Desa Bareng, Desa Luhur Para Leluhur
Moch nur rofiq (dipublikasikan pada Selasa, 13 April 2021 08:05 WIB)
- Opini
Bareng iki desa tuwek lan dadi wilayah penting tepak ketajaan Belambangan ngadeg ring kawitan abad 16 sampek anane perang semesta ring abad 17.
Aran Bareng dhewek asale teka basa Sansekerta hang artine canang utawa wadhah kanggo sesajen. Dene punjere desa Bareng jare sesepuh lan kerawat adat yaiku Nerang, hang arupa panggonan kanggo njaluk dalan terang nyang Pengeran Hang Maha Tunggal.
Bangete ana perang semesta, perang entek-entekan Belambangan/perang Puputan Bayu/perang Ambroto Yudo, desa Bareng milu nduwe andil lan dipimpin ring lurah hang aran Ki Kuda Kedapan. Lan ring perang iku komando dipimpin langsung ambi Mas Pakis utawa Rempeg Jagapati. Perang iku pisan hang ngentekaken bandha lan nyawa gedhe-gedhean ring kabeh pihak. VOC Landa malah ngerasa hing ndayani ngelawan laskar Belambangan sampek nyeluk pasukan dhukungan teka Surabaya, Medura hang dipimpin anteke hang aran Senapati Alap-Alap, malah Landa uga nekakaken pasukan elit Landa De Dragonders teka Semarang.
Masiya ring pungkasane Belambangan kelangan pemimpine yaiku Rempeg Jagapati, taping Alap-Alap ya mati keneng tumbak biring lanange Rempeg.
Sak mareke ditinggal mati Rempeg, kahanan saya medeni merga ana genosida nong endi-endi. Wong Belambangan ditumpas kelor, sampek sisa-sisa perajurite akeh hang mbelayu melebu alas. Akeh pasukan hang mati, kelebu Ki Sudun utawa Mbah Utun, hang sampek umur ring Gumuk Jati patek Bareng. Ki Kuda Kedapan uga nemoni pesthine ring sak ubengane Gumuk Tanjung parek desa Bareng pisan. Akeh laskar Belambangan hang dikubur ring Bareng, buktine akeh makam tuwek ring sekitar desa Bareng. Dene Ki Rempeg Jagapati dikubur ring desa Bunder, elore desa Bareng.
Akehe sejarah lan makam tuwek ring sak ubengane Bareng iki nduduhaken gok desa Bareng iki minangka desa luhur para leluhur hang nduwe andil gedhe ring perjuwangan rakyat Belambangan ngelawan penjajah VOC lan antek-anteke.
Sampek ring abad 19, persise taun 1905, gelar Abhiseka magih dienggo ring kepala desa Bareng, kayata Mbah Munir hang nduwe gelar Secosari, Mbah Iyik hang nduwe gelar Puthuksari, Mbah Zatimah madeg taun 1920 nduwe gelar Buhani, Mbah Marwi nduwe gelar Besar, Mbah Suripah madeg taun 1930 nduwe gelar Trunojoyo, lan seteruse.
Kahanan iki nduduhaken gok desa Bareng tetep mituhu lan ngeregani leluhure hang wis bengen-bengen lan adat istiadate uga tinggalane terus dijaga. Muga-muga ana wigati teka pemerintah lan milu diuri-uri peninggalane makene desa Bareng saya kawentar hususe ring masarakat Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Babad Bayu, profil desa Bareng pemdes
Editor: Hani Z. Noor