Dhawet Bung Teka Pathi Sagu, Anjrah Sakat Jaman Perjuangan
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 15 Januari 2020 10:30 WIB)
- Kuliner
Arane Warung Dhawet ring Perapatan Lateng, Rogojampi sak temene "Goyang Lidah". Naming wong-wong akeh weruhe "Dhawet Bung", merga angger ana wong tuku, embuh lanang utawa wadon, kabeh diceluk Bung ambi hang dodol. Warung Dhawet hang ngadeg sakat taun 1958, saiki wis melebu generasi kaping loro.
"Isun nerusakaken dodolane almarhum Apak, sakat jaman perjuangan wis dodol dhawet ring panggonan kene nganggo pikulan. Aju Apak ninggal, Isun edegagen warung masiya paran anane, cilik pisan sampek upek-upekan kadhung ana pelanggan teka rombongan", gedigu ujare Man Surya, warga asli Gladag, Rogojampi hang nerusakan Apake sakat tahun 1970-an.
Warung Dhawet "Goyang Lidah" utawa Dhawet Bung iki, sing pati katon mencorong teka lurung antarane Rogojampi-Mangir. Manggon nduwure lemah duwene PT. KAI pecake dalan sepur jurusan Rogojampi-Benculuk hang mati, Mas Surya warunge magih gedigu-gedigu bain. "Ya gedigi iki wis Bung sakat bengen, mane katon aseli lan pelanggan jaman bengen sing tau ana hang lali. Pancen kadhung pelanggan anyar, magih bingung nggoleti. Jaman saiki, wis bisa digoleti liwat "google-map", jare Man Surya ambi rada engkres.
Awete Man Surya dodolan dhawet lan magih akeh pelanggane, mergane iyane nganggo bahan-bahan aseli sonder nganggo campuran. Dhawete teka pathi sagu, gulane aseli sing nganggo sari manis. Kabeh mau kaya hang dilakoni jaman apake bengen hang aran Man Saperik. "Kadhung tape sawi, tape ketan lan roti, iki titipan Bung. Kanggo njangkepi dhawet biyasahe kudu ana panganan iku mau. Monggo Bung, dhawete Bung. Monggo setelane Bung, tape lan rotine", gedigu Man Surya kadhung ngedoli dhawet lan nawakaken nyang pelanggane.
Celukan "Bung" nyang pelanggane mau, dudu merga ketepakan lan pilihan asal-asalan. Jare Man Surya, iku pancen direncanakaken ambi Man Saperik, ruwahe apake hang simpatisan Partai Nasional Indonesia (PNI) jaman Presiden Soekarno. "Wayah sakmono ana Kongres PNI ring Jakarta, apak milu teka nunggang sepur. Nah ring sepur iku, apak ngerti wong-wong PNI kadhung nyeluk kancane ambi celukan "Bung". Malah bakul asongan, uga nyeluk "Bung". Marek iku, Apak aju nggawe celukan iku kanggo dodolan dhawet ring kene. Seperena celukan iku sun jaga", gedigu jare Man Surya hang dianggep ewer ambi pelanggane.
Kadhung ditakoni entek pirang kilo pathi lan pira pengasilane, Man Surya sing gelem terus terang. Gambarane, kadhung usum panas kaya sabene pelanggane teka sing pedhot-pedhot. Wayah usum udan kaya saiki, rada suda tapi magih ana bain. "Sabene wayah usum panas, aran bokong sampek keju sing kober lungguh. Ya kelendi arep lungguh, buru mulih pelanggan siji wis teka pelanggan maning. Malah akeh hang antri, merga panggone supek Bung", tambahe Man Surya.
Masiya wis akeh omben-omben hang meh padha ambi dhawet lan hang disenengi lare-lare enom, Man Surya sing kuwatir arep nggeser anane dhawet minangka omben-omben tradhisional. Iyane ya durung mikir nang dodolan online, merga iyane magih gugup nyang bab teknologi informasi. "Rejeki wis ana hang ngatur. Pokok awak dhewek megawe ihlas lan sing kemerusung, Insyaallah ulih ketiban rejeki teka hang nggawe urip. Yara gedigu tah Bung?!", pungkase Man Surya ambi ngakak.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.