Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 13 Desember 2020 07:32 WIB)
(Cerita Cendhek) Welas Selawase
Paesan anyar wis temanceb. Gunungan lemah ya wis disemburi kembang. Disemburi kembang melati, kanthil, kenanga, mawar, ambi pandhan hang dirajang alus. Lemahe ya wis mari disiram banyu sak ketel. Mari kirim donga, siji-siji wong hang milu ngateraken nyang kuburan, padha mulih. Bik Adrawi, magih ngogrog ambi cemit-cemit ngucap donga. Donga kanggo—ruwahe—lakine. Anake Bik Adrawi hang wis dadi polisi, hang aran Suyono ya milu metek bapake. Sakat diwartakaken gok apake mari tiba nong cedhing, Suyono langsung mulih ngejak anake hang umure durung setahun, lan rabine.
Anake Bik Adrawi hang perawan kisek-kisek. Bacote abang pecake nangis.
“Pun Mak, ayo wangsul," ajake Suyono nyang emake hang magih khusyu temenan ndonga. Bik Adrawi sing ubah sithik belaka. Emane tah ya sing ana eluh sithika hang cicir teka matane. Bik Adrawi nahan iluhe. Kelendi-kelendiya sing ulih netes banyumata.
Kudhupe kembang semuja hang melecer, pating nduduhaken ambune hang arum. Semilire angin magih bain nggawe barongane jajang hang ana ring kidul, muni. Sak adhohe mata nyawang, hang katon mung gunungan lemah hang wis ana paesan lan aran dhewek-dhewek. Mujur ngalor.
***
Wong-wong wis pating melaku nyang masjid, nyelempang sajadah ana ring pundhake. Nganggo kethu. Kelambi musliman ambi sarungan. Nong masjid magih selawatan. Durung adzan magih. Masiya masjid parek ambi umahrika, rika sing gelem melaku. Jemuwahan, rika nunggang sepidhah anyar hang buru bain rika tuku; jare regane sampek limolas juta. Paran maning rika iki Pak RW. Aja sampek katon kaya wong sing duwe donya. Iku hang ana ring pikiran rika.
Rika sing kepingin lan emong kadhung dipadhak-padhakaken ambi wong liya. Rika uga seru edane, kabeh uwong kudu nyeluk aji nyang rika.
Rika ngesaki picis seketan, rong lembar. Ale rika wis diwekasi rabinrika kon nggawa limanglembar picis hang abang. Ulih rika nggampung pari hang ana ring Telmung ya akeh, penebase langsung bayar kontan. Ulih rika panen kelapa ya itungane wakeh.
Mari disiyaraken liwat coronge sepeker, rika munyik-munyik merga nana maning uwong hang bisa sodaqoh kaya rika. Ana, taping ya mung selawe ewu, seket ewu. Paling akeh ya satus ewu. Iki kawitan aran rika disiaraken, rega rongatus ewu.
***
“Kang, Rika ulih undangan tahlilan nong umahe Man Sahlani.” Rika dijak gesah nyang rabinrika hang enak nyapu latar umah. Rika lungguh nempahaken sikil ambi ududan, kopi sak morong sing kelalen. Manggleng setoples ya semandhing pisan.
Rika benere ya rungu, taping rika sing ngereken.
“Kang?” rabinrika mbaleni maning, aju lungguh nung sandhingrika. “Rika ulih un....” Durung tutug ulihe rabinrika ngucap, rika langsung nyerangap. Langsung nyelat.
“Kari duyan ngomong yuh. Isun wis weruh. Engko yara Sun tekani," ucape rika rada nggemprak. Rabinrika istighfar nung jero ati. Rabinrika meneng cep, sing muni paran-paran maning. Paribasan rabinrika nyauri, pasthi rika sing gelem kalah. Dadi nyang tukare. Timbang rame, bangur rabinrika ngalah.
***
Engko bengi, pengajian manakib keneng rika. Mulane iki anak perawan ambi rabinrika wis ibuk ana ring pawon. Olah-olah.
“Pak, nyanga tah. Ududan teng ngeriki ya yuh. Wis diwarah ken ngepos niku yah,” ucape anakrika hang perawan ambi ngibas-ngibasaken tangane. Larene mula sing bisa keneng weleke udud. Angger-angger watuk.
“Kari bingkak! Ngelih-elih wong tuwek!” rika ya mentala nggemprak anakrika. Taping rika terus ngalih.
“Apak mesthi pun Mak!” Sambate anakrika hang perawan nyang rabinrika. Emane tah, anak rika iku setel nyang rabinrika. Padha-padha sabare. Taping kala-kala anakrika hang perawan sampek nangis kadhung keneng gemprak nyang rika.
Rika mula sing bisa didamakaken. Anakrika iku ya welas nyang rika. Welase anak nyang wong tuweke hang sing ana ukure. Anakrika ya sing terima ati, kadhung rungu aranrika dielek-elek. Utawa rungu tangga hang nyeja ngomong-omongaken rika. Rabinrika ya wis nutup kuping, api-api sing rungu kala nyang welija ana hang ngerasani.
“Rika weruh, tepak Isun nyang umahe Pak RW. Byek, sing disuguhi paran-paran Rika ya. Nawi tah banyu-banyu putih. Using! Garing!” Jare wong hang nganggo daster kelawu.
“Nawi tah metu sega-sega mambu, masa ana!” ucape liyane, nambahi serange rika seru melide.
“Ketang Rika kari ngarepaken pitik belorok ya!” sahute wong hang rambute kerinting dawa.
“Rika kaya sing apal koh wong. Barang kari walaiti iku? Semono Bu Aji iku kari kuwat yuh?” abane wong hang ana andheng-andhenge nong bacote.
“Eeeh, taping iya ya. Sepisan Isun tau, tepak barengan nong peracangan. Belanjane mung tahu tempe Rika ya. Ale sawahe Pak RW iku yara wera," wong hang nganggo daster kelawu ngomong maning.
“Ndane picis belanjane dijatah wong? Kari sekaken yuh?” ucape wong hang ana andheng-andhenge.
“Donya akeh, taping anak rabi sing kerumat apik. Anake Pak Aji hang wadon iku yara sak sekolahan nyang anakisun, yaiku bengen magih ramen-ramen arep nyang Malang. Paran sih arane ika yuh, Study tour tah? Ya iku tah wis yuh. Iku sampek dibelani sing milu. Merga Pak Aji iku sing gelem ngetokaken picis nggo anake.”
“Amit-amit tah wis yuh. Emane tah, lakinisun masiya sing duwe donya kaya Pak Aji, taping awehan. Nyang anak madak eman-emanen tah," abane wong hang rambute kerinting.
“Temenan Mbok, apake lalare iku ya gedigu. Kadhung wis perkara picis, sing tanggung-tanggung wis. Paran maning kadhung enggo urusan sekolah," ujare wong hang nganggo daster kelawu mauka.
***
Sing mari-mari ulihe Bik Adrawi ngajikaken Yaa Siin. Sak marine sembayang, angger kirim donga. Masiya tah wis, sing kaitung sepira tatune atine Bik Adrawi merga keneng gemprake lakine. Kelendi-kelendiya, Bik Adrawi tetep welas nyang ruwahe lakine. Welas hang nana watese. Sakat kawitan, sampek selawase mung Gusti Allah hang weruh.
Giri, 2015.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)