Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 08 Juni 2025 06:57 WIB)
(Cerita Cendhek) Yung
Yung mula sak-anane tepak olah dadar endhog, taping using kadhung olah pelasan paran maning dhung wis olah pecel pitik. Ragine pelasan hang diakehi lobok jawa magih jaya digiles canthuke Yung. Pecel pitik hang uga kudu ana pecel kelapa, Yung ya magih jaya marude.
“Yung, nak imbuh...” aren luntrik ring tangane Rimbi diparekaken nyang kemarang. Erine iwak lemuru wis dipirekaken. Teka pancine jangan, Yung ngirus kelor hang dijangan bening.
“Imbuha, waregana...!” abane Yung nyemauri Rimbi hang ballik lungguh nyang jodhoge aju madhep piringe maning.
Yung hang sing duwe anak, wis nganggep Rimbi kaya putune. Kanggone Rimbi hang adoh-adohan ambi emake, Yung wis kaya widadari merga sing tau sepisana nguwel. Sing tau aban-aban bangete iyane uyek memengan.
Rimbi mula jenek umahe Yung. Iyane lebih dhemen ambi Yung timbang ning umahe dhewek. Yung hang setemene urip dhewekan, ya dadi ana kanca gesah ring umahe. Kadhung wis lawas sing sanja, umahe Yung cumpleng.
***
Hing angel dhung nak nggoleti umahe Yung. Umah madhep ngidul parek dam sak durunge lapangan. Umah siji-sijne hang magih gedhek sing kathik dicet. Lawang umahe tugelan nganggo sereg gembok. Ring bucu latare, ana wit laose. Sak ret, Yung nandur kenikir hang kembange wis dadi pethetan.
Pelesteran umahe Yung bolong-bolong merga mung tau disemen kawitan, lan durung tau dibecikaken maning. Umahe Yung ringkes merga hing pati duwe perabotan. Masiya sing pati dhuweg maca tulis, Yung ngarti weruh nyang angka. Ring saka ngumahe, Yung ngelumpukaken penanggalan. Digeningaken cemantung ring pakune saka mbale umahe. Penanggalan iku hang dienggo ngelemeki penganggo nung lemarine. Utawa dienggo lemek tepak Yung ngentas kerupuk sega olah-olahane. Ambekana wis adang sithik, segane Yung angger magih. Mulane sega karen iku angger diolah kerupuk bleng.
Hing kaya umahe wong-wong kaya umume. Yung mung duwe siji kamar hang lawange mung nganggo selambu kain. Ana pelanca kasur kapuk panggone Yung nggelinting. Ring kamar iku Yung duwe lemari kuna kanggo maroti toples rehana lan toples-toples beling. Dene lemari hang sijine dienggo ngandoh kelambine. Ring kelothok kamare, Yung ndeleh balsem hang dicageraken tepak sikile linu.
Pawone Yung ya katon teka mbale umahe, merga sing ana perabotan liya hang dipasang ring umahe. Temune, los, lan nggarai katon ringkes lan jembar. Ring pawone, mung ana paga lan pelanca kanggo ngandoh pekakas madhang, aren lan lumur. Ceraken, wadhahe ragi-ragi. Ana termos kanggo banyu panas, lan kethel wadahe banyu ngombe sedinane.
***
“Muliha sulung mari Beng. Gena sing keneng uwel...” abane Yung nyang Rimbi hang magih nyangklong tase. Mula Rimbi kerep langsung jujug nyang Yung timbang mulih nyang umahe. Aju ditakon-takoni sekolahe, ning emake, Rimbi hing omes. Iya kadhung, lisane apik. Gulakane merambat nguwel, iki hang nggarai Rimbi males.
“Elom ya Yung...” Mula bacote Rimbi sing tau luput. Ambune pelasan mathing-mathing kaya semelewet nggudha.
“Iya, Yung olah pelasan doyananira. Wis muliha sulung bain!” abane Yung ndamakaken. Rada ambi aras-arasen, Rimbi mulih nyang umahe sulung.
Rimbi njumbul maning wis salin penganggo memengan lan sandalan.
“Apuwa kari kikir-kikir. Mari diuwel maning?” takone Yung neges. Iyane aju nggiring Rimbi nyang pawon. Lawang jajang hang madhep nyang mburitan gage diengek. Katon serene Yung kari lemu-lemu. Ring sangsangan, Yung mepe kemul. Pitike Yung cucuk-cucuk wijine jagung. Kurungane, ditambeli jajang merga ana hang kuthung.
Ring ndhuwure bengahan, pelasan mathing-mathing. Ambekana kerug-kerug wethenge Rimbi, iyane sing aju nyandhak piring merga Yung wis nyuwek selembar penanggalan. Rimbi narik jodhog aju lungguh temungkul.
“Mungkruka..” serite wis mangkat. Ring selan-selane, sing luput tuma-tuma kaya keselempit. Kuku jempolane Yung kemeremet nggites tuma-tuma hang cemeng.
Rimbi wis kerumet-kerumet merga wetenge saya kerug-kerug.
“Madhanga sulung wis, engko dipetani maning...” abane Yung.
***
Umahe Yung seregan. Dungaren. Rimbi wis celak-celuk taping Yung sing semaur. Rimbi nginceng memburi liwat peripitane kalen, lawang pawone ya eneban pisan.
Rimbi buru enget, Yung mestine melabot. Merga seminggu kepungkur, Yung wis kelumpuk-kelumpuk gena cukup gawan hang arep diwakaken nyang hang duwe gawe.
Mak Jaenah nyunati putune. Sakat kurang sak ulan, beras pirang-pirangane karung didhun-dhunaken teka pikep. Liya dina, endhog pirang-pirangane pethi diunjali. Kelapa wis nggunung. Teratak pawon ya wis ngadeg. Bengahan leng loro wis jejer mbokongi tap-tapan kayu-kayu.
Ring ngisor terob terpale pawon, Yung pithi-pithil lobok. Pelabot liyane ana hang ngenceti bawang, nyuweki godhong, nyumbat kelapa, marud, nggalo jangan, olah jajang berkat, sasate hing ana hang meneng.
“Kadhung isun, balen beras seket kilo...” abane Muhayah pithil-pithil lobok, nyeja lungguh ring panggone olah bikang, merga dhemen nulihi tepak dicukit.
“Setengah kintal dhewek, Mbok?” Kam nyemauri ambi nyangrai kemiri gena sing gempung.
“Isun potangan gula, emane mung limang kilo...” abane Jahrati nguntek sega hang wis tanek nyang pan.
“Isun balen endhog. Cumpune regane kari munggah-munggahaken.” Saute liyane, hang nguntek adonane kucur.
Yung sing kathik milu gesah, mung ngerungokaken bain. Kadhung nuruti peritungan, mestine Yung kudu balen akeh. Merga Mak Jaenah milu mbandani tepak selametan bangete lakine sing ana umur. Masiya hing bisa mbalekaken hang padha, hang penting wis urun tenaga.
“Lincipana maning Pid! Magih papak iku!” Dorik hang mbubuti wulune pitik ambi ngabani Apid hang ngeroti sujen.
“Diblender mawon tah Yung ragine?” abane Kam nduduhaken racikan dienggo pecel kelapane.
“Jeh, mung semunu, makene hun hang nggerus!” penginge Jahrati nyerobot semaur ambi nggotong entas-entasane sega nyang pelanca.
“Cikilane bain Kam, tambahana maning!” abane Yung merintahi. Pitik hang wis mari dibubuti gancang dikunduk sujen, dipethetheng ring lambene bengahan. Kala-kala, ana hang kauk nambahi carem buyeke pelabotan.
Sing sadhar teka mburine wit nangka, Rimbi intip-intip nggoleti Yunge. Hing ana lare sak iyane hang milu lungguh ring pelabotan. Rimbi ngewanekaken mara nyang Yung.
“Yung, elom!” abane Rimbi nggandoli lengene Yung..
“Hhhsssss..” Yung menging. Yung hing juwari njuwutaken masiya mung sebed-sebedane bikang. Alihe iyane ‘wong penting’, hang dipercaya nyekel pawon ibarate.
“Kapan-kapan diolahaken dhewek pecel pitik enggo Sira! Hang iki enggo dhayoh, Beng!” Yung rada ngerayu.
“Temenan?” takone Rimbi neges. Yung manthuk, ambi ngujeti buntilan sarunge.
“Madhanga ring umah bain. Yung olah pelasan, kaya biyasahe. Kadhung sira arepe mulih, pakanana pitik ya! Hing diculaken ning Yung!” perintahe Yung mekasi Rimbi ambi ngelungaken sereg. Kadhung wis melabot gedigu, Yung sing kira mulih nyang umah. Mesthi nginep sampek kadhangane telung dina telung mbengi.
“Kadhung wis soren, muliha bain ya. Singkriha sira! Timbangane keneng uwel! wekase Yung maning.
***
Wis lawas Yung wis hing tau maning nyerit rambute Rimbi. Sing ana tuma, sing ana lingsa, rambute wis rijig.
Ring salah sijine soren, Rimbi turu angler sampek sing ngaji. Tangi-tangi, iyane mesesegen sadhar lemek turune ana getihe. Rimbi wedi. Taping aju dienengaken Yung.
“Munggah perawan Sira, Beng! Wayahe ngolahaken pecel pitik iki!” abane Yung, enget nyang semayane.
Ning ngarepe bengahan, Rimbi lungguh ning jodhog ambi ngenceti kencur. Yung marud kelapa, nyambi molak-malik pethethengan pitik.
Ring pucuke tilpun kaya biasahe, Rimbi gesah-gesahan ambi emake. Mula jaman saiki masiya adoh-adohan, bisa gesah bisa katon rupane masiya mung sak werane talenan. Rimbi wis dicekeli HP gena bisa tilpun-tilpunan dhewek ambi emake.
“Isun hing pati perenah rasane dhung ning umah Mak! Mak ilik iku nguwelan!” sambate Rimbi sing sepisan pindho.
“Aja pati direes Beng. Taping kadhung Sira hang salah, ya kudu ngerumangsani ya!” abane emake Rimbi.
“Apak gedigu pisan, masa tau mbelani Isun!”
“Hmmm... amening gempung iku!” abane Yung ngisarataken makene Rimbi malik pethethengan pitik. Setemene bain nyelimuraken gena sing mbenjul atine nggesahaken emak kuwalone.
“Yung, yara telas sawung Ndika?” emake Rimbi nyadhari akeh utang pamrihe.
“Bisa tuku maning...” semaure Yung magih ambi marud.
“Nengeri Rimbi iki Beng...” abane maning.
Ring kadohan kana, emake Rimbi kaya mesud iluhe, sadhar hing bisa ngancani anake saben dinane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Ilustrasi AI
Editor: Antariksawan Jusuf_Gendhing_Kembang_Cicir_(5)-41710.jpg)
_Gendhing_Kembang_Cicir_(4)-82002.jpg)