Dara, Teka Desa Sampek Dadi Jebeng Favorit 2007
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 18 Desember 2025 06:58 WIB)
- Tokoh
Dara, Teka Desa Sampek Dadi Jebeng Favorit 2007
Tepak digelar puncak acara pilihan Jebeng Thulik Banyuwangi (JT) 2025 dina Senin (15/12) sore, panitiya nekakaken Jebeng Thulik Awet Enom. Yaiku JT pirangane angkatan sakat era 1970-an sampek seperene.
Para JT Awet Enom iku mameraken penganggo batik Banyuwangi hang mewah lan elegan gawenane Isyam Syamsi.
Salah siji hang milu ring acara iku ana Dara Iklima Pratikta hang tau dadi Jebeng Favorit 2007, anake wong tani, Kang Erwin lan Mbok Wiwik, teka desa Kemiri, Kedhung Liwung.
Anak tengah teka telu seduluran iki emboke arane Ajeng Nandasari Pratikta lan adhike Fido Jendra Pratikta.
Sakat duwe perestasi ring gelaran JT, iyane tau jadi modhel vidio klip Catur Arum ambi Candra Banyu.
Iyane uga tau diejak main FTV "Lari Dari Kawin Lari" lan "Matahari Timur Banyuwangi." Setemene ceritane arep njunjung donya wisata lan budaya Banyuwangi. Naming cumpune pileme iku gagal tayang ring TV embuh jare ana cidera janji ring suteradharane.
Sekolahe bengen ring SD Gendoh, sedheng seteruse ring SMPN1 lan SMAN 1 Genteng.
Ring taun-taun sakmareke milu JT, Dara magih bisa ulih penghargaan liyane kayata Putri Lingkungan Hijau Banyuwangi 2008, Kartini Looks Banyuwangi 2008, Juwara 1 Foto Jawa Pos Radar Banyuwangi 2011, Juwara 1 Foto "I Love Banyuwangi" Jawa Pos Radar Banyuwangi 2013.
Mbok Jebeng Dara saikine wis umah-umah ulih wong Gendoh pengusaha penggilingan padi Mega Tani hang aran Kang Ardian. Wis diwani anak wadon loro. Ambi momong anak, Jebeng Dara iki duwe usaha tokok dhewek hang arane Karya Que.
Mula bener panitiya Jebeng Thulik taun iki ngelebokaken aran Dara ring gelaran Jebeng Thulik Awet Enom. Masiya anake wis loro, Dara magih njaga tampilan awake, magih langsing, kulitane rijig, kuning, geromyoh lan akeh unyike.
Muga bain bisa dadi tuladha kanggo jebeng enom-enoman liyane makene tetep semangat ngelakoni dalan uripe dhewek-dhewek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.