Dhendheng Ragi

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 13 Maret 2021 06:29 WIB)
- Kuliner



Dhendheng Ragi olahan has Jawa Timur hang uga dikenal ring Banyuwangi.
Biyasahe ring warung hang dodol sega rawon, kadhang warung sega pecel ana hang nyedhiyani Dhendheng Ragi iki.
Kelendi olahe?
Dina iki nak nyobak ngedum resep lan carane.

Bahan hang dibutuhaken:
1/4 kilo daging lulur hang sing ana lemone
Kelapa rada enom hang diparut dawa, siji wungkul kadhung sing sepira gedhi, utawa setengah kadhung ukuran kelapane gedhi

Ragine:
Bawang abang telung bungkul
Bawang putih pitung siyung
Asem mateng dibuwang wijine sak sendhok teh
Ketumbar sak sendhok mangan
Jinten setengah sendhok mangan
Kunir rong jenthikan
Kencur sak jempolan
Godhong jeruk purut limang lembar
Lobok gedhi telu sampek limang iji hang wis dibuwang wijine
Kadhung dhemen rada pedhes bisa ditambahi lobok litik 
Gula abang telung iris
Gula pasir sak sendhok teh
Uyah secukupe
Gelepung kanji telung sendhok mangan

Carane:
Daging hang wis diumbah rijig aju diirisi tipis-tipis sisihaken.
Kabeh ragine digerus sampek alus.
Ragi hang wis alus aju diuled ring kelapa hang wis diparut dawa mauka.
Tilikana rasane, paran kurange tambahana, kadhung dirasa wis tepak rasane aju tambahana gelepung kanji lan diuled maning sampek rata.
Juwuten sak kepel ragi kelapa ring delamakan, penyet-penyeten sampek gepeng aju delehen irisan daging ring ndhuwure persis nong tengahe. Tutupen ndhuwure daging nganggo adonan kelapa maning aju dikepel makene daginge sing katon ring njerone adonan kelapa.
Kepelana kabeh sampek daging lan adonane entek.
Geningaken sulung suwene 30 menit makene ngeresep lan sing gampang kepyur kadhung digoreng. 
Siyapaken lenga keletik ring wajan, aja lali nguripi genine. Kadhung wis panas, cilikena sithik genine sampek ukuran sedhengan aju lebokena kepelan daging ragi kelapa mauka.
Kadhung wis katon rada soklat ngingsore buru waliken. Aja kakehan diwolak-walik makene sing semembur kabeh kelapane. Kadhung wis soklat wolak-walik angkaten lan dietus ring saringan utawa lemek kertas sawi sampek lengane atus temenan. 
Dhendheng ragi wis siyap, olahan iki kadhung nggorenge tepak bisa awet sampek rong dina.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf