Devi Fitriyani, Sindhen Using Banyuwangi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 03 Juli 2020 07:48 WIB)
- Tokoh
Pancen sing gampang golet sindhen Using hang temenan bisa deles usingane kaya Mbok Devi iki. Sing mung eluk lan cengkoke nyang gendhing Using naming uga basa usinge hang pandhes deles. Sing luput kadhung sindhen hang kelebu sinden nom-noman Banyuwangi iki tetep ajeg jejeg ana ring gendhingan Using Banyuwangi. Devi hang lair ring Desa Mangir Rogojampi, 4 Maret 1995 iki nduwe tekad njaga basa Using sampek kapan bain lan ana ring endi bain.
Sakat cilik Mbok Devi wis ajar gendhing-gendhing gandrung Banyuwangi. Kaset lan CDne Gandrung Temu, Gandrung Tatik, Gandrung Pon, Gandrung Dartik, Gandrung Muda’iyah lan gandrung sapa bain mesthi dadi koleksine. Kadhung bengen wayah mangkat turu Mbok Devi rengeng-rengeng sulung ambi ngerungokaken kasete hang disetel nong kamare. Eluk lan cengkok gandrung saktemene ya sing gampang anggone ditirokaken, naming Devi cilik hang magih sekolah kelas papat ring SDN 1 Mangir iki bengen sing gampang leren lan sing gampang mutung anggone ajar lan sinau cengkok lan eluke suwara gandrung.
Saikine, anak wadone Man Suyono lan Bik Sudarsih iki wis bisa gadug kutha endi-endi bain lan uga wis bisa menyang negara manca merga bisane nyindhen Banyuwangian. Iyane uga bisa golet sandhang pangan teka adol suwarane hang renyah lan alus iku. Sing salah kadhung Devi hang magih putune tukang bahola Banyuwangi Kik Timbul iki bisa diarani sindhen Banyuwangi ring dina ngarep. Getih-turune Kik Timbul nyatane wis diturunaken nyang Mbok Devi teka anange.
Laikan suarane Mbok Devi saiki wis mesthi ana ring saban-saban acara Festival Banyuwangi, umpamane kaya ring Festival Kuwung, Festival Karya Tari, Festival Angklung, Festival Patrol, Festival BEC lan festival-festival liyane. Sakliyane iku rekaman CD-CD tari lan gendhing hang ana ring Banyuwangi sing luput uga diisi ambi suwarane sindhen iki.
Kepingin weruh sapa saktemene lan kelendi sakjane Mbok Devi ajar lan sinau gendhing Using? Reporter belambangan.com nemoni Mbok Devi ana ring umahe Dusun Krajan Desa Mangir Rogojampi Banyuwangi.
Assalamualaikum Mbok Devi…Milu bungah atinisun merga rika bisa nerusaken anane sindhen ana ring Banyuwangi iki. Mergane sing gampang bisa ngelakoni dadi sindhen ana ring Banyuwangi, kelendi rasane atinrika bisa dadi wong hang bisa nerusaken tradhisi sindhen using Banyuwangi iki?
Walaikum salam Kang… Isun ya sing ngira lan sing nyana kadhung bakal bisa nggendhing lan nyuwara kaya saiki iki. Muga-muga bain Isun bisa ajeg lan istiqomah anggone urip lan nguripi seni tradhisi Banyuwangi iki.
Sakat kapan Mbok ajar nyindhen lan nembang Using Banyuwangi iku?
Sakat cilik Isun wis ajar. Bengen magih kelas 2 SD wis ajar-ajar nembang. Kawitane mung rengeng-rengeng dhewek ana ring kamar. Sakteruse serta wis kelas 4 Isun dikongkon nembang ring pentas-pentas sekolah SD (ambi sing lali munyik merga iling jaman bengene).
Kadhung sun rungok-rungokaken sing sithik penghargaanrika ring babakan tarik suwara iki Mbok?
Bener iku Kang… Antarane Penyaji Terbaik Lomba Musik Tradisi di Kota Tua Djakarta, Penyaji Unggulan Festival Musik Bambu Finale Penyaji terbaik Unggulan IGF (International Gamelan Festival) ring Solo, Penyaji Terbaik dan Penyaji Unggulan pada Festival Karya Tari Nusantara Jawa Timur lan liyan-liyane sampek lali isun (ambi sing lali munyik maning)
Byek…Seru akeh ya Mbok? Bisa lancar nyindhen bengene ajar nyang sapa bain Mbok?
Iya. Mesthine bengen ajar-ajar dhewek nirokaken gandrung nembang mari gediku aju dibecikaken kadhung ana salahe ring anang isun ( red: anange Kik Timbul )
Nggumun isun weruh rika sing ana lerene tanggapan, kelendi anggone rika ngedum waktu ambi keluwarga iku?
Alhamdulillah magih bisa ngatur, hang penting lakinisun iki wis nerima nyang isun hang urip ring kesenian. Merana-merene magih gelem ngeteraken kadhung tanggapan (munyik ambi ngelirik nyang lakine hang aran Dedy Kurniawan) .
Jempol temenan rika bisa ngerumat kesenian lan bisa njaga urip umah-umah rukun sing benteng-ceweng. Kang pungkasan Mbok,..Paran hang durung rika gayuh ring angen-angen rika?
Sakjane magih akeh hang kepingin sun gayuh. Naming hang paling sun angen-angen mesthine bisa nyenengaken wong tuwek loro iku. Durung kelaksan bisa nggawe seneng atine wong tuwek.
Muga bain ya Mbok…Bisa kelaksan hang Rika angen-angeni…Terima ya.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.