Anggitane: Hasan Sentot
(Minggu, 26 Juli 2020 06:13 WIB)
Cupar
Langit ring ndhuwure umah katon peteng, masiya wis melebu wayah isuk. Kudune serngenge wis metu semunar madhangi donya, taping dina iki kaya ketinggul mega. Udan suwengi kaya magih ninggal hawa adhem, lemah ring latar magih katon ngecembeng banyu. Belethok cipratane wong sepidhahan, semburat ring suket-suket pinggir dalan.
Kang Jumari katon meneng ring bale umahe, ambi ngadhep kopi sak lumur hang ulihe nggawe dhewek. Udhut hang disedhot, wis ganti pirang lencer. Nyambung lan nyambung maning kaya nana putuse, sedhot lan kebul weleke udhut kaya wis ngebeki bale umahe. Watuk-watuk cilik, kadhang ngimbangi menenge Kang Jumari. Ambi penyawange mengarep kaya mata walangen, abete ana masalah abot hang disangga.
“Gage melaku megawe roh Kang, sakat isuk mejugrug nang bale iku nganu paran? Mumpung udane wis terang, engko selak udan maning aju sing melebu megawe”, jare aloke Sunariyah nang hang lanang teka pawon.
Kang Jumari api-api sing rungu nang omongane hang wadon, ambi terus ngumbar angen-angene. Matane kaya ana hang diterawang, taping nana omongan hang kewetu teka lambene. Celathune hang wadhon wayah iyane mulih bengi magih durung ilang, mangkane Kang Jumari katon mamang kadhung terus melaku megawe. Niyate megawe mung siji, golet bandha kanggo nyukupi sedina-dinane. Naming niat iku kadhung terus dicurigai, Kang Jumari suwi-suwi ya sing kuwat nahan. Arep muring utawa ngimbangi nyerocote rabine, Kang Jumari magih duwe tata krama. Ana anak loro hang magih cilik, aja sampek weruh lan rungu masalah rumah tanggane.
“Kadhung rika wis sing dhemen nang Isun lan kadhung Rika wis nemu wong liya hang bisa dadi emake lare-lare, gage Isun eterna nang wong tuwek Kang. Timbang urip kapiloro, merga Rika wis wani ngeliya. Isun ya ngerumangsani, kalah adoh ambi wong wadon hang saiki Rika dhemeni”, gedigu celathune hang wadon sedina sak durunge. Wayah Kang Jumari mulih bengi, merga diejak nang luar kota ambi juragane.
Kang Jumari isin, weruh rabine cupar nyang juragan wadon hang kerep ngejak nyang luar kota wong loro. Jumari ya ngerti, dudu tandhinge juragan wadon wong sugih lan magih duwe wong lanang sah pisan. Bengi iku Kang Jumari kepeksa ngeladeni cupare hang wadon, merga isin kadhung sampek rungu wong kampung. Paran maning sampek rungu keluwargane juragane hang magih tangga desa, bisa-bisa malah dilereni megawene. Aju megawe paran maning ring desa iki, merga bisane Kang Jumari mung nyupir. Pegaweyan iki wis dilakoni puluhan taun, sakat Kang Jumari mboro nang Surabaya.
“Gage berangkata megawe. Aja metenggengen bain. Anake butuh picis, dienggo mbayar sekolah. Paran maning kakange arep melebu SMP, iku butuh picis akeh. Kadhung apake menjegrek thok, kapan ulih picis”, jare Bik Sunariyah hang ngelurug nang bale umahe.
“Isun iki sak repotan. Rika ngurak-ngurak gage megawe, padahal Rika ya nyuparaken nang juragan wadon. Dina iki, Isun arep dijak nang luar kota maning. Engko malah dadi pitenah”, jare Kang Jumari hang kepeksa ngomong.
“Kadhung pancen Rika sing ngelakoni, enggo paran bingung. Isun iku ulih cerita teka wong hang tau megawe nang juraganrika. Kelendi kelakoane juragan rika wadon. Isun cupar iku duduk polane paran, taping ngeman umah-umah hang umure wis lebih teka 15 taun iki Kang”, jare Sunariyah ambi anter ngomonge lan mberabak abang raine.
Tukar wong laki-rabi mau saya suwe saya anter, sampek sing rungu kadhung ana dhayoh hang uluk salam
“Assalamu’alaikum...” jare dhayoh lanang mau hang mbaleni uluk salam wis ping telune.
“Oh... waalikumsalam... monggo kendel Pak. Kalih sinten kok injing-injing empun dugi meriki”, jare Kang Jumari gupuh. Merga dhayoh mau sing liya ya juragane lanang. Wong tangga desa hang kesuwur sugihe lan apikan pisan nang tangga teparone.
“Isun merena ambi Ibukira Ri. Marek iki nyusul merene, magih nang montor lan parkir ring njaba”, jare Pak Aji Kasrun.
Umahe Kang Jumari pancen rada melebu teka dalan gede, montor roda papat sing bisa melebu. Mangkane kadhung ana dhayoh hang nggawa montor roda papat, aju parkir ring njaba pinggir dalan gedhe utawa dinunutaken nang latar tanggane hang jembar lan kosong.
“Kula niki empun ajenge mangkat nggih Pak. Sangking ngenteni terang jawahe”, jare Kang Jumari nguweni dalih nang juragane.
“Sing paran-paran Ri, mangkane Isun ambi ibukira nyulungaken merene. Karepe ibukira mane dadi jelas sulung aju terus megawe maning. Endi rabinira mau, celuken merene”, gedigu penjaluke juragan lanang.
“Bek, enten napa nggih Pak? Dik, mereneya iku diceluk Bapak marek iku Ibu ya merene”, ujare Jumari nang hang wadon hang melayu nyang pawon serta ana Pak Aji Kasrun mau. Sak durunge Sunariyah mara, Bu Kasrun ya gage teka aju milu bareng ngomong.
Serta kabeh wis kumpul, Jumari, Sunariyah, Pak Kasrun lan Ibu Kasrun. Aju dijelasaken kabeh karepe wong sugih mau teka nang pegawene. Jare Pak Kasrun, iyane wis rungu kadhung Sunariyah rabine Jumari cupar nang Bu Kasrun, merga kerep diajak metu nyupiri nang luar kota. Malah kadang nginep sampek pirang-pirang dina. Kabeh mau wis ulih idin teka Aji Kasrun, mergane iyane sing pati sehat sing bisa nyupiri hang wadon ngurusi usahane.
“Sunariyah, Sira iku wis kebakar omongane Sarpan hang magih ponakane Ibu dhewek. Lare iku tau milu Isun pirang-pirang taun, tapi kelakoane sing jujur malah kerep ngutil barange ibu. Merga diilingaken magih wutuh, aju dilereni ring Ibuira. Pantese lara ati, mangkane aju nyebar pitenah. Ngomong nang endi-endi, kadhung Bu Kasrun jare gendhakan ambi supire aran Jumari. Desa sing patiya wera, mangkane isun lan ibukira gelis rungu kabarira hang sampek tokar rame. Iki mau karepe kanggo muntu kabar iku, mane sing nyebar nang endi-endi”, jare Pak Kasrun ambi katon wibawane.
Rungu omongane Aji Kasrun, Sunariyah aju nangis nggeruguh. Sak bisane ambi njaluk sepura nang Aji Kasrun lan hang wadon. Ambi meluk lan ngambungi tangane Bu Kasrun, Sariyah sing mandeg-mandeg ngutahaken getune. “Sepuntene hang kathang nggih. Kula niki tiyang budhuh, gampang percaya omongane tiyang. Sepindhah malih, sepuntene hang kathah nggih Bu”, jare Bik Sariyah mbesesegen.
“Wis, cukup. Hang penting Sira kudu njaluk sepura nang lakinira, merga niat apike golet pangan malah Sira curigai hang sing-sing. Kadhung Sira wis nyadhari, aja ndawa lakon gage njaluk sepura nang Jumari. Marek iku aju sun ajak nang Lumajang, ngeteraken Ibu taping tulak soren balik” jare Bu Kasrun.
“Nggih Bu, mboten napa-napa”, jare Sunariyah katon padhang ulate lan lila paran hang diomongaken.
Sunariyah aju meluk nang hang lanang, njaluk sepura ambi terus mbesesegen. Jumari masiya katon sagah, awake gedhe dhuwur, milu mberebes mili weruh hang wadon njaluk sepura. Pak Aji Kasrun ambi hang wadon, mung bisa nyawang lan ambi mesem. Kaya wis plong atine, serta kabeh wis jelas.
Mendhung hang nutupe langit, sithik-sithik mulai kebeliyak. Serngenge hang sakat isuk mau ketinggulan mega, saiki mulai nyebaraken panas ring bumi. Godhong-godhong hang magih kepus, kaya padha mulai jelalatan mapag tekane dina iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber :
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)