Dino Nggawa Turis Jepang nyang Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 06 November 2020 07:00 WIB)
- Tokoh



Kadhung rong taun kepungkur rika kecaruk rombongan turis Jepang ring festipal Gandrung Sewu, bisa dipastekaken iku rombongan wong Jepang hang dikirim Mochlis Handy Kurniawan lare Banyuwangi hang saiki wis dadi penduduk ring Tokyo Jepang.
Lare kelairan Kampung Kukusan taun 1971 iki mula megawe ring perusahaan travel Feel Japan With K hang diduweni petinggi partai LDP ring negara Serngenge Meledhung kana.
Hing mung ngirim turis lan investor nang negarane, iyane uga kerep ngancani tamu-tamu hang teka Banyuwangi, kelebu Bupati Anas, kadhung tepak ngelencer nong Jepang.
Bengene wong hang kerep diceluk Dino iki lulus sekolah SMA Giri (umahe wong tuweke ring mburine kantor PUD Sukaraja ngarepe SMA Giri kono) kepingine melebu Sekolah Tinggi Administrasi Negara (STAN) ring Jakarta. Cumpu marek ngelakoni tes, iyane hing diterima. Hing gelem kalah ambi nasib lan merga iyane nduwe dulur ring Inggris lan Landa, iyane milih ngelanjutaken kuliah nang Inggris, ring South Thames College, London.
Ring kono iyane ketemu lare wadon teka Jepang, aju sir-siran sampek digawa nang negarane sir-sirane mau, sampek dadi laki rabi. Marek kawin, Dino melebu sekolah basa Jepang setaun setengah kanggo nguwasani basane rabine. Marek iku megawe ring pabrik montor Daihatsu suwene 11 taun. Iyane kecaruk akeh lare Indonesia hang milu dilatih ring pabrik kono.
Tepak jamane Megawati dadi presiden, ana aturan Indonesia bisa nerima trek rekondisi, trek lawas hang didandani maning, aju iyane milu nulungi ekspor trek nang Indonesia. Asile lumayan, kadhung sak trek iyane ulih limang juta, sak ulan bisa ekspor 50 trek iyane bisa ngethem 250 juta. Taping aturan iku diendhegaken. Aju iyane ngelamar nong perusahaan travel mau lan megawe seperene.
Taping merga pageblug iki Jepang ya milu keranta-ranta. Wong kelenceran hing ulih melebu kana kejaba wong bisnis, dadi perusahaane ya rada kesandhet.
"Paran maning Olimpiade Tokyo magih durung karuwan kelendi pacane, lanjut tah wurung durung weruh," jare Dino hang nduwe anak wadon loro aran Amina lan Rizka iki.
Karo-karone anake miloni wong tuweke kuliah nong Inggris. Amina lulus teka Southampton University lan adhike, Rizka, teka Gloucestershire University.
Minangka lare Using, Dino ya nduwe kawigaten gedhi nang donya kelenceran ring Banyuwangi.
"Wong Jepang hang nong Banyuwangi iku mung loro tujuwane: blue fire ambi kadhung ana kegiatan husus (event). Sak liyane iku, paran hang ana ring Banyuwangi bisa ditemoni ring Bali," jare Dino.
Hing maido, turis Jepang hing bisa pati suwi nong Banyuwangi. "Paling rong dina sewengi," jare Dino. "Kadhung kepingin wong Jepang nginep tambah suwi ya kudu digawekaken program hang cocok," tambah Dino.
Hang dadi kekarepane, kelendi nekakaken pekerja teka Banyuwangi saben taun. Kebeneran perusahaane nduwe pisan pabrik kentang goreng hang aran Koikeya hang akeh pekerjane teka China lan Vietnam. Pekerja Vietnam akeh hang ngelanggar kontrak, dadi iyane wis ngomong nong atasane kanggo ngelebokaken pekerja teka Indonesia.
"Wis ana omongan, kene bisa nerima 20 karyawan teka Indonesia. Arep hun usahakaken lima teka Banyuwangi," jare Dino. Kapanane iyane wis kecaruk pak Kawaguci hang duwe Lembaga Pelatihan dan Kursus basa Jepang ring Banyuwangi, emane kursuse wis tutup saiki merga pageblug.
Dino bengene emeh saben taun mulih nang tanah kelairane. "Isun hing duwe kampung halaman. Mertuwa asale teka kutha gedhi Tokyo. Dadi lalare kadhung mulih kampung ya nong Banyuwangi."
Masiya anak-anake mung bisa basa Indonesia alak atung, taping gendhing hang didhemeni gendhing "Usum Layangan" hang dinyanyekaken Catur Arum.
"Malah bengen anakisun tau kejimen tepak ndeleng jaranan, ana ring pideo, ketang ngadeg nong ngarep dhewek," jare Dino.
Kekarepane kumpul-kumpul ambi wong Banyuwangi seru gedhine. Dino salah siji hang makili Ikawangi Tokyo ring kumpulan Ikawangi sak donya. Taping yaiku mau, wong-wong Banyuwangi hing gampang anggone nggolet wektu kanggo kumpul-kumpul.
"Lare Banyuwangi akeh hang nyekel restoran Indonesia nong kene. Ana Cafe Bintang hang nyekel Wulan lare Kalibaru. Aju ana resto Bagus hang nyekel Mul lare Genteng," jare Dino. Paran maning merga pageblug saya adoh nong impene kanggo ngelumpukaken wong-wong sak Tanah Kelairan.


Poto: Dino ambi anake Amina lan Rizka

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor