Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 21 Juni 2020 05:04 WIB)

Cumpleng


"Dhik, sepurane gok Rika Sun tinggal melaku sulung, polae wong tuwekisun wis seru kepingine nggendhong putu, taping Rika magih durung ngewani balesan nyang niyatanisun hang arep ngelamar Rika. Emak Apakisun wis sing serantan, sing gelem maning nganteni lare hang Sun dhemeni, lare hang Sun warah arep Sun ejak umah-umah, taping sing tau ana wujude. Pungkasane Isun pasrah nyang paran jare wong tuwekisun. Sepurane Dhik, Isun wis sing nak nganteni jawabanrika maning. Engko soren wong tuwekisun arep ngelamar anake kancane dinggo bakal mantune.” Gedigu unine surat hang sun tampa teka Kang Urik sak ulan kepungkur. 

***

Sun kethem kertas werna kapuranta, kertas hang cumpune nggarai isun keranta-ranta. Soben-soben hang sun tampa seminggu kepungkur, hang ring kono ana aran hang sun weruhi temenan, aran hang sakulan kepungkur magih ngewani pengarepan gedhi nyang atinisun.

Kabeh mula salahisun, wis suwi Kang Urik warah gok iyane welas nyang isun, wis suwi Kang Urik warah gok iyane kepingin nyandhing isun. Taping isun sing gancang ngewani walesan nyang welas hang disurasa, isun hang kakehan polah magih kepingin ngatonaken nyang iyane gok isun akeh hang ngesiri. Sun pikir sing kira iyane kepaling nyang wong liya, kerana isun weruh gok welase mula temenanan. Sun olor-olor ulihe masteni, kerana isun magih kepingin bisa menganan merana-merene ambi kanca-kanca kuliyah tanpa ana hang menging. Polae pisan, ana lare liya hang tepak ika kaya nak mareki isun. Lare hang lebih sugih, lebih nggantheng peraenane. Cumpune lare iku mung dhemen kancaan, sing duwe niyat paran-paran. Serta wis weruh gedigu, arep sun jawab niyatane Kang Urik, cumpu kesulungan.

Saiki serta isun nampa soben-soben kelir kapuranta, apuwa atinisun keranta-ranta?

***

Kang Urik nganggo kelambi kain beludru cemeng, kemeredepe monte werna emas hang direngga, nggarai nambah katon sagah. Ana lare wadon ayu nganggo kelambi sarimbit ring sandhine lungguh kuwadhe, paesane mantesi, ring kulite hang kuning alus nambah peraenane katon saya ayu kaya ratu. Cundhuk mentule kemeredep jugedan ring ndhuwur gelungane. Melathi hang direngga dawa nyelolor ngeliwati pundhak sampek ring dhadha. Eseme sing pedhot, nampa tangan-tangan hang dielungaken ngewani ucapan kelawan ati bungah. 

Isun marek nyang kuwadhe arep salaman, serta wis rada parek isun sekala mandheg. Lare wadon iku kaya sun weruhi. Sun tenger-tengeri maning.. Ya Allah, Iku Anik, Kancanhun raket tepak ring SMP. Mula sakuwise lulus SMP iyane pindhah sekolah SMA ring luar kota miloni tugas pegaweyane bapake.

Ya Allah, Anik hang tepak SMP duwe lara hang jare dokter umure sing kira dawa, saikine ana ring ngarepisun lungguh sesandhingan ring kuwadhe ambi wong lanang hang pirangulan kepungkur parek nyang isun, lan kadhung sing merga isun kakehan polah, mesthine isun hang dadi pengantene, isun hang lungguh ring kuwadhe. 

Isun kelangan kabare Anik tepak wis kuliyah, sing weruh maning manggone ring endi, isun ya luput sing nakokaken kabare kerana akeh kegiyatan lan padha-padha ganti-ganti nomer HP.

Isun mung bisa nyawang teka kadohan, sing  sanggup marek, kuwatir tangisan ring kuwadhe. Cukup wis, ndileng Kang Urik bungah, keluwargane kabeh bungah, isun wis lega masiya atinisun keranta-ranta. Mung bisa Ndonga, muga berkah ulihe umah-umah, gancanga ulih momongan hang wis dianteni anang lan adone.

Sun tinggal panggon iwuhe Kang Urik, iluh temetes kegawa angin. Isun mula kudu ngelilakena, merga sing ana alasan dinggo lara ati, Kang Urik sing salah paran-paran, wong tuweke ya sing salah pisan. Kabeh iki mula salahisun, keranta-ranta hang sun rasakaken ya merga polahisun dhewek. 

***

Wis seminggu iki isun sing metu umah, magih kerasa keranta-rantane ati merga ditinggal Kang Urik melaku sulung. Naming ya kudu lila, kabeh merga salahisun dhewek. Getun ya mula mung bisa getun, saiki atinisun kerasa cumpleng.

Isun melaku nyang kampus, ndane arep ngusapi iluh terus? Nawi tah ring kampus bisa rada keselimur kadhung kecaruk ambi kanca-kanca kuliyah.

“Riaaa!” abane Naning mberaki isun. “Kari sing ana abane yak! Nang endi bain tah wis ndane yuh?” nyerecet unine Naning kaya biyasahe.

“Ana ning umah, turu makene lemu.” Semaurisun sak mecothote.

“Byek, empeten wih lemonisun kek.. Sun sumbang wih, gratis..” saure Naning hang mula larene rada subur.

Isun mung munyik ambi ngguthit bangkekane hang sing ana jelekungane.

“Eh Ri, seminggu kepungkur rame lalare ngomongaken kedadeyan penganten hang sampek umur ring kuwadhe. Rika sing rungu tah? Lare wadon iku arane Anik, bengen tau sekolah SMP ring kene, aju pindhah tepak lulus SMP miloni tugase bapake ring kutha liya. Saiki bapake buru pangsiun lan manggon balik ring kutha iki. Cumpu larene dilamar ambi kancane bapake bengen hang aran Urik. Mula kaya dijodhohaken digu, taping padha geleme. Seminggu kepungkur resepsi kawinane, eh.. tepak resepsi durung pungkas, mara-mara Anik iku gemiblag ring kuwadhe. Jare mula larene duwe penyakit jantung gawan sakat bayi. Sakkal larene digawa nyang rumah sakit magih lengkap nganggo kelambi penganten, tapi sing ketulung, umure pungkas ring dina hang paling nggarai atine bungah. Saiki penganten lanang dadi pudhot masiya durung sampek ngerasakaken umah-umah." Isun wis hing rungu maning paran ceritane Naning seteruse, matanisun mbelereng,  pikiranisun saya cumpleng.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf