Corona, Beruwata!
Siti Maesaroh, S.S. (dipublikasikan pada Kamis, 08 Juli 2021 11:32 WIB)
- Opini
Sapa kang sing weruh Corona utawa Covid-19? Pageblug kang ngerusak tatanan donya sakat Desember 2019 teka Cina iki melebu ring Indonesia ulan Maret 2019. Akeh usaha kang dilakoni pemerintah makene Corona cepet ilang. Kawitan, pemerintah ngedegaken Satuan Tugas (satgas) Covid-19, uwong-uwong kang ditugasi nangani perkara Corona iki. Pemerintah wara-wara nyang masyarakat kudu miloni protokol kesehatan 3M, yaiku mbiyasahaken nganggo tongkos (masker), mbiyasahaken wisuh nganggo sabun, lan mbiyasahaken njaga jarak (sing ulih parek-parek nyang wong liya). Uwong kudu ning umah bain, sing ulih melaku-melaku kadhung sing penting temenan. Sinau ning umah, megawe ning umah, ibadah ya ning umah. Paran maning nyang luar kota utawa propinsi liya (PSBB).
Melebu taun 2021 pemerintah nduduhaken kebijakan Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM). Warung, tokok, kantor, sekolahan, panggonan ibadah ditutup, kang diulihi bukak uwonge diwatesi 50 persen bain. Pemerintah ya nganakaken vaksinasi nasional (suntik vaksin) sakat Januari 2021. Wis akeh usaha kang dilakoni pemerintah, taping Corona sampek saiki magih ana malah saya akeh. Saiki ring minggu kawitan Juli wis ana 2,313,829 uwong kang keneng lan 61,140 uwong kang mati merga Corona iki. Taping, Masyarakat sing perlu kuwatir, setemene Corona bisa dilawan nganggo limang macem tanduran iki.
1. Jahe Abang
Jahe abang bisa nggarai gorokan lega kadhung ngombe banyu godhogane. Jahe abang ya bisa ngenthengaken ambekan. Ning jero jahe abang ana gingerol kang bisa nyegah Corona.
2. Kencur
Kencur bisa nguwataken awak teka virus. Padha nyang jahe, kencur ya bisa nggarai ambekan plong sing ana sesek mara. Kencur ya bisa nggawe sel-sel husus ning jero awak hing mempan keneng penyakit.
3. Kunir
Kunir duwe antioksidan kang dhuwur. Kukurmin ning jero kunir iki bisa nyegah virus nyerang awak merga kunir mundhakaken imunitas kang apik.
4. Godhong Kelor
Godhong Kelor duwe asam amino lan antioksidan kang dhuwur. Godhong kelor bisa nyuda uripe mikroorganisme utawa patogen husus ning awak kang nggarai penyakit.
5. Jinten Cemeng
Tanduran iki ini nggarai awak lebih kuat kadhung ana virus mara. Jinten cemeng duwe antioksidan lan duwe laku anti inflamasi. Tatu ring njero awak bisa dicegah nganggo ampuhe jinten cemeng iki.
Dadi warga negara kang apik lan makene selamet kabeh, mayo bareng-bareng ndhukung lan ngelakoni aturan kang wis digawe pemerintah kanggo ngendheg Corona ring Indonesia iki. Sakliyane iku, tanduran-tanduran kang wis dibahas ring dhuwur bisa dicobak makene sing ana penyakit paran maning Corona nemplek ring awak. Tanduran-tanduran iku gampang digoleti, ring pasar utawa warung mesthi ana. Tanduran iku cukup digodhog utawa dicoroti banyu panas, aju banyune diombe saben dina. Kadhung arep ya bisa langsung dikeremus mentak. Agage dicacak makene Corona gelis minggat, gancang beruwat!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : https://nasional.kompas.com/read/2021/03/02/10213641/setahun-covid-19-upaya-indonesia-akhiri-pandemi-dari-psbb-hingga-vaksinasi?page=all https://www.cnbcindonesia.com/lifestyle/20210705070744-33-258166/5-tanaman-herbal-ampuh-yang-bisa-jadi-obat-cegah-corona/2 https://covid19.go.id/peta-sebaran
Editor: Antariksawan Jusuf