watu
Thulik anak kemunjilane Kyai Zarqoni, umure wis limalas taun, naming magih sing bisa ngaji kaya dulur-dulur liyane. Kadhung bapake muruk, iyane sing gelem milu ngaji, senengane memengan lan sing jarang muyab ring kanca-kancane ngaji. Kadhang kanca-kancane diajak melincur ngaji, aju memengan ring kebonan nyerewati poh enggo rujakan. Kyai Zarqoni sing tau nguwel ring Thulik, bisane mung ngelus dhadha. Ring sewijine dina Thulik lan kanca-kancane nyekel pitike Kyai Zarqoni, pitik iku dibeleh aju digawe sate. Serta wis mateng satene dipangan sak kancaan, serang enake mangan, lare-lare mau sing sadhar ana Kyai Zarqoni nong pareke.
“Mangan paran Lik?” Kyai Zarqoni nakoni Thulik. Ambi magih muluh-muluh Thulik semaur, ”Sate pitik, Pak,”
Kyai Zarqoni takon maning, ”Pitike sapa hang Sira beleh Lik?”
Enteng bain Thulik semaur, ”Pitike Gusti Allah, Pak."
Ambi ngelus dhadhane Kyai Zarqoni nakoni Thulik, "Kok pitike Gusti Allah Lik, turneya hang ngerawati Apake yak."
Thulik bisa bain njawab, "Sabene Kula rungu Apake ngaji, 'Lillaahi maa fis samaawaati wamaa fil Ardi' hang artine duwene Gusti Allah paran hang ana ring langit lan hang ana ring bumi. Artine pitik niki ya duwene Gusti Allah yara Pak?”
Kyai Zarqoni mesem rungu jawabe Thulik, ya susah ndileng kelakuwane anake, ya girang nyatane Thulik masiya sing tau milu ngaji taping cumpune apal paran hang diwurukaken ring santrine.
“Masa gedigu Lik, bener kabeh duwene Gusti Allah, taping pitik iku dititipena Gusti Allah ring Apake, dadi kadhung Sira arep mbeleh ya kudu njaluk idin sulung ring Apake."
Ambi peringisan Thulik njawab, “Hehehehe, enggih Pak.”
Muyabe Thulik sing leren-leren, isuk-isuk Thulik ngajak kancane luru poh, kerana poh hang diluru sing ana hang apik, Thulik ngajak kancane golet watu, “Ayo lare golet watu kanggo nyerewat poh, luru sing ana ulihe, diserewat iku wih, makene tembluk!”
Salah siji kancane semaur, “Emong Lik, nawi keneng kacane uwong engkotah dikongkon nyiluri kelendi?”
Thulik magih mempeng bain, ”Using, ati-ati bain, nyerewate aja sampek keneng kaca. Aja jajang kimbang-kimbang ring segara, Isun wis mahir nyerewat poh, ambi merem bain Isun bisa, hahaha!”
Thulik lan kanca-kancane golet watu, serta watune wis ngelumpuk akeh, Thulik sak kancaan balik maning ring uwit poh hang ana ring ngarep umahe Man Janotok. Lare-lare iku mau mangkat nyerewati poh, ana hang keneng ana hang using. Sing omes Thulik nyerewat sak kuwat tenagane,
“Praaang!” kaca umahe man Janotok keneng watu hang diserewataken Thulik, kaca pecah ancur dadi sak pirang-pirang. Man Janotok metu umahe ambi celathu, "Kurang ajar! nagud lare-lare Iki, anake sapa Sira, hayo silurana kacanisun hang pecah!”
Lare-lare melayu keciran, ketepakan cumpu Man Janotok weruh gok ana Thulik, ”Byek, Thulik iku, ati-ati Sira Sun wadulaken ring bapake"
Man Janotok marani Kyai Zarqoni kanggo madulaken kelakuwane Thulik.
“Assalamualaikum Pak Kyai,” Man Janotok uluk salam ambi suwara hang kasar kerana bangkel.
“Waalaikumsalam warohmatullohi wabarokatuh. Ana paran Kang, kok karo njanur gunung?” jawabe Kyai Zarqoni.
Man Janotok hang kasar iku langsung bain ngomong sing kathik tedheng aling-aling, “Anak Ndika Thulik nyerewat poh hang ana ring ngarep umahisun, naming keneng kaca umah. Isun merene nak njaluk silur kacanisun hang pecah!”
Sing kakehan ngomong Kyai Zarqoni melebu umahe, aju metu maning ambi nggawa picis, ”Sepurane ya Kang, Isun sing bisa ndhidhik anak, Iki ana picis semene cukup tah Kang kanggo tuku kaca?"
Picis diterima Man Janotok, ambi diiling-ilingi Man Janotok njawab, “Alhamdulillahi cukup Kyai, terima ya,” Man Janotok hang maune bangkel, saiki cemeng kopine, kerana picis hang diterima lebih teka cukup kanggo tuku kaca. Kyai Zarqoni sing bosen-bosen ndonga kanggo anak-anake, utamane kanggo Thulik. Saben wengi sepi, Kyai Zarqoni sembayang istiharah kanggo njaluk pitudhuh ring Pengeran, kelendi apike ndhidhik Thulik makene dadi lare hang ngarti. Mari sembayang subuh santri-santri terus ngaji diwuruki Kyai Zarqoni, suwarane lare ngaji padha anter-anteran ngapalaken tasripan, “Fa’ala yaf'ulu fa’lan wamaf’alan fahuwa faa’ilun" lan seteruse. Lare-lare wis apal kabeh, kejaba mung Thulik sing apal blas. Sak marine muruk ngaji Kyai Zarqoni ambi rabine Nyai Khotijah ngumpulaken anak-anake, sing kelalen Thulik ya ana ring kono. Nawi nubengi Kyai Zarqoni wis ulih pitudhuh teka Pengeran, kelendi apike Thulik miturut Pengeran.
“Anak-anakisun, Sira kabeh wis padha weruh kelakuwane adhikira hang kemunjilan Thulik, saben dina saya tambeng sing keneng diwarahi, masiya seru kabotan atinisun lan emakira, dina iki Isun kudu tega ngelakoni paran hang wis Sun yakini iki pitudhuh teka Pengeran,”
Ana banyu mata ngembung ring matane Kyai Zarqoni lan Nyai Khotijah, “Meriniya Lik, majuwa, Isun arep ngomong nyang Sira,” Thulik maju ring ngarepe Kyai Zarqoni ambi temungkul wedi, Kyai Zarqoni nyekel pundhake Thulik ambi ngomong, “Lik Thulik, aja wedi, Iki pitudhuhe Pengeran Hang Maha Suci, kadhung magih tetep ring kene Sira sing bakal mukti, ring dina iki, metuwa Sira golet ilmu hang sejati, aja Sira mulih kadhung durung nguwasani, melakuwa ngulon hang gancang ring alas sikile Gunung Ijen, goletana wong hang muruk ana ring pucuk, mulang tanpa nyawang, aja ana belimbing bumi, iki kabeh wis dadi janji.”
Sak nalika bencah tangise wong-wong hang ana ring kono, Nyai Khotijah nangis keranta-ranta sing bisa nyengidakaken susah atine, kejaba mung Kyai Zarqoni hang magih sanggup ngempet tangise. “Iki Lik sangunira ring dalan, Iki sandhanganira. Wis, Bapak sing bisa nyangoni paran-paran, mung donga ring Pengeran, muga-muga Sira bisa dadi lare hang bener taping sing kebelinger, dadi lare hang pinter taping sing keminter, wangi tanpa kembang, menang tanpa belang, Sun paserahaken keselametanira ring Gusti Hang Maha Ngerumat,”
Kyai Zarqoni nguweni picis lan buntelan ring Thulik ambi wekas, ”Bismillah, njangkaha metu, aja nulih memburi maning, kerana mangsa mburi iku wis adoh, nyawanga mengarep, kerana mangsa ngarep iku nyata,”
Ambi mesesegan Thulik sungkem ring bapak lan emake njaluk sepura kerana wis nggawe susahe wong tuwek, Nyai Khotijah sing bisa ngempet tangise maning, ambi ngambungi Thulik Nyai Khotijah wekas, “Lik Thulik, dadiya menungsa, dadiya wong hang rumangsa, rumangsa dadi kawulane Gusti Allah, wis melakuwa.. Isun lega lila ngecul Sira,”
Thulik ngeculaken pelukane emake, aju nyalami dulur-dulure siji-siji. “Assalamualaikum warahmatullahi wabarokatuh,” ambi uluk salam Thulik metu teka umahe, buntelane diselempangaken ring pundhake,
”Kyai Zarqoni, bisa ngajari lan kober ngelakoni, Nyai Khotijah khotam titi lan mujahadah. Dadhung wernane kuning, wis kadhung kelendi maning. Maju sak jangkah, aja sampek mundur kalah.”
Beraya hang maune padha nangis, rungu paran hang diucapaken Thulik saikine padha gemuyu. Thulik memeruh ilang teka latar kaya dieleg bumi. Kyai Zarqoni mesem ambi ngomong, ”Alhamdulillahi, wis katon, wis katon kewela-wela,”
Thulik wis gadug masjid Giri, jangkahe akas melaku ngulon, liwat Payaman, sing suwi wis gadug desa Gerogol, jangkahe diterusaken munggah ring desa Guwo, ring ndhuwur kene Thulik ngepos lungguh ambi madhep ngetan. Serngengene buru melecir, semburat abang sunare madhangi bumi Belambangan. Segara katon rame akeh jukung hang padha layar ngancani nelayan nggolet penguripan. Sawah-sawah padha nguning, pertandha paman tani bakal panen maning. Banyu kening gemericik kanggo adus-adusan lare cilik. Banyuwangi Belambangan, kutha endah ana ring tanah Jawa bucu wetan, sing kurang-kurang sandhang sing kurang-kurang pangan.
“Bilak-biluk dalan sun ambahi, munggah mudhun tetep sun lakoni, nggayuh rika kembange ati, kembang ilmu hang sun kedani,” Ambi gendhingan lakune Thulik saya akas, sing kerasa lakune Thulik wis nggadug pertelon desa Pesucen, Thulik terus melaku ngulon liwat Kalongan, terus bain dalan munggah mudhun lan bilak-biluk, watu sak kebo-kebo. Sing kerasa lakune Thulik Wis gadug Sukodono desa Telemung, terus liwat Pelampang. Ring bucune desa, Thulik mandheg jangkahe, kerana wis sing ana dalan maning kejaba melebu alas. Thulik was-was lan mbatin, ”Ndane ana desa maning tah ring alas Iki?”
Tekade Thulik wis kuwat kanggo golet ilmu, gelem sing gelem kudu melebu alas nggoleti guru hang diisaratena nyang bapake. Thulik melebu alas ambi melaku edheng-edheng kerana sunare serngenge sing bisa nembus gembele godhong wit-witan. Tetak-tetak kaya lare hang buru bisa melaku, pungkasane Thulik bisa metu teka alas lan melebu desa cilik hang mung dipanggoni wong sing sepira akehe. Thulik melebu desa iku sing kerasa wis wayah lohor, kerana wong- wong padha melaku ring langgar kanggo sembayang lohor. Thulik milu wong-wong ning langgar, sedurunge melebu langgar Thulik wuduk ring padasan. Mari wuduk Thulik melebu ring langgar, sing weruha sembayang jamaah wis mulai, Thulik langsung milu sembayang. Mari sembayang lan wiridan, wong-wong padha mulih, taping kira-kira ana wong sepuluh hang magih lungguh terus mbukak kitab, imame hang mau ngadhep ngulon saiki madhep ngetan, ambi tetep lungguh ring pucuke langgar yaiku pengimaman, uwonge wis tuwek naming magih kesat. Wong iku ngajar santri-santrine tanpa nyekel kitab, santri-santri niteni ambi mbukak kitabe. Thulik mbatin, ”Subhanallah, Iki guru hang Sun goleti. Jare bapakisun, 'Goletana guru hang muruk ring pucuk, mulang tanpa nyawang”. Guru iki mulang tanpa nyawang, sing nggawa kitab."
Thulik terus milu ngaji masiya sing paham paran hang diwulangaken. Ngajine wis bubar, kitabe padha ditutup, sedurunge bubar Mbah Guru ngomong ring santrine, “Alhamdulillahi dina iki Kita ketekanan santri anyar hang arane Thulik, anake Kyai Zarqoni."
Thulik kaget gok Mbah Guru wis weruh arane iyane. “Tulung santri anyar iki diajari ya!” Mbah Guru nerusaken ucape. Lare-lare jawab, ”Enggiiih...”
Santri-santri nyalami Mbah Guru aju mulih ring gutekane.
“Thulik, meriniya!” Mbah Guru ngawe Thulik.
Thulik maju ring ngarepe Mbah Guru aju takon ring Mbah Guru, "Mbah Guru kok pun semerap arankula, Mbah Guru wali nggih?”
Ambi ngakak Mbah Guru njawab, ”Hahaha, wali paran Lik, maning Isun aja diceluk Mbah Guru utawa Mbah Yai, Isun dudu kyai, Isun Kik Madun, apuwa Isun ngarti aranira, nubengi bapakira merdhayoh merene masrahaken Sira ring Isun."
Thulik tambah bingung, mbatin, ”Unibengi iku bapak sing nyang endi-endi, sakweruhisun ngajar santri-santrine.
“Iya wis, Sira Sun tampa ring kene, mayo sinau bareng Isun lan kanca-kancanira liyane. Sinau hang patheng, apik ring guru lan ring kanca, aja gampang nyerah, kadhung durung bisa terusa usaha. Ya wis ayok ning umahisun, Sira elom yara, durung madhang, taping ring kene sing ana mangan sega Lik, mangan sak anane, kadhang sawi, bothe, sabrang lan paran hang keneng dipangan kanggo ngganjel weteng. Ketepakan ring umah ana kamar kosong, Sira bisa manggon ring kana, sak umah ambi Isun.”
Thulik ngelakoni nyantri ring Kik Madun, kaya kanca-kanca liyane, patheng sinau ilmu hang diwurukaken Kik Madun, taping Thulik magih bain sing bisa, apalan ya gedigu, saben dina ngapalena mati-matian, taping saiki apal kesuk lali. Kanca-kancane, wis padha apal Alfiyah Ibnu Malik, Thulik Kitab Jurumiyah bain durung bisa, kanca-kancane wis bisa maca kitab gedhi-gedhi, Thulik maca kitab Syafina bain durung bisa. Taping Thulik magih terus sinau mempeng, sing lali riyadoh, bengi tangi tahajjud, rainane puwasa, sing lali ngelayani kebutuhane Kik Madun supaya ulih berkat lan ulih ilmu hang manfaat. Sing kerasa, akas lakune mangsa, sangang taun kaya siya-siya, Thulik sinau sing weruh kala. Thulik magih sing bisa paran-paran. Ring sewijine dina mari sembayang lohor, Kik Madun ngetes siji-siji apalan santri-santrine. Santri-santri maju siji-siji lan Alhamdulillah kabeh padha apal, kari saiki gilirane Thulik maju apalan tasripan, "Fa’ala yaf’ulu fa’lan fahuwa faa’ilun wadzaka maf’uulun uf’ul laa taf’ul maf’alun maf’alun mif’alun. Dloro.... Dloro... Dloro....” arep ngucap dloroba taping Thulik wis lali. Thulik magih bain lali, ”Dloro... Dloro...”
Ana santri hang muyab nerusaken, "Dlorone miber Lik,” Kaya dikomando lare-lare liyane sakkal cekakakan, “Wakakakakak....” suwarane lalare ketheng.
Raine Thulik abang mberanang kerana isin seru. Ambi sing katik pamitan Thulik melayu metu teka langgar, aju ngilang sing weruh ring endi. “Sepuntene Kik, gara-gara Kula Thulik ngambul, Kula lan kanca-kanca arep nggoleti Thulik,”
Kik Madun mesem, ”Hemm, aja digoleti wis, manuk dara miber adoh engko bakal balik ring pegupone. Sira kabeh aja kuwatir, kadhung Thulik balik merene maning Sira kabeh bakal heran. Saiki wis kana padha mudhuna!” Lare-lare atine lega rungu omongane Kik Madun terus padha salaman sedurunge mudhun. Thulik melayu nggawa ati hang lara lan kisinan, embuh sing weruh ring endi parane, aju bain melayu ambi deredesan banyu mata. Jangkahe kepagol watu-watu gedhi, Thulik mandheg aju lungguh ring salah sijine watu. Pendelengane Thulik nuju ring wong lanang hang buru teka, perawakane dhempak lan kusa, mikul palu gedhi ring pundhake. Palu dicekel, terus wong mau ngantemi watu gedhi ring ngarepe. Thulik ngitungi ping pira wong iku ngantemi watu, kira-kira ana seket anteman taping watu iku durung bencah. Wong iku ngepos sedhela, aji ngadeg maning ambi nyekel palune hang gedhi iku. Semangate magih kandel, wong iku terus bain ngantemi watu iku, Thulik ngitung wis ana sangangpuluh anteman, taping watu durung bencah, wong iku katon mulai lesuh, antemane wis kendho sing kaya maune, pas sangang puluh sanga wong iku wis sing sanggup maning, tangane wis sing kuwat ngangkat palu, aju wong iku lungguh ambi sedhengku. Memeruh ana kakik hang melakune tetak-tetak nyekel palu gedhi, entheng bain kakik iku ngangkat palu terus diantemaken ring watu gedhi, ”Prakk!” watu gedhi bencah dadi akeh. Lare enom tukang mecah watu iku heran, “Byekk, kari sakti Rika Kik, sepisanan bain langsung bencah sak pirang-pirang!”
Kakik iku mau nyauri ambi ngakak, “Hahahah, masa Isun sakti tah Lik, Sira mau ngantemi watu iku wis ping pira?”
Lare enom iku semaur, "Sun itung wis sangang puluh sanga Kik,”
Kakik iku nerusaken nasehate, “Sira kurang sabar mau Lik, Sira wis ngantemi watu Iki wis sangangpuluh sanga, setemene kurang sepisan maning watu iki bencah taping Sira wis nyerah, Isun kari nutugaken mung sak ateman hang wis mula wayahe bencah."
Lare enom iku manthuk-manthuk, paham ucapane kakik iku. Thulik hang nyakseni kedadeyan iku magih bain sing paham. Thulik terus melaku ngetutaken jangkahe, arep ring endi Thulik sing perduli. Thulik kerasa lesuh lan ngelak, iyane nggolet banyu hang keneng diombe. Thulik rungu suwarane banyu hang gemericik cilik, serta digoleti banyu iku ketemu, banyune kening, akeh gerojogan cilik-cilik hang ngetokaken banyu. Thulik marani salah sijine gerojogan aju nadhahi banyune nganggo tangan, Thulik ngombe banyu iku, “Bismillahirrahmanirrahim,” banyu melebu ring cangkem lan ngepusi gorokan, “Alhamdulillaahi robbil’aalamiin, kepus lambe iki, seger tenggorokanisun, muga dadi berkah ring awakisun. Aamiin.”
Mari ngombe banyu iku Thulik kaya ana hang uwah ring awake, awake kerasa seger, pikirane dadi plong kaya sing ana beban. Thulik nyawang ana banyu hang netes ring ndhuwure watu, serta dipareki sing weruha watu iku bolong, Thulik mikir “Apuwa watu iku bisa bolong? Bolongan iki pas ring tetesane banyu. Ndane bolonge kerana terus-terusan di tetesi banyu?“
Thulik enget kedadeyan watu gedhi hang diantemi terus-terusan bisa pecah mau. “Iya mau ana watu gedhi hang diantemi ping kaping-kaping, ahire pecah, bisa bain watu iki ditetesi terus-terusan puluhan taun ahire bolong. Subhanallah, masa atinisun sing bisa bolong nerima ilmu kadhung isun sinau terus-terusan? Atinisun yara sing lebih atos timbangane watu.”
Thulik mesem aju melayu balik maning ring pondhokane Kik Madun, ambi nggawa rasa yakin gok iyane bakal bisa nerima ilmu hang diwuruki Kik Madun, kadhung iyane sabar lan terus sinau. Gadug ring pondhoke Kik Madun, Thulik nyawang Kik Madun enak mangan kukusan sawi lan sabrang disandhingi sak cingkir kopi, ambi kecap-kecap Kik Madun ngucap, “Watu gedhi, diantemi terus-terusan suwi-suwi pecah, watu ditetesi banyu terus puluhan taun suwi-suwi ya bolong, endane tah wis atine menungsa lebih atos ketimbang watu?”
Thulik kaget apuwa Kik Madun bisa ngarti paran kedadeyan hang dialami iyane mau. Thulik langsung melebu, sungkem ring Kik Madun. Ambi ngelus rambute Thulik, Kik Madun nguweni wejangan, ”Ya wis Lik, mulai saiki ayo hang patheng lan mempeng sinau maning, berlian hang magih kependhem iku kudu dijugeri, dijuwut aju digosok makene mencorong lan larang regane.”
Thulik mulai sinau maning, taping saiki wis beda, paran-paran hang diajaraken Kik Madun, Thulik sakkal apal, paran hang diwaca iyane ya sakkal apal, kanca-kancane sing ana hang apal Al Qur’an, Thulik apal sak tafsire pisan. Sak njerone waktu setahun , Thulik wis apal kabeh, Kik Madun sing heran, Iki hang aran ilmu laduni, welase Pengeran hang diawehaken ring Thulik, asil teka tirakat bapake lan embah-embahe bengen. Kanca-kancane padha bingung, kok Thulik saiki kari penter ngalahaken kancane kabeh, alihe bengen seru bebele kon apalan.
“Innalooha ‘alaa kulli syai'in qodiir, setemene Gusti Allah iku, Kuwasa ring atase saben-saben suwiji, dadi aja pati heran nyawang lakune donya iki, aja pati kagetan ambi kedadeyan ring donya iki, kabeh wis diatur Hang Kuwasa,” Kik Madun nguweni wejangan ring santri-santrine. Kerana dirasa wis cukup ulihe Thulik sinau ring kene, Kik Madun nyeluk Thulik lan kanca-kancane. Kik Madun ngawe Thulik, “Meriniya Lik!”
Thulik maju ring ngarepe Kik Madun ambi temungkul sing wani nyawang Kik Madun. Ambi nyekel endhase Thulik, Kik Madun ngomong, “Lik Thulik, ilmunira wis wungkul, hang apik iku temungkul, kadhung Sira temungkul, ucapira sing gampang ucul, aja mung kebul-kebul, tibane mung awul-awul. Aja sampek ndhangak, kadhung ndhangak Sira dadi ladak, kuwak-kuwak kaya gagak, pinter ajak-ajak taping sing tau nyacak. Aja ngaclak lan kemethak, ngomong sithik ditilik lan diuthik, timbang ngomong akeh dilepeh lan diceceh. Wis saiki Sira balika mulih, kerana damar padhang iku eman-eman kadhung mung ring ngingsor jajang, sunarana wong akeh nganggo ilmune Pengeran hang kemencang.”
Thulik nangis ambi meluk Kik Madun seru suwine. Kanca-kancane ya padha nangis arep pisah ambi Thulik. Thulik pamitan ring Kik Madun ambi njaluk sepura, semono uga Thulik pamitan ring kanca-kancane ambi njaluk sepura. Kancane saya anter tangise, Thulik ambi magih nangis metu teka langgar, “Thulik." Kik Madun nyeluk Thulik. “Wis aja nangis, kadhung ana jodho bisa kecaruk maning, iki udheng enggonen, masiya Sira wis pinter ngaji, pinter basa Arab, naming aja lali ambi budaya bangsa, budayane awake dhewek, budaya Banyuwangi.”
Thulik nerima kain udheng iku ambi ngucap kesuwun ring Kik Madun, udhenge ditalekaken ring endhase aju mberak, “Banyuwangi! Isun teka maning!”
Mari mberak gedigu Thulik ilang sing ana pecake, santri-santri padha bingung, naming Kik Madun mung mesem weruh tingkahe Thulik hang magih sing ilang muyabe.
Lirik Al Harir Dianggit ring Bumi Sholawat Badar Banyuwangi, 8 Agustus 2021
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.