Didik Bangun Marsekal Pertama Teka Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 10 Juni 2022 04:31 WIB)
- Tokoh



Banyuwangi ambi Angkatan Udara setemene duwe hubungan husus. Mergane Kepala Staf Angkatan Udara hang kawitan teka 1946-1962 yaiku Marsekal TNI (Purb.) Soerjadi Soerjadarma iku kelairan Banyuwangi tanggal 6 Desember 1912. Iyane sakat tanggal 1 September 1945 marek Indonesia merdheka mula dikongkon Presiden Soekarno ngedegaken Angkatan Udara Republik Indonesia (AURI).
   Saiki posisi marsekal iku diterusaken ambi lare Banyuwangi hang aran Didik Bangun Rahardjo, S. Sos. Pangkate saiki Marsekal Pertama (Marsma). Marsekal siji-sijine hang magih aktip teka Banyuwangi ya iyane iku wis. Masiya kelairan Bojonegoro tanggal 16 Mei 1966 taping sakat umur wolung taun iyane wis manggon ring Jalan Riau Lateng Banyuwangi parek SD Lateng. Ruwahe bapake yaiku R. Soedjarno bengen tau dines ring Bondowoso rong taun aju dines ring pemkab Banyuwangi taun 1973. Kawitane manggon ring perumahan Pemda hang ana ring Penataban mung setaun aju pindhah nong Lateng. Tepak nong Lateng iki gaweyane memengan kaya lalare cilik tangga-tanggane, main tembung nong latare SD Lateng hang mung selat gang teka umahe, menganan adang-adangan nggawe kopat nong latar mburi umahe, mancing nong Boom, golet garek nong celot-celotan sampek keneng tipes lan liya-liyane. Teka Lateng aju pindhah nong Cungking taun 1979 hang saiki dadi hotel Ihtiar Surya. Saiki umah keluwargane ana ring desa Sukorojo Gg. 3 No. 9 Banjarsari Glagah.
   Didik lulus sekolah teka SD Tegalloji 1 (saiki SD Kepatihan) taun 1977, aju nerusaken nong SMPN 4 (saiki SMPN 1 Giri) lulus taun 1981 lan ngelanjutaken nong SMPP (saiki SMA 1 Giri) lulus taun 1984. Marek teka SMPP iyane melebu Akademi Angkatan Udara lulus taun 1988 kelawan pangkat Letnan Dua.
   Riwayat penugasane tau milu ring Satgas Timor Timur, Irian Jaya (Papua) lan Perancis. Marek pirangane tugas jabatan lan ulih 11 Tanda Jasa kelebu 9 satya lencana, Bintang Swa Bhuana Narariya lan Bintang Yudha Dharma,  iyane saiki madeg dadi Inspektur Komando Pemeliharaan Materiil Angkatan Udara (Koharmatau) ring Bandung.
   Merga umahe wong tuweke ring Banyuwangi, saben taun bapake anak telu iki mesthi mulih masiya saiki wong tuweke wis ninggal donya kabeh.
"Paling using ya mulih ngetan tepak lebaran Idul Fitri," jare kang Didik hang dhemen seru nang endahe alam ring Banyuwangi.  "Hing bisa lali arane gunung lan pesisir ring Banyuwangi. Lan uga hing bisa lali kenangan main selodor, main jek-jekan lan munggah gunung Ijen bareng kanca-kanca sekolah."
   Hing maido saiki dhemenane ya magih sak ubengane iku, kadhung hing main golf iyane milih mancing nong segara.
   Hang iyane dhemen ring Banyuwangi merga saiki kuthane tambah endah lan rijig.
   "Banyuwangi saya suwi saya apik. Muga-muga mengarepe saya akeh lare Banyuwangi hang melebu Angkatan Udara."


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor